wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

geguritan kls 7

Total questions: 25

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Salahsawijining paugeran nalika maca geguritan yaiku wirasa. Ing kene kang kalebu titikan/ ciri maca geguritan kanthi nggatekake unsur wirasa yaiku....

a)

maca kanthi vokal kang cetha

b)

thenguk banjur maca kanthi nggambarake sedhihing ati

c)

Tangan diangkat karo nudhingi

d)

maca nganggo intonasi kang trep

2.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

3.

Geguritan iku nang basa Indonesia diarani

a)

pantun

b)

puisi

c)

lagu

d)

sajak

4.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
5.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

6.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

7.

Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....

a)

Isine mentes

b)

Nganggo basa padinan

c)

Cacahe larikan ora katemtokake

d)

Migunakake tembung-tembung kang pinilih

8.

Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....

a)

Ngatur mlebu metune napas

b)

Kudu ngepasake marang isine geguritan

c)

Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen

d)

Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng

9.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

sedulur

10.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

d)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

e)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

11.

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...

a)

swara i

b)

sastra t

c)

basa/lumaksita kali

d)

swara um

e)

sastra g

12.

jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna.


tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

diksi

e)

tipografi

13.

sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing ngisor iki kejaba...

a)

wirasa

b)

wirama

c)

wicara

d)

wilangan

14.

Obahing awak nalika moco geguritan diarani...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wiraga

d)

wirasa

15.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
16.

Kembang Mlathi

(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi

Ing Taman Makam Pahlawan

Kusuma Bangsa kang sejati

Luhku tumetes... tes... netesi bumi

Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara

Amung sekar mlathi iki

Tandha setya lan janji

Bakal melu napak suci

Labuh nagri alelandhesan ati suci

Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci


Geguritan kasebut anggitane R. Widyati.

Anggitane tegese...

a)

Sing maca

b)

Sing Nembang

c)

Karangane

17.

Kembang Mlathi

(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi

Ing Taman Makam Pahlawan

Kusuma Bangsa kang sejati

Luhku tumetes... tes... netesi bumi

Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara

Amung sekar mlathi iki

Tandha setya lan janji

Bakal melu napak suci

Labuh nagri alelandhesan ati suci

Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci


Papan panggonan kanggo nyarekake para pahlawan diarani...

a)

Pasarean

b)

Taman Makam Pahlawan

c)

Prapen

18.

Kembang Mlathi

(R. Widiyati)


Daksebar kembang mlathi

Ing Taman Makam Pahlawan

Kusuma Bangsa kang sejati

Luhku tumetes... tes... netesi bumi

Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara

Amung sekar mlathi iki

Tandha setya lan janji

Bakal melu napak suci

Labuh nagri alelandhesan ati suci

Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci


Luhku tumetes...tes...nelesi bumi. Ukara ing ngarep nggambarake wong sing lagi...

a)

Ngguyu

b)

Nesu

c)

Nangis

19.

Tegese tembung pangajab ing geguritan kasebut yaiku ...

a)

pangaji-aji

b)

pangudi-udi

c)

pangarep-arep

d)

pangantu-antu

e)

panyayang-sayang

20.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ...

a)

ora kaiket paugeran tartamtu

b)

lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra

c)

diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit

d)

guru lagune pinathok

e)

isih ngugemi anane guru wilangan

21.

Ndheg-ndhegan (hentian) lakune pocapan sajroning geguritan diarani ...

a)

intonasi

b)

jeda

c)

wirama

d)

pocapan

e)

gancaran

22.

Kepenak orane sajroning ngrungokake geguritan iku gumantung marang ...

a)

dawa cendhake geguritan

b)

kaprigelan wong sing maca

c)

amba ciyute panggonan maca

d)

akeh sethithike wong sing ngrungokake

e)

iringan musik sing mbarengi maca

23.

Supaya bisa mengerteni isine geguritan, mula sing kudu ditindakake yaiku ...

a)

bisa nggawe geguritan

b)

negesi tembung-tembung

c)

maca kanthi mimik kang trep

d)

pocapan kudu cetha

e)

nalika maca kudu nduweni ekspresi

24.

Karangan utawa reriptan kang nengenakake anane rasa kaendahan sing anggone ngarang bebas ora kaiket anane paugeran kaya ing tembang diarani....

a)

Parikan

b)

Macapat

c)

Geguritan

d)

Cangkriman

25.

Sadurunge tampil maca geguritan, ana baba-bab kang prelu digatekake ing antarane

a)

Nggagapi karepe geguritan

b)

kenal karo para tamu kang rawuh mirsani

c)

supaya ora grogi, uncal ambegan landhung

d)

pametune swara cetha lan jumbuh karo ambane papan maca geguritan