NEW
Font size
WorksheetsBasa Jawa kelas 6 bab sesorah
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Ing pelajaran basa Jawa, sesorah utawa pidhato iku kalebu jinising katrampilan ….
nulis
micara
maca
nyemak
Sesorah kaperang dadi pidhato resmi lan ora resmi. Tuladhane pidhato ora resmi yaiku ... .
pidhato hardiknas
pidhato upacara
pidhato manten
pidhato kenegaraan
Sing ora kalebu basa ing pidhato ora resmi yaiku ... .
migunakake ukara jangkep
tembunge ora baku
digunakake ing kahanan ora resmi
intonasi swara munggah mudhun
Sing kalebu ukara ora jangkep yaiku ... .
Kula remen sanget nembang langgam Jawa
Bapak Ibu guru tindak rapat
Adhik maem cilok
Nuwun sewu!
Sesorah umume nduweni tujuan ... .
Ndadekake wong liya congkrah
Ngajak wong liya kareben melu kekarepane kanthi kepeksa
Menehi pemahaman utawa informasi marang wong liya
adu kepinteran
Pidhato sing tanpa nganggo persiapan diarani ... .
impromptu
memoriter
naskah
ekstemporan
Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ... .
gagasan baku
ukara jangkep
struktur teks pidhato
cengkorongan
Dudutan lan panyuwunan pangapura kalebu perangan ... pidhato.
pambuka
isi
panutup
Muji syukur ing ngarsaning Allah, kalebu perangan ... pidhato.
pambuka
isi
panutup
Pakurmatan kalebu perangan ... pidhato.
pambuka
isi
panutup
Gatekno kutipan pidhato ing ngisor iki!
Para sedherek sedaya, makaten sekedhik andharan ingkang kula aturaken ing acara pengetan Dinten Pahlawan menika. Kulo ngrumaosi taksih kathah kalepatan ingkang kula tindakaken nalika ngandharaken menika. Pramila, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kutipan pidhato iku nuduhake bagian ….
salam pidhato
panutup pidhato
isi pidhato
cengkorongan pidhato
Gunane cengkorongan pidhato yaiku kanggo ....
ngringkes pidhato
mbiji isine pidhato
nulis isine pidhato
nggampangake gawe teks pidhato
Panyawange mripat nalika pidhato becike ....
mangisor
mandhuwur
tumuju ana ing teks
tumuju ing pamireng
Nalika maca teks pidhato kudu nggatekake ekspresi, yaiku ....
swara kang lirih
lafal utawa pangucape tembung kang cetha
intonasi utawa lagune pangucap kudu pas lan trep
polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidhato
Ing ngisor iki sing ora kalebu bab-bab sing kudu digatekake nalika pidhato yaiku ... .
swara kang lirih
lafal utawa pangucape tembung kang cetha
intonasi utawa lagune pangucap kudu pas lan trep
polatan lan solah bawa sing jumbuh karo isine pidhato
Memoriter kuwi pidhato sing kepriye?
sing tanpa nganggo persiapan
kanthi cara maca teks /naskah
kanthi ngapalake naskah luwih dhisik
mung nyiapake pokok-pokok pidhato
pidhato sing mung nyiapake pokok-pokok pidhato diarani ... .
Impromptu
Memoriter
Naskah
Eksemporan
Basa ing pidhato resmi nganggo ukara jangkep. Ukara jangkep yaiku... .
ukara sing nduweni jejer lan katrangan
ukara sing nduweni wasesa, lesan lan katrangan
ukara sing tanpa katrangan
ukara sing nduweni jejer, wasesa lan lesan
Tetepungan ing sesorah kalebu perangan..
pembuka
isi
penutup
dudutan
ukara "nyuwun agunging pangaksami" ana ing perangan ... pidhato.
pambuka
isi
panutup
