NEW
Font size
WorksheetsPH Basa Jawa KD. 3.5
Total questions: 15
Worksheet time: 15mins
Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame nanging uga ing kabudayan lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku ....
tembang campursari
tembang macapat
tembang dolanan
tembang lagam
Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani ....
ilmu pengetahuan
olahraga
ketrampilan
budi pekerti
Salah siji cirine tembang dolanan yaiku ....
ukarane cekak lan prasaja
ukarane endah lan angel
ukarane dawa-dawa
cengkok utawa lagune angel
PITHIK TUKUNG
Aku duwe pithik, pithik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gogok petok petok
Ngendhok pitu, tak nggremake netes telu
Kabeh trondhol ndol tanpo wulu
Megal-megol gol, gawe guyu
Tembang kasebut irah-rahene yaiku ....
Dewe Pithik
Pithik Tukung
Aku Duwe Pitik
Duwe Pithik Tukung
PITHIK TUKUNG
Aku duwe pithik, pithik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gogok petok petok
Ngendhok pitu, tak nggremake netes telu
Kabeh trondhol ndol tanpo wulu
Megal-megol gol, gawe guyu
Tembang kuwi dumadi saka .... baris
6
7
8
9
Bocah-bocah dikenalake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane lumantaran tembang ….
lagam
macapat
dolanan
campursari
Tembang dolanan iku wajib ….
diperjuangake
dilalekake
diganteni
dilestarekake
Isi lagu tembang dolanan ing ngisor iki, kajaba….
patuladhan
budi pekerti
tata susila
tukar padu
Ngowahi tembang dolanan dadi gancaran iku awujud….
paragrap
geguritan
syair
paribasan
Ing jaman biyen bocah-bocah padha dolanan ing latar ora mung ing wayah awan lan sore, nanging uga wayah wengi nalika ....
tangi turu
listrik mati
padhang rembulan
mlebu sekolah
Tembang dolanan biasane ditembangake sinambi ....
dolanan utawa jejogedan
turu
mangan
nonton tv
SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok, bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo, oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah, wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah, nek urip goleko dhuwit
Tembang dolanan kuwi ngandhakake yen urip lan matine manungsa dikersakake dening ....
nabi
manungsa
malaikat
Gusti Allah
Tembang sing diowahi dadi gancaran wujud ukara-ukara ing paragrap-paragap iku diarani ....
nulis syair tembang
nggancarake tembang
nulis geguritan
nembang
Gundul-gundul pacul cul ....
Tembang dolanan ing ndhuwur supaya jangkep wanda kang ilang diisi ....
wakul ngglimpang
segane dadi sak ratan
nyunggi wakul
gembelengan
LUMBUNG DESA
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Nilai budi pekerti saka tembang kuwi sing bisa dijupuk yaiku ....
gotong royong
kurmat-kinurmatan
mandiri
jujur
