WorksheetsREMIDI PAS 1 KELAS VI-A_BAHASA JAWA
Total questions: 25
Worksheet time: 11mins
Kumpulaning tetembungan kang ana sajrone ukara kanthi teges kang mligi diarani ....
Unen-unen
sandhangan
pasangan
pepindhan
Si Thukul
Ana bocah kanga ran Si Thukul, senenge sesumbar kasaguhan marang kanca-kancane. Nanging kasaguhan mau ora tau temen, mung waton muni wae. Ing wayah sore Si Thhukul dolan ing alun-alun karo bocah akeh. Ing kono meru kasaguhane maneh, tembunge: “Heh kanca, mengko bengi menyanga omahku, dakwenehi buku wacan siji-siji”. Bareng bengi kanca-kancane teka temenan. Nangiing Si Thukul digoleki ora ana, ndelik ing buri omah. Dheweke sumelang yen ditagih janjine, awit satemene ora duwe buku wacan. Kanca-kancane muring-muring, banjur padha bali karu clathu: "Si Thukul kuwi ora sepisan ki wae olehe ngumbar janjine. Kabeh ora dituhoni. Dhasar bocah kakehan gludhug kurang udan”. Kuwi gambaran kanthi unen-unen tumrap atrape Si Thukul.
Unen-unen kang tinemu ing wacan kasebut yaiku ….
Mengko bengi menyang omahku
Mengko bengi menyang omahku
senenge sok ngumbar kasaguhan, ora dituhoni
kanca muring awak pusing
Si Thukul
Ana bocah kanga ran Si Thukul, senenge sesumbar kasaguhan marang kanca-kancane. Nanging kasaguhan mau ora tau temen, mung waton muni wae. Ing wayah sore Si Thhukul dolan ing alun-alun karo bocah akeh. Ing kono meru kasaguhane maneh, tembunge: “Heh kanca, mengko bengi menyanga omahku, dakwenehi buku wacan siji-siji”. Bareng bengi kanca-kancane teka temenan. Nangiing Si Thukul digoleki ora ana, ndelik ing buri omah. Dheweke sumelang yen ditagih janjine, awit satemene ora duwe buku wacan. Kanca-kancane muring-muring, banjur padha bali karu clathu: "Si Thukul kuwi ora sepisan ki wae olehe ngumbar janjine. Kabeh ora dituhoni. Dhasar bocah kakehan gludhug kurang udan”. Kuwi gambaran kanthi unen-unen tumrap atrape Si Thukul.
Tegese unen-unen kasebut ing wacan kasebut yaiku ….
Cilik atine ora bakal kasil
Tumindake ala nanging diterusake
akeh sesumbar nanging ora nyata dilakoni
anak kang nggandoli wong tuwane
Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen Jawa yaiku ….
Pepindhan, tembung entar, paribasan
Saloka, pepindhan, krama inggil
bebasan, paribasan, saloka
cangkriman, sandangan, bebasan
Tuladha ing ngisor iki kang kalebu paribasan yaiku …
Cebol gayuh lintang
Ancik-ancik pucuking eri
ciri wanci lelai ginawa mati
kebanjiran segara madu
A
B
C
D
Tegese paribasan “Kementhus ora pecus” yaiku ….
Prakara sing kena dirembug bareng malah dadi prakara gedhe
Doyan umuk nanging ora sembada
Kabeh lelakon urip mbutuhake dhuwit
Nglakoni pegawean kang ora ono kasile
Unen-unen kang nduweni teges entar nganggo gegambaran barang utawa kewan kalebu titikane ….
paribasan
pepindhan
saloka
bebasan
Unen-unen kang nduweni teges entar lan nganggo gegambaran kahanan diarani ….
Paribasan
pepindhan
saloka
bebasan
Saloka ing ngisor iki sing bener yaiku ….
Cebol gayuh lintang
Nabok nyilih tangan
esuk dhele sore tempe
anak polah bapa kepradah
Wacanen kanthi setiti!
Jupri duwe kanca jenenge Bima. Saben dina, Bima budal sekolah bareng Jupri. Salah siji dina, Jupri njaluk bonceng Bima amarga sepedane Jupri setire pedhot. Ana ing sekolahan, Jupri arep njaluk tulung Bima, titip tuku buku Basa Jawa ing toko buku. Nanging Jupri ora melu.
Unen-unen kang cocok crita ing dhuwur yaiku ….
Nabok nyilih tangan
Ancik-ancik pucuking eri
Ancik-ancik pucuking eri
diwenehi ati ngrogoh rempela
Sluku-sluku Batok
Sluku-sluku batok
Batoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak Jenthit lolo lo bah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit
Tembang ing ndhuwur kalebu tembang ….
macapat
dolanan
gambus
lagu
Tembung batok kang kasebut ing tembang Sluku-sluku batok tegese ….
Legi
sirah
klopo
ember
Kang kalebu bebasan ing tembang Sluku-sluku Batok yaiku …
Batoke ela elo
Olehe payung motha
Mak Jenthit lolo lo bah
Nek urip goleka dhuwit
Paribasan kelawan bebasan lan saloka nduweni titikan kang dibedakake nganggo ….
Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar
Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge endah
Tembunge ora lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge lugu
Tembunge ora lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge lumrah
Ula marani gepuk tegese ….
Rebutan barang sepele
Wes oleh siji njaluk maneh
njarak marani bebayan
ora gelem rekasa
Nalika gawe paribasan, bebasan, utawa saloka, gunakake tembung kang ….
ngoko
gampang dimangerti
krama inggil
saroja
Bebasan kang nduweni teges “mung melu-melu bae ora ngerti karepe” yaiku ….
Durung ilang puput lempuyange
Adigang, adigung, adiguna
becik ketitik ala ketara
belo melu seton
Anak kang akeh karepe, lelakune gawe susahe wong tuwa lan ora ngerti kahanan kaluwargane, cocok yen nganggo unen-unen ….
Criwis cawis
Eman-eman ora keduman
anak polah bapa kepradah
dudu berase ditempurake
Tegese unen-unen “Tulung menthung” yaiku ….
Katone nulung nanging marahi susah
Ditulung malah menthung
nulung wong seng menthung
katone nulung nanging diumbar sak kampung
Wayah esuk, Andini tumbas gula ing omahe Wanda. Tumbas krama inggile ….
tuku
tumbas
mundhut
njupuk
Aksara jawa ing ngisor iki unine …
jalukan ora weweh
idu didilat maneh
gawe lawangan ngurugi luwangan
genthong umos
Sakabehing tumindak manungsa kang wes mesti dilakoni bakal ilang yen wes mati. Ukara kuwi tegese paribasan ….
Ciri wanci lelai ginawa mati
Idu didilat maneh
emban cinde emban siladan
genthong umos
Gatekna tembang ngisor iki!
Lir Ilir
Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekno blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekno kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro dodotiro kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatane kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Sun surako surak hiyo
Tembang kasebut diciptakake ….
WR. Supratman
Sunan Kalijaga
Ki Hajar Dewantara
Ibu Sud
Maknane tembang Lir Ilir ing ngisor iki, kajaba ….
Manungsa kudu nduweni iman seng kuat
Bocah-bocah dolanan ing latar
Wong kang bisa mimpin sing bener
Manungsa kudu rekasa ngresiki kelakuan ala
