wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL BASA RINENGGA

Total questions: 25

Worksheet time: 52mins

Name
Class
Date
1.

Basa Rinengga yaiku...

a)

a. Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

b. basa jawa kang alus banget

c)

c. basa kang angel dimangerteni

d)

d. basa jawa kulonan

e)

e. basa jawa kang nduweni teges akeh

2.

Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas kang suci. Tyas kalebu tembung kawi kang tegese…

a)

a. Jiwa

b)

b. Kabecikan

c)

c. Bandhane

d)

d. Kapinteran

e)

e. Ati

3.

Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba…

a)

a. Geguritan

b)

b. Artikel

c)

c. Panyandra manten

d)

d. Lagu utawa tembang

e)

e. Parikan

4.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing dhuwur kalebu purwakanthi guru...

a)

a. Swara

b)

b. Lagu

c)

c. Lumaksita

d)

d. Sastra

e)

e. Basa

5.

Ancik-ancik pucuking eri

Unen-unen kasebut kalebu...

a)

a. Pepindhan

b)

b. Wangsalan

c)

c. Bebasan

d)

d. Paribasan

e)

e. Saloka

6.

Tangane Ratih aluse kaya sutra.

Ukara ing dhuwur kalebu...

a)

a. Paribasan

b)

b. Pepindhan

c)

c. Entar

d)

d. Saroja

e)

e. Wangsalan

7.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo…

a)

a. Menehi rasa endah

b)

b. Njelasake teges

c)

c. Nambahi rasa

d)

d. Nambahi rasa cetha

e)

e. Nggambarake kahanan

8.

Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru…

a)

a. Lagu

b)

b. Swara

c)

c. Sastra

d)

d. Lumaksita

e)

e. Wilangan

9.

“Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane”

Tembung adus kringet kalebu tembung...

a)

a. Entar

b)

b. Saroja

c)

c. Wangsalan

d)

d. Paribasan

e)

e. Bebasan

10.

Sampun sawetawis dangu Sri Pinanganten lenggah ing sasane kursi rinengga kinebutan dening elaring manyura, kongas gandhane kadya bethati supraba. Teks pranata adicara ing dhuwur ditujokake kanggo nyandra…

a)

a. Manten putri

b)

b. Manten kakung

c)

c. Bapak lan Ibu

d)

d. Prosesi temu manten

e)

e. Bapak lan Ibu besan

11.

Ing ngisor iki kag kalebu teks sastra yaiku...

a)

a. Cerkak, Geguritan, Artikel

b)

b. Panyandra, Cerkak, Tembang Macapat

c)

c. Artikel, Tembang Campursari, Panyandra

d)

d. Geguritan, Laporan, Cerkak

e)

e. Artikel, Laporan, Karya tulis ilmiah

12.

Ing ngisor iki kalebu jinise basa rinengga kang awujud kasusastraan, yaiku...

a)

a. Parikan, wangsalan, pepindhan

b)

b. Tembung entar, tembung saroja, dasanama

c)

c. Cangkriman, purwakanthi, tembung yogyaswara

d)

d. Paribasan, cangkriman, dasanama

e)

e. Tembung rangkep, cangkriman, paribasan

13.

Ing ngisor iki paugeran utawa pathokan parikan, kajaba...

a)

a. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho

b)

b. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi

c)

c. Ukara sing ngarep minangka isi dene ukara sabanjure kanggo bebuka

d)

d. Tibaning ukara sing kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho

e)

e. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra

14.

Semaken pethikan teks geguritan ing ngisor iki!

Eklasna aku lunga

Sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung

Eklasna aku lunga bapa

Lungaku sangu ati lapis waja

Ora prelu panjenengan galih

Ing para aku ora bakal mati amarga ngelih

a)

a. Purwakanthi guru Swara

b)

b. Purwakanthi guru Sastra

c)

c. Purwakanthi guru basa

d)

d. Parikan

e)

e. Wangsalan

15.

Samubarang panggwean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane, iku paribasane...

a)

a. Mikul dhuwur mendhem jero

b)

b. Gliyak-gliyak tumindah, sarep pakoleh

c)

c. Kalah cecak menang cacak

d)

d. Cacak entek ngamek kurang golek

e)

e. Lahang karoban manis

16.

Watake wong enom kang grusa-grusu kurang petung, iku paribasane...

a)

a. Kebat kliwat gancang pincang

b)

b. Kaduk wani kurang deduga

c)

c. Kalah cacak menang cacak

d)

d. Kadang konang

e)

e. Kacang mangsa ninggal lanjaran

17.

Sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet, iku paribasane...

a)

a. Yitna yuwana mati lena

b)

b. Madu balung tanpa isi

c)

c Sluman slumun slamet

d)

d. Ulat madhep ati karep

e)

e. Kadang konang

18.

Ing ngisor iki kalebu karakteristik teks sastra, kajaba...

a)

a. Duweni sipat imajinatif

b)

b. Duweni makna konotattif

c)

c. Nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca

d)

d. Nuwuhake kesan logis ing batine sing maca

e)

e. Nyentuh ing rasa

19.

Sanajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kelaksanan kekarepane, iki paribasane...

a)

a. Durung pecus keselak besus

b)

b. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh

c)

c. Kalah cacak menang cacak

d)

d. Entek ngamek kurang golek

e)

e. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh

20.

Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu yogyaswara, yaiku...

a)

a. Wira-wiri

b)

b. Lumebeng

c)

c. Dewa-dewi

d)

d. Ayem tentrem

e)

e. Padhang jagade

21.

Jlentrehna apa kang dimaksud basa rinengga

4 lines
22.

Jlentrehna lan sebutna jinise basa rinengga! Minimal 2 jinis lan sebutna contohe!

4 lines
23.

Gawea tuladha ngenani paribasan

4 lines
24.

Gawea tuladha ngenani parikan..

4 lines
25.

Jlentrehna apa bedane antarane paribasan lan bebasan!

4 lines