NEW
Font size
WorksheetsGLADHEN KELAS XII GENAP
Total questions: 15
Worksheet time: 16mins
- sapadha-padha sing wis kulina
- wong tuwa marang anake
- guru marang muride
- ndhuwuran marang andhahan
dideleng saka panganggone basa ing ndhuwur, basa sing dikarepake yaiku ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama madya
salah siji panganggone basa ngoko alus yaiku ....
ndhuwuran marang andhahan
wong enom marang wong tuwa
eyang marang putune
ibu marang bapak sing wis kulina ngoko-ngokoan
wong tetepungan anyar
ukara ing ngisor iki sing kalebu basa ngoko alus yaiku ....
panjenengan kapan kesah ?
ibu mundhut ageman enggal
panjenengan menapa sampun dhahar ?
Mas Angga duwe kalawarti akeh banget
Paklik kok nitih bis, ora ngasta titihan dhewe ?
kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu.
tembung sing kacithak miring krama inggile yaiku ....
dikengken, muring
diutus, duka
dikengken, duka
diutus, muring
dikongkon, duka
reroncening kedadeyan kang ana sajroning cerkak yaiku ....
tema
amanat
latar
paraga
alur
ciri-cirine cerkak yaiku ....
critane dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimengerti
critane dawa, isine padhet, basane gampang dimengerti
critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basane gampang dimengerti
critane dawa, isine cerkak aos, basane menthes
critane sakeplasan, isine padhet, basane endah
unsur kang geayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani
paraga
tema
alur
latar
amanat
Mbah Siti wis tuwa banget, nanging dheweke kudu tetep ngopeni anake sing kabehe papat. uripe rekasa, dheweke ditinggal bojone seda wis oleh telung taun. kabeh anake sing cacahe papat iku penggaweyane mung golek rongsokan, merga kahanan sing kaya mangkono iku, pangarep-arep kanggo sekolah wis sirna.
perangan cerkak kang kaandharake ing pethikan kasebut yaiku ....
orientasi
komplikasi
resolusi
amanat
koda
yen teks humor iku isine nyritakake lelakone paraga wong biyasa, nanging yen teks anekdot ....
nyritakake wong kutha
nyritakake wong ndesa
nyritakake lelakone paraga wong penting
nyritakake lelakone wong andhahan
nyritakake lelakone paraga kang sugih
Tertib lalu lintas kudu ditegakake. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan sing dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Polisi : geneya kok ora nganggo helm ?
Jupri : helmku ilang, Pak
Polisi : yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene ?
Jupri : yen tuku helm aku gak duwe dhuwit kanggo bayar denda. mesthi mengko aku kudu bayar denda merga ora duwe SIM
Polisi : Haaahh???
Polisi banjur ngetokake surat tilang. Montore Jupri kasebut kudu ditinggal.
sing kalebu perangan orientasi yaiku ....
Tertib lalu lintas kudu ditegakake.
polisi nganakake operasi lalu lintas
Jupri ditilang
montore Jupri kudu ditinggal
polisi ngetokake surat tilang
perangan teks anekdot kang ngandharake kahanan kang gawat utawa ora lumrah, diarani ....
janturan
pawadan
prakara
tanggapan
wasana
ing ndhuwur iki sing ora mujudake strukture tontonan ludruk yaiku ....
bedhayan
tari remo
crita inti
dhagelan
tari gambyong
titikane basa lan sastrane ludruk kaandharake ing ngisor iki, kajaba ...
egaliter / sedherajat (sumber masyarakat sentris)
dhialek jawa timuran
seneng guyonan lan lelagon
nyritakake kahanan kerajaan
tinarbuka lan apa anane
struktur crita inti ing kethoprak yaiku ...
jejer, pasulayan, dhagelan, perang, wasana
jejer, pasulayan, perang, koda, wasana
orientasi, resolusi, dhagelan, perang, wasana
jejer, pasulayan, dhagelan, panutup
orientasi, komplikasi, resolusi, koda
Salah siji mupangate teks sandiwara kethoprak yaiku mupangat artistik, sing tegese …
Mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak awujud rasa seneng
Mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan
Mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pekerti, lan agama
Mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru panyemak
Mupangat kang arupa piwulang bab keterampilan praktis
