wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS 2 BAHASA JAWA MATERI PACELATHON

Total questions: 10

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Kanggo nggampangake gawe pacelathon, diwiwiti saka nemtokake ....

a)

jenenge paraga

b)

tema pacelathon

c)

tujuwane pacelathon

d)

swasana pacelathon

2.

Tuladha basa krama kang trep kanggo awake dhewe yaiku ….

a)

Bu, kula bidhal rumiyin, nggih

b)

Panjenengan adus rumiyin!

c)

Bu, kula tindak rumiyin

d)

Kula badhe siram rumiyin

3.

Nalika nindakake pacelathon karo wong liya becike nggatekake … basane.

a)

tata krama

b)

tata susila

c)

unggah-ungguh

d)

trapsila

4.

Basa Jawa krama alus iku lumrahe digunakake dening ....

a)

kanca sakelas

b)

guru marang siswa

c)

anak marang wong tuwa

d)

wong tuwa marang anak

5.

Candra : “Bu, dos pundi manawi kula ndherek rekreasi sekolahan?”

Ibu : “Apa sekolahanmu arep nganakake rekreasi?”

Candra : “Inggih , Bu!”

Pethikan pacelathon iku nuduhake tata krama antarane putra marang wongtuwa.


Basa kang digunakake dening Candra yaiku basa ....

a)

ngoko

b)

krama

c)

campuran

d)

ngoko andhap

6.

Kula ngombe es degan, dene Pakde ... kopi tubruk,

Tembung kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....

a)

ngunjuk

b)

nginum

c)

ngombe

d)

ngrahapi

7.

Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?

a)

Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.

b)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun

simbah?

c)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun

simbah?

d)

Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?

8.

Salah sijine ciri teks pacelathon yaiku ...

a)

Wujude omong-omongan (imbal wacana)

b)

Migunakake ukara crita

c)

Paraga mung wong siji

d)

Nganggo ukara sing dawa

9.

miturut unggah-ungguh basa, Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku ...

a)

basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

basa krama lan basa ngoko

c)

basa krama alus lan krama lugu

d)

basa ngoko lugu lan krama alus

10.

Pacelathone Abdi marang bendara nggunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus