wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Basa Jawa wul 5 kelas 5

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Teks kang ditulis kanthi tujuan ngandharake samubarang, jlentreh, njlimet, saengga sing maca kaya-kaya ngamati, ngrasakake, ndeleng, ngrungokake, utawa ngalami diarani teks ….

a)

eksposisi

b)

argumentasi

c)

narasi

d)

deskripsi

2.

Tujuane wong nulis teks dheskripsi yaiku ….

a)

ora nduweni tujuan kang cetha

b)

pamaca ora ngrasakakae, ora nyawang, lan ora ngalami dhewe

c)

ngandharake samubarang, njlentreh, njlimet, saengga sing maca kaya-kaya ngamati, ngrasakake, ndeleng, ngrungokake, utawa ngalami dhewe.

d)

nuduhake wujud, warna kang ora cetha

3.

Titikane teks deskripsi, kajaba ….

a)

ora nggambarake samubarang kanthi cetha.

b)

njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya.

c)

pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadeane.

d)

njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, ganda, lan kahanan liyane.

4.

Teks dheskripsi: njlentrehake samubarang kaya pakartine panca ndriya, tegese yaiku….

a)

pamaca kaya-kaya ora ngrasakake, ora nyawang, lan ora ngrungokake

b)

njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud kang ora cetha

c)

ora njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya

d)

pamaca kaya-kaya ngrasakake,nyawang,ngrungokake,lan ngalami dhewe kedadeane

5.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo.


Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku ….

a)

sawah ing desaku ana ula

b)

tandurane ijo

c)

sawah ing desaku isih jembar

d)

ana kedhokan ing sawah

6.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo.

Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku ….

a)

Ambane watara telung meteran

b)

Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar

c)

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik

d)

Ora ana uwuh kang kumambang

7.

Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake. Kinupengan tetanduran maneka werna sing padha lagi mekar kembange. Jerune sakmeter seprapat. Ing njerone blumbang dicemplungi wit enceng gondhok. Blumbang ing mburi omah dianggo ngingu iwak grameh. Kajaba ngiras kanggo pakan grameh, godhong enceng gondhok kang ijo-ijo royo-royo kena kanggo ngiyup iwak. Ngingu grameh pancen butuh wektu suwe. Amarga saka kamurahane Gusti Kang Murbeng Dumadi, asile uga kena dijagakake.

Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku ….

a)

Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake

b)

Kinupengan tetanduran maneka werna

c)

Jerune sakmeter seprapat

d)

Ing njerone blumbang dicemplungi wit enceng gondhok

8.

Teks sing mbeberake kedadean kanthi urutan wektu diarani ....

a)

teks argumentasi

b)

teks narasi

c)

teks deskripsi

d)

teks persuasi

9.

Biasane teks narasi iku tinemu ing wangsulan ngisor iki kajaba(kecuali) ....

a)

crita cekak

b)

otobiografi

c)

kisah melancong

d)

Papan wisata Gunung Bromo

10.

Surabaya Kutha Adipura Kencana

Kutha Surabaya wis dikenal bange dening warga Jawa Timur minangka "Kutha Adipura Kencana'. Wis bola bali nampa pangaji-aji saka pamarentah Indonesia uga saka manca negara. Pancen pamarentah kutha Surabaya sing dipandhegani dening Wali Kota Tri Rismaharini wis kasil ndadekake kutha Surabaya dadi 'Kutha Adipura Kencana'.

Kutha Surabaya dipimpin dening ....

a)

Bupati

b)

Wali Kota

c)

Gubernur

d)

Kepala Daerah

11.

Surabaya Kutha Adipura Kencana

Kutha Surabaya wis dikenal bange dening warga Jawa Timur minangka "Kutha Adipura Kencana'. Wis bola bali nampa pangaji-aji saka pamarentah Indonesia uga saka manca negara. Pancen pamarentah kutha Surabaya sing dipandhegani dening Wali Kota Tri Rismaharini wis kasil ndadekake kutha Surabaya dadi 'Kutha Adipura Kencana'.

Pamarentah Kutha Surabaya bola bali nampa pangaji-aji ....

a)

Adinugraha

b)

Adiwiyata

c)

Adipura

d)

Kalpataru

12.

Trotoar dibangun kanggo ....

a)

pos kamling

b)

dodolan

c)

parkir sepedha motor

d)

wong mlaku

13.

Pasukan kuning yaiku petugas sing pegaweane ....

a)

ngresiki kantor

b)

ngresiki dalan-dalan

c)

ngresiki toko-toko

d)

ngresiki pasar

14.

Petugas sing pegaweane resik-resik lan ngopeni taman yaiku anggota ....

a)

Satpam

b)

Tim Keamanan

c)

Satpol PP

d)

DKP

15.

Sing klebu wujud ekosistem iku upamane ....

a)
b)
c)
d)
16.

Wong sing wis kasil nglestarekake lingkungan bisa nampa pangaji-aji ....

a)

Adipura Kencana

b)

Adipura

c)

Kalpataru

d)

Adiwiyata

17.

Teks "Surabaya Kutha Adipura Kencana" ing dhuwur klebu jinise .....

a)

teks narasi

b)

teks deskripsi

c)

teks persuasi

d)

teks argumentasi

18.

Sing klebu teks narasi yaiku ....

a)

Papan wisata Bali

b)

Jatim Park

c)

Riwayat Hidup Presiden Jokowi

d)

Gawe handsanitizer alami

19.

Teks sing ditulis lan nyritakake panggonan utawa barang tartamtu kanthi becik lan menarik supaya sing maca kaya-kaya ngalami dhewe, diarani teks ....

a)

persuasi

b)

narasi

c)

deskripsi

d)

argumentasi

20.

"Tlaga Sarangan" nyritakake dununge papan wisata, kahanane, lan srana sing disediyake ing kana. Teks iku klebu teks ....

a)

narasi

b)

persuasi

c)

argumentasi

d)

deskripsi