WorksheetsBahasa Jawa kelas 3
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Sangkamu ka Cirebon
Tembung sangkamu tegese ....
apamu
asalmu
karepmu
sapamu
Ing riyaya, kita sedaya padha sowan tangga teparo nyuwun pangaksama.
Tembung pangaksama tegese ....
pameling
panganan
sandhangan
pangapura
Pocung
Bapa pucung, renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Lakumu ing dalan wesi
Teka lunga si pucung mutah manungsa
Bedhekan saka tembang Pocung ing dhuwur yaiku ....
motor
bis
sepur
dokar
Tembang Pocung iku kalebu tembang ....
klasik
dolanan
macapat
gagrak anyar
Ing dina Minggu, Afiqah lan keluargane plesir menyang Pantai Istambul Demak.
Tembung plesir ing dhuwur tegese ....
piknik
lantaran
dolan
wayah
Pas preinan wingi, akeh wong sing padha plesiran njalari dalanan pada macet.
Tegese tembung njalari yaiku ....
ketemu
nyebabake
wayah
tansah
Ing ngisor iki kang kalebu pengalaman kang nyenengake yaiku ....
Piknik menyang Taman Mini Indonesia Indah.
Tiba kecemplung kalen pas latihan numpak motor.
Mangan mie ayam kepedhesen lombok setan.
Mangkat sekolah telat amarga kawanen tangine.
Padhang mbulan padhange kaya rina.
tembung kaya rina ing dhuwur tegese ....
kaya awan
kaya esuk
kaya mbengi
kaya sore
Pak tani lan bu tani ing desaku padha seneng atine amarga mangsa rendheng wis teka. Sedhela maneh mesti bakal ....
panen
ngundhuh
matun
nandur
Crita pengalaman ingkang leres punika dipun tindakaken dening ....
awakipun piyambak
kancanipun
tiyang sepuhipun
gurunipun
Bocah menawa matur marang wong tuwa sing bener nganggo basa ....
ngoko
krama
ngoko alus
krama ngoko
Tembang "Padhang Rembulan" nggambaraken swanten wayah ....
rina
ndalu
sonten
enjing
Isi utawa piwucal ingkang kamot wonten ing tembang dolanan "Lir-Ilir" yaiku ....
tumindhak becik kangge gumedhening batos.
ngibadah kagem sanguning pejah.
pitutur supados tansah tumindak kesaenan.
muji lan ngajeni panguwasanipun Gusti.
Mbenjang dina Minggu aku arep piknik bareng kanca-kancaku.
Tembung mbenjang ing dhuwur nduweni teges ....
wingi
sesuk
sak iki
mbiyen
Bencana alam dhadhakan kang kedadeyan saka banyu kiriman saka daerah dataran tinggi diarani ....
banjir bandhang
gunung mbledos
angin lesus
lemah longsor
