wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa kelas 6 bab cangkriman

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Arya, Dito, lan Nanang janjian arep gawe manisan. Arya janji, dheweke sing nggawa woh-wohane. Dito nggawa gula. Gawene ing omahe Nanang.

Dito: Arya, Woh-wohan apa sing arep kogawa?

Arya: sega sakepel dirubung tinggi

Nanang: apa iku?

                Cangkriman ing ndhuwur kalebu cangkriman sing wujude ... .

a)

Wancahan          

b)

pepindhan         

c)

plesetan             

d)

irib-iriban

2.

Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ... .

a)

telu       

b)

papat

c)

lima           

d)

enem

3.

pitik walik saba meja, batangane ... .

a)

nanas    

b)

opak

c)

sulak        

d)

sapu

4.

jangkepana cangkriman ing ngisor iki

buta ...., batangane:tebu ditata mlebu lori

a)

teri

b)

tari

c)

lori      

d)

buri

5.

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan ...

Tembung kang cocok kanggo njangkepi cangkriman kasebut ing dhuwur yaiku ...

a)

mandheg

b)

lungguh

c)

diliwati

d)

ngadeg

6.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung

7.

Ana tulisan arab, macane saka ngendi?

Badhekane yaiku ... .

a)

alas

b)

desa

c)

kutha

d)

dusun

8.

Bapak pucung endi elor endi kidul,

Laku tapa brata,

mung kepingin bisa malih,

Dadi kupu si pucung wedaring tapa.

Badhekane: .............................

a)

uler

b)

kupu

c)

enthung

d)

ula

9.

Cangkriman iku tegese..

a)

unen-unen kang ngemu teges wantah lan lugas

b)

unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang maksude

c)

unen-unen sing nganggo gambaran arupa barang utawa kewan

d)

unen-unen sing nganggo entar (kiasan)

10.

Cangkriman gambar iki yaiku..

a)

sega sakkepel dirubung laler

b)

gajah nguntal sangkrah

c)

pitik walik saba kebon

d)

pitik walik saba amben

11.

Ceblok mengisor, sing di golek i mendhuwur

batangane...

a)

andha

b)

prau bocor

c)

benik klambi

d)

gentheng bocor

12.

Segara beldhes, bathangane..

a)

segane pera sambele pedhes

b)

segane pera jangane kathes

c)

ana iwak ana kathes

d)

sega iwak bedhes

13.

Dicakot bongkote sing kalong pucuke, batangane...

a)

andha

b)

rokok

c)

celana

d)

gentheng

14.

Urang Sapikul matane pira..

a)

8

b)

6

c)

5

d)

4

15.

Mbok e dielus-elus, anake dipidak-pidak

batangane...

a)

andha

b)

prau bocor

c)

benik klambi

d)

gentheng bocor

16.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,

Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Batangane yaiku ... .

a)

Ali-ali

b)

giwang

c)

binggel

d)

gelang jam

17.

Kayu mati ginubet ula mati.
Batangane ...

a)

gangsing

b)

pecut

c)

tali tampar

d)

yoyo

18.

gambar ing sisih iki cangkrimane kepriye?

a)

pitik walik saba kebon

b)

emboke wuda anake tapihan

c)

emboke dielus-elus anake diidak-idak

d)

wit adhikih woh adhakah

19.

Sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug.
Gambar sing cocog kanggo mbadhek cangkriman ing dhuwur yaiku ... .

a)

b)

c)

d)

20.

Kebo picak kalebu ... .

a)

cangkriman awyjud pepindhan

b)

cangkriman awujud wancahan

c)

cangkriman awujud plesetan

d)

cangkriman sing sinawung ing tembang