WorksheetsReview Serat Wulangreh G9
Total questions: 20
Worksheet time: 8mins
Paugeran tembang macapat tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani guru ….
pada
gatra
wilangan
lagu
Serat Wulangreh yaiku karya sastra awujud tembang macapat anggitane ….
Sri Susuhan Pakubuwana IV
Sri Susuhan Pakubuwana VI
KGPAA Mangkunegara IV
KDPAA Mangkunegara VI
Serat Wulangreh kang dumadi saka 26 pada, yaiku ….
Pocung
Mijil
Asmarandana
Girisa
Struktur serat Wulangreh kuwi cacahe ana 13, struktur sing nomer 7, yaiku ….
Asmarandana
Durma
Girisa
Megatruh
Pakubuwana IV jumeneng dadi ratu ing taun ....
1787 tekan 1820
1820 tekan 1877
1788 tekan 1820
1788 tekan 1821
Ing ngisor iki kang ora kalebu jinise tembang Jawa, yaiku tembang ....
keroncong
tengahan
gedhe
macapat
Salah siji pangerten saka paugeran tembang macapat, yaiku cacahe wanda saben sagatra sing diarani ....
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
dhong-dhing
Ing jero Serat Wulangreh iku ngandhut piwulang kang isine supaya kita ....
urip bebrayan kanthi apik saben dina
nggulawenthah tiyang gesang saka lair tekan seda
bab kang kudu ditindakake dening putra wayah pangripta
nggulawenthah tiyang gesang wiwit saka kandhutan tekan seda
Sri Susuhan Pakubuwana IV putrane ....
Hamengkubuwana IX
Pakubuwana III
Mangkunegara IV
Mangkunegara III
Rikala taksih timur asmanipun Raden Mas Subadya.
Tembung timur tegese ....
cilik
gedhe
yuswa
tuwa
Manut pangandikane Doyosantosa wulangreh iku asale saka tembung wulang lan reh.
Wulang tegese pelajaran dene reh tegese ....
perentah
tingkah laku
panantang
getih
Serat Wulangreh kang dianggit dening Pakubuwana IV cacahe ana ....
11
12
13
14
Tembang-tembang ing ngisor iki kalebu tembang macapat, kajaba ....
Megatruh
Pocung
Gambuh
Girisa
Tembang macapat kalebu salah siji wohing ripta sastra ing jaman Jawa modern. Ing ngisor iki sing ora kalebu ripta sastra liyane yaiku ….
crita cekak
crita sambung
geguritan
gancaran
Tembang macapat uga kena sinebut tembang ....
gedhe
tengahan
cilik
dolanan
Ing ngisor iki tuladhane tembang macapat Pocung, yaiku ....
Ngayogyakarta/kuthane aman berhati nyaman/kutha seniman/kutha pelajar lan kabudayan
Rong puluh tahun lawase/adus udan, adus keringet kepanasen/nggolek pangan, yon eng kutha/metropolitan
Ngelmu iku kalakone kanthi laku/lekase lawan kas/tegese kas nyantosani/setya budya pangekese dur angkara
Nadyan aku bocah gunung/doh banget dunungku/ora susah kanthi nganggo bingung/yen ta pancen tresna aku
Ing ngisor iki tembang macapat lan tegese kan bener, yaiku ....
Sinom tegese cah enom kang nandhang asmara
Gambuh tegese asmara kang endah, manis lan nyengsemake
Pangkur tegese tiyang seda punika pedhot rohipun
Kinanthi tegese bayi kang saya gedhe lan perlu dilatih mlaku
Salah siji serat kang dianggit dening Sri Susuhanan Pakubuwana IV, yaiku ....
Tripama
Wedhatama
Wulangreh
Paliatmo
Pupuh Wirangrong ing serat Wulangreh dumadi saka … pada.
27
34
12
17
Ing ngisor iki tembang macapat kang dumadi saka 7 gatra, yaiku ....
Gambuh
Sinom
Kinanthi
Durma
