WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Geguritan iku kalebu...
Karangan anyar
Purwakanthi
Puisi jawa modern
Sastra
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Prajurit sejati kumandhanging swara ati
anuntut sira wani mati kanggo labuh
nagari kanggo bela ibu pertiwi
Tembung labuh minurut geguritan ing dhuwur ngemu surasa....
Pegawai pemerintah kang gagah
Wektu antarane ketiga lan rendheng
Gawe jasa marang negara
Kegiatan kang ditindakake wong akeh
Bu Rahayu : " Hallo , meniko sinten?"
Ani : " Kulo Ani, bu"
Bu Rahayu : " Ana apa , An?"
Ani : " Kapurih matur , ibu mboten saged tindak arisan amarga gerah waja."
Pacelathon ing dhuwur iku dumadi ing...
Layang
Telepon
Dalan
Kantor
Basa krama iku dinggo pacelathon marang wong kang...
Luwih sepuh lan durung tepung
Wis akrab lan raket kekancanane
Duwe kalungguhan ana pemerintahan
Isih kalebu sedulur cinaket
Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku...
Katulis kanthi wujud dialog (imbal wancana)
Di paragani dening pawongan siji
nggunakake ukara sing ngambraworo
Di paragani dening pawongan loro utawa luwih
Soal No 6 - 8
Wacanen kanthi setiti !
Raden Werkudara
Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.
Nanging watake satriya pinunjul banget. Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane.
Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.
Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.
Sopo panenggake Pandhawa kuwi ?
Raden Janaka
Raden Werkudara
Raden Sadewa
Raden Nakula
Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?
Pancasana
Panah Pasopati
Wesi gligen
Kuku Pancanaka
Ing ngendi kasatriyane Raden Werkudara ?
Mandakara
Pringgondani
Jodhipati
Madukara
Cerita rakyat yaiku ...
Cerita sing asale saka masyarakat
Ngrembaka ing saben daerah
Sing nyritakake asal usul sing ana ing daerah iku
Kabeh bener
Wacanen kanthi satiti !
Kebun teh Jamus papan ing kutho Ngawi. Papan iki kalebu papan wisata unggulan kang bisa dadi jujugane para wisatawan. Saben wayah preian mesti akeh para wisatawan sing padha plesiran ing papan kene. Saliyane hawane adem papan iki nyuguhake sasawangan kang endang nyengsemake ati. Nalika para wisatawan melbu ing papan wisata iki bakal disuguhi wit-witan teh kang ijo royo-royo. ing papan kono uga, ana sawijining sumber lanang lan sumber wadon kang banyune bening tur seger. Mulo ora mokal menawa papan iki dadi aset wisata kang perlu di lestarikake.
Kebun teh Jamus mapan ing kutho ...
Malang
Tulungagung
Ngawi
Madiun
