Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 4

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

"Dumadine Kutha Semarang" kalebu crita ...

a)

mite

b)

sage

c)

legenda

d)

fabel

2.

Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong diarani ...

a)

Pandhawa

b)

Kurawa

c)

Punakawan

d)

Puntadewa

3.

Perang Pandhawa lan Kurawa diarani ...

a)

Barata Yuda

b)

Ramayana

c)

Paderi

d)

Bima Bungkus

4.

Tembung "lathi" yen ditulis aksara jawa yaiku ...

a)
b)
c)
d)
5.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

6.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

7.

Panggunge wis direngga mula katon endah lan neng semake. Endah tembung liya…

a)

Rame

b)

Apik

c)

Padhang

d)

Gumebyar

8.

Aku duwe pitik, pitik tukung

Saben dina, tak pakani jagung

Petok go gog petog petog

Ngendhog pitu

Tak ngremake netes telu

Kabeh trondhol dhol dhol tanpa wulu

Mondol - mondol dol gawe guyu

Apa pakanane pitik . . . .

a)

sega

b)

kacang

c)

beras

d)

jagung

9.

Sing diarani Sandhangan swara pepet yaiku…

a)
b)
c)
d)
10.

Nayla nggawa saputangan nalika ujian.

Saputangan iku tegese....

a)

sapune ana ing tangan

b)

kacu sing gunane kanggo ngelap tangan

c)

sapune bisa mlaku-mlaku

d)

Tangane kaya sapu

11.

Crita rakyat utawa dongeng sing nyritakake asal-usul yaiku....

a)

Mite

b)

Sage

c)

Fabel

d)

Legenda

12.

Crita rakyat ngisor iki sing klebu jinise Fabel yaiku....

a)

Asal Usul Banyuwangi

b)

Damarwulan

c)

Kancil karo Baya

d)

Nyai Roro Kidul

13.

Embah turu, aku adus.

Yen dikramakake sing bener manut unggah-ungguh yaiku....

a)

Eyang sare, kula siram.

b)

Eyang sare, kula adus.

c)

Eyang tilem, kula siram.

d)

Eyang tilem, kula adus.

14.

ꦤꦩꦶ​ꦏꦸꦭ​ꦱꦱ

a)

nama ku sasa

b)

nami ku sasa

c)

nami kula sasa

d)

nama kula sasa

15.

Saben wong kudu nyambut gawe kanggo...

a)

nyukupi kebutuhan

b)

numpuk bandha

c)

supaya sugih

d)

ora mlarat

16.

Tukang nglakokake sepur jenenge...

a)

sopir

b)

pilot

c)

pramugari

d)

masinis

17.

Tanduran palawija tuladhane yaiku...

a)

pelem, jeruk, duren

b)

laos, temulawak, kunir

c)

jagung, kacang, dhele

d)

apel, tomat, jeruk

18.

Bapak tindak Solo nitih bis, budhale saka ... .

a)

pasar

b)

terminal

c)

stasiun

d)

rumah sakit

19.

Prabu Yudhistira kuwe raja neng Amarta. Putra mbarepe Prabu Pandhu Dewanata. Ibune aran Dewi Kunthi Talibrata. Prabu Yudistira kuwe blaka ora tau duka, lan seneng ngalah. Piyambake uga kondhang dadi raja sing adil, wicaksana lan mentingna kepentingan rakyate.


Prabu Yudhistira raja neng . . . .

a)

Madukara

b)

Pringgondani

c)

Amarta

d)

Sawojajar

20.

Embah turu, aku adus.

Yen dikramakake sing bener manut unggah-ungguh yaiku....

a)

Eyang sare, kula siram.

b)

Eyang sare, kula adus.

c)

Eyang tilem, kula siram.

d)

Eyang tilem, kula adus.