wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal B.Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ibu badhe mundhut tigan dhateng wande. Tembung badhe tegese.....

a)

arep

b)

bakal

c)

menyang

d)

kanggo

2.

Pak Tani padha nggarap.....sing arep ditanduri pari

a)

sawah

b)

tegal

c)

pekarangan

d)

mburitan

3.

Bocah kembar iku rupane padha banget ora ono bedane pindhane kaya....

a)

bocah kembar

b)

mimi lan mituna

c)

jambe sinegar

d)

kembang sepasang

4.

Wajik klethik gula jawa

Luwih becik sing prasaja

Unen-unen ing dhuwur iku diarani.....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

purwakanthi

d)

parikan

5.

Kembang kencur tinandur tepeni sumur. Kudu jujur yen kowe kepingin.....

a)

subur

b)

kajur

c)

makmur

d)

mashur

6.

Kelas lima sing jenenge Vera Vita ayu banget kaya....

a)

Dewi Shinta

b)

Dewi Sekartaji

c)

Dewi Madrim

d)

Dewi Ratih

7.

Kutha Batu kuwi wis kondhang Kutha Apel....

Tembung kondang padha tegese.....

a)

misuwur

b)

dikenal

c)

mashur

d)

terkenal

8.

Bocah loro kakang adhi iki rukun banget....ngendi wae tansah bebarengan.

a)

arep

b)

bakal

c)

menyang

d)

kanggo

9.

Olehe nyambut gawe direwangi.....supaya kebutuhane bisa kecukupan.

a)

adus keringet

b)

pait getir

c)

lara apa

d)

adus getih

10.

Ngasah arit nganti landhep

Dadi murid kudu sregep

Unen-unen ing dhuwur diarani....

a)

geguritan

b)

parikan

c)

paribahasan

d)

pepindhan

11.

Ajining diri dumuning ana ing .....

a)

rejeki

b)

ati

c)

aji

d)

lathi

12.

Yen lagi ngguyu untune Mila katon miji.....

a)

timun

b)

salak

c)

melon

d)

jeruk

13.

Manut candrane sarira apane sing nanggal sapisan?

a)

alise

b)

untune

c)

irunge

d)

rambute

14.

Sekar bocah ayu, yen kanggo ngguyu pipine......

a)

Nduren sajuring

b)

Kencana pinantar

c)

Nyela cendani

d)

Nggula salirang

15.

 

Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.

Tembung sing klebu panyendhu yaiku....

a)

Dedege dhuwur

b)

Batuke nonong

c)

Lembehane mlarak sempal

d)

Yen mlaku kaya macan luwe

16.

Tangane Ranti .... luwes banget yen lagi njoget.

Panyandra sing pas kanggo ngganepi ukara iki yaiku ....

a)

Nraju mas

b)

Ngolan-olan

c)

Nggandewa pinentang

d)

Nyigar jambe

17.

Sumardi yen dijak ngomong mung lingak linguk kaya.....

a)

Ketiban ndaru

b)

Kethek ditulup

c)

Banyu karo lengo

d)

Emas sinangkling

18.

Tembung seng nacad marang kahanane wong liyan diarani ....

a)

panyendu

b)

pepindan

c)

panyandra

d)

parikan

19.

Wedang bubuk gulo tebu ....

a)

Yen ora nurut mesti keblinger

b)

luwih becik seng pasaja

c)

mata ngantuk njaluk turu

d)

jer besuki mawa beya

20.

Ukara kanggo ngumpamaake apa wae kang tegese emper-emperan yaiku tembung ....

a)

pepindhan

b)

panyendu

c)

parikan

d)

panyandra