NEW
Font size
WorksheetsRemidi PAS Bahasa Jawa Kelas 6
Total questions: 25
Worksheet time: 50mins
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......
ngundhuh wohing pakarti
lemah longsor mendhem puluhan omah
ayo njaga lestarine alam!
banjir nrajang pirang-pirang desa
Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru saka
Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........
macapat
dolanan
tengahan
gedhe
Cacahe gatra saben sa pada diarani .........
guru wilangan
guru gatra
guru saka
guru lagu
Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
macapat
"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....
Dilebokne malah metu
Klambine dilebokne lemari
Bukune dilebokne tas
Klambine gak dilebokne
Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...
Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014
Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul
Jaman saiki udan panas ora pas wancine
Ibu seneng banget dina iki
ana pira (berapa) guru gatra tembang macapat iki
6
7
8
9
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kelantur
Guru wilangan lan guru lagu tembang gambuh gatra ke-2 ing dhuwur yaiku ...
10 u
10 a
10 i
10 o
Paribasan becik ketitik ala ketara tegese ...
Kabeh gegayuhan mesti kelakon
becik lan ala suwe-suwe bakal ketara
becil dadi ala, ala dadi becik
becik lan ala ora iso ketara
Wong tuwa bakal melu reribed merga tingkah lakune anake, paribasane ....
anak polah bapa kepradah
kriwikan dadi grojogan
woh ceblok ora adoh saka wite
jer basuki mawa bea
Jaman saiki akeh wong tuwa kang ketinggalan informasi lan teknologi banjur njaluk warah marang kang enom, paribasane ...
jer basuki mawa bea
kebo gupak ajak-ajak
kebo nusu gudel
anak polah bapak kepradah
Gambar ana ing nduwur iku kalebu teks ... .
iklan/pariwara
sesanti/slogan
teks persuasi
teks pawarta
Kacelakan lalu lintas kedadosan ing jalur utami Wonosari-Yogyakarta, tepate wonten tikungan Dusun Kali, dhusun Putat, Patuk, dinten Minggu (28/2/2016) siyang.
Setunggal minubus Daihatsu Xenia nopol N 859 BF ingkang ditumpangi gangsal tiyang terjun mlebet lepen salebet sekawan meter.
Informasi kuwi kalebu teks ... .
teks pariwara/iklan
slogan/sesanti
pawarta/berita
persuasi
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Kanca-kanca, njaga karesikan ing Sekolah iku kewajiban kabeh warga sekolah. Apa maneh murid. Murid kudu njaga karesikan amarga njaga karesikan termasuk tata tertib sekolah. Mula, supaya kita dadi murid sing disiplin, Kita kudu manuti tata tertib kaya contohe njaga karesikan.
Yen teks ing nduwur iku kalebu ... .
teks pawarta
iklan/pariwara
teks persuasi
paribasan
Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....
nduweni pengin barange kanca
wong tuwa rekasa amarga polahe anak
nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa
karepe ngirit nanging malah entek akeh
Esuk dele sore tempe, tegese ....
uripe tansah kuwatir
akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana
ora teteg atine, gampang molah-malih
sipate wong tuwa tumurn menyang anak
Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...
wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae
wis ditulungi malah ora matur suwun
nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan
wong asor naging sugih kapinteran
samengko ingsun tutur,
sembah catur supaya lumuntur,
dhingin raga cipta jiwa rasa kaki,
ing kana lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.
tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat apa?
sinom
pangkur
gambuh
durma
watak tembang gambuh, yaiku ...
gandrung, prihatos
wantah
radi sereng
asih asuh
titikane tembang gambuh, yaiku ...
7u, 11o, 12i, 8o, 8u
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7u, 10u, 11i, 8u, 8o
7u, 12u, 11i, 8u, 8u
