WorksheetsKuis Bahasa Jawa Jatayu
Total questions: 6
Worksheet time: 8mins
Rajaning peksi punika naminipun Jathayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jathayu enggal tumandang damel mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon. Sinta dipunrebat, Rahwana nggegegi, boten nguwalaken saengga dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jathayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jathayu taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang. Dangu-dangu dhawah siti, klebekan.
Gagasan Bakune yaiku :
Resi Jatayu tumandang gawe nulungi Sinta kang dicolong Rahwana
Resi Jatayu seda amarga nulungi putrane mitra rakete
Resi Jatayu tumandang gawe nulungi Rahwana
Resi Jatayu klebekan amarga nglawan Rahwana kang nyolong dewi Sinta
Laju lampahing kretanipun Rahwana nggondhol Sinta. Sinta ngraosaken sakit badanipun lungkrah boten kanten-kantenan amargi dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sekedhap-sekedhap polah nedya uwal, nanging tetep kasikep dening Rahwana ingkang linambaran raos nepsu lan kasmaran dhateng Sinta ingkang satuhu nerak ati.
Gagasan Bakune yaiku :
Sinta uwal saka sikepane Rahwana
Usahane Sinta supaya uwal saka Rahwana, sanajan ora kasil anarga tetep kasikep dening Rahwana
Rahwana ingkang linambaran raos nepsu
Sinta ingkang satuhu nerak ati
Sinta sagedipun namung nangis, nyuwun welas asih, saha ngrerintih sedhih. Sekar cundhuk, gelang, tuwin kalungipun sami dhawah pating kececer. Sinten kemawon ingkang sumerep kawontenanipun saha polahipun menapa dene mireng tangis tuwin pasambatipun Sinta tamtu tumut trenyuh lan sedhih. Kewan-kewan wana, wit-witan, tetuwuhan, lan rerumputan kemawon tumut welas asih. Redi-redi mendel mbisu sisah. Angin boten lumampah. Angkasa timbreng nglemeng nggameng kesaput mega mendhung. Srengenge surem, sorotipun kucem. Sedaya isinipun jagad tumut nandang sungkawa. Nanging wonten tiyang satunggal ingkang boten gadhah raos welas, inggih punika Rahwana
Gagasan Bakunipun .....
kabeh kang weruh tangise Sinta padha trenyuh lan sedhih
Sedhihe sinta njaluk welas asih
Rahwana kuwi wong sing ala
Srengenge melu kucem amarga Rahwana
Dumugi ing negari Alengka, Sinta dipunpameri kaendahaning kraton, barang-barang saha prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni mas, inten, lan barleyan. Sinta boten gumun malah kepara boten ngrewes. Rahwana nyobi ngarih-arih dhateng Sinta, nanging Sinta malah cariyos bilih piyambakipun tansah enget lan tansah setya dhateng Rama. Midhanget aturipun Sinta makaten kala wau, Dasamuka muntab lan pratela menawi Sinta boten teluk badhe dipuntelasi. Sinta tetep teguh santosa ing budi. Rahwana sansaya jengkel, lajeng dhawuh supados sinta dipunjagi dening para raseksi ingkang galak-galak lan ndrawasi.
Gagasan bakunipun....
Sinta ora ngrewes nalika dipameri maneka warna raja brana ing ngalengka
Dasamuka nesu amarga Sinta ora gelem teluk nadyan wis dipameri maneka warna raja brana ing ngalengka
Sinta rumangsa sedih amarga kelingan garwane
Sinta dijagani raseksi sing gagah lan nyenengake ati
ing tengah wana, Rama anggenipun mbujeng kidang boten angsal damel. Rama lan Lesmana wangsul tumuju papanipun Sinta, nanging Sinta boten wonten. Rama lan Lesmana lajeng madosi Dewi Sinta. Ing tengahing margi, Rama manggihaken sekar cundhuk sarta saperangan panganngenanipun Sinta pating kececer. Rama lajeng nginten menawi Sinta kadhusta dening tiyang. Rama duka mila jagad saisinipun badhe kajungkir walik. nanging lesmana enggal atur pangari-arih saengga Rama lilih penggalihipun. kekalihipun lajeng nerasaken lampah madosi Dewi Sinta.
Gagasan bakune ....
Rama duka amarga Sinta ilang
Rama nerusake laku
Rama lan Lesmana padha udreg-udregan
Rama seneng amarga kepethuk Lesmana
Ing Satunggaling panggenan, Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan Jathayu ingkang taksih menggeh-menggeh kados badhe koncatan nyawa. Sanajan makaten kawontenanipun, Jatayu taksih saged cariyos lan atur pitedah bilih Sinta kadhusta dening pandung lan kabekta tumuju dhateng nagari Alengka. Purna anggenipun matur, Jthayu dumugining pejah. nalika raganipun dipunbesmi dening Rama, keluking latu kados asung pitedah ing pundi peneripun negari Alengka lan wonten swanten gaib ingkang suka pitedah caranipun saged kpeanggih Sinta.
Gagasan bakune ....
Rama lan Lesmana nglawan Jatayu
Rama lan Lesmana kepethuk Jatayu sing lagi sekarat ananging tansah menehi pituduh bab sinta
Rama lan Lesmana ketemu karo Resi Jatayu lan dikandhani yen Sinta dicolong Rahwana
Rama lan Lesmana ngandhani Jatayu
