wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa (Sesorah)

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Sing lumrahe nindakake pidhato perpisahan siswa ing SD yaiku...

a)

saben siswa

b)

kepala sekolah

c)

siswa wakil kelas VI

d)

siswa sing wani pidhato

2.

Ing pelajaran basa Jawa, sesorah utawa pidhato iku kalebu jinising katrampilan ….

a)

nulis

b)

micara

c)

maca

d)

nyemak

3.

Bab sing diandharake sajrone pidhato iku awujud ….

a)

karepotan

b)

kabutuhan

c)

negosiasi

d)

informasi

4.

Sadurunge gawe teks pidhato becike gawe cengkorongane luwih dhisik. Sing dikarepake cengkorongan teks pidhato yaiku ....

a)

teknik pidhato

b)

urutan pidhato

c)

paraga pidhato

d)

kerangka pidhato

5.

Nalika maca teks pidhato kudu nggatekake ekspresi, yaiku ....

a)

swara kang lirih

b)

lafal utawa pangucape tembung kang cetha

c)

intonasi utawa lagune pangucap kudu pas lan trep

d)

polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidhato

6.

Gatekno kutipan pidhato ing ngisor iki!

Para sedherek sedaya, makaten sekedhik andharan ingkang kula aturaken ing acara pengetan Dinten Pahlawan menika. Kulo ngrumaosi taksih kathah kalepatan ingkang kula tindakaken nalika ngandharaken menika. Pramila, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.


Kutipan pidhato iku nuduhake bagian ….

a)

salam pidhato

b)

panutup pidhato

c)

isi pidhato

d)

cengkorongan pidhato

7.

Wacan kutipan pidhato ngisor iki kanggo nggarap soal!

....

Ingkang rumiyin, sumangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah ingkang Maha Asih. Saking nugrahanipun, panjenengan lan kula saged makempal ing papan lan wekdal menika kanthi wilujeng saperlu mengeti Dinten Pahlawan menika.


Sajroning pidhato, kutipan iku nuduhake bagian ….

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

surasa basa

d)

dudutan

8.

Wacan kutipan pidhato ngisor iki kanggo nggarap soal!

....

Ingkang rumiyin, sumangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah ingkang Maha Asih. Saking nugrahanipun, panjenengan lan kula saged makempal ing papan lan wekdal menika kanthi wilujeng saperlu mengeti Dinten Pahlawan menika.


Basa sing digunakake ing kutipan pidhato ing dhuwur yaiku ….

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama inggil

9.

Gunane cengkorongan pidhato yaiku kanggo ....

a)

ngringkes pidhato

b)

mbiji isine pidhato

c)

nulis isine pidhato

d)

nggampangake gawe teks pidhato

10.

Supaya bisa micara kanthi lancar, sajrone pidhato kudu ngerteni ....

a)

sing nonton

b)

materi pidhato

c)

sing nata swara

d)

pranata acarane

11.

Panyawange mripat nalika pidhato becike ....

a)

mangisor

b)

mandhuwur

c)

tumuju ana ing teks

d)

tumuju ing pamireng

12.

Sajrone pidhato, uluk salam iku kalebu ana ing perangan ....

a)

purwaka

b)

isi

c)

panutup

d)

katrangan

13.

Wacananen teks pidhato ing ngisor iki.

Sumangga Panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing ngayunan dalem Gusti ingkang Akarya Jagad.


Ukara ing ndhuwur medhote sing bener yaiku ....

a)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

b)

Sumangga/Panjenengan/sedaya/kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem Gusti ingkang Akarya Jagad//

c)

Sumangga/Panjenengan/sedaya kula dherekaken ngaturaken raos syukur konjuk ing/ngayunan/dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

d)

Sumangga/Panjenengan sedaya/kula dherekaken/ngaturaken raos syukur/konjuk ing ngayunan dalem/Gusti ingkang Akarya Jagad//

14.

Tembung “warsa

“ tegese….

a)

a. Dina

b)

b. Minggu

c)

c. Sasi

d)

d. Taun

15.

Tembung “

pinaringan” padha tegese karo….

a)

Diwenehake

b)

Diwenehi

c)

Menehake

d)

Menehi

16.

“Gusti Allah

ingkang Akarya Jagad”. “Akarya Jagad” tegese….

a)

a. Sing Duwe Jagad

b)

b. Sing Gawe Jagad

c)

c. Sing Ngopeni Jagad

d)

d. Sing Ngrusak Jagad

17.

“ Pinanggih

kanthi widada nir ing sambekala” . Widada tegese….

a)

a. Slamet

b)

b. Seneng

c)

c. Becik

d)

d. Urip

18.

Sesorah atur

pambagya patrape tangan yaiku….

a)

a. Sedhakep

b)

b. Malangkerik

c)

c. Mbanda tangan

d)

d. Ngapurancang

19.

Sesorah ing

pahargyan perpisahan sing pokok diaturake yaiku….

a)

a. Pamitan

b)

b. Hadiah

c)

c. Tinggalan

d)

d. Wejangan

20.

Nyuwun

pangapura awit kaluputane nalika ngucap lan patrape nalika sesorah, iku

ana ing cengkorongan bab…

a)

a. Satata basa

b)

b. Surasa basa

c)

c. Pambuka

d)

d. Panutup

21.

Bapak saha Ibu Guru ingkang kinabekten, Bapak Ibu ingkang kula urmati, para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Sesorah ing dhuwur iki urutan sesorah bab….

a)

a. Atur pakurmatan

b)

b. Pambuka

c)

c. Surasa

d)

d. panutup

22.

Tembung “gegayuhan” iku tegese….

a)

a. Manut

b)

b. Cita-cita

c)

c. Ngoyak

d)

d. Sregep

23.

Terusna parikan iki. Kupat bumbune santen….

a)

a. Sedaya lepat nyuwun pangapunten

b)

b. Tiwas dhagang ora bathi

c)

c. Aku melu apa entuk

d)

d. Suwe ora ketemu

24.

Terusna parikan iki. Jambu apa jeruk…

a)

a. Numpak andhong apa becak

b)

b. Tiwas dhagang ora bathi

c)

c. Aku melu apa entuk

d)

d. Suwe ora ketemu

25.

Terusna parikan iki. Suwe ora jamu…

a)

a. Numpak andhong apa becak

b)

b. Tiwas dhagang ora bathi

c)

c. Aku melu apa entuk

d)

d. Suwe ora ketemu