NEW
Font size
WorksheetsUH Geguritan
Total questions: 20
Worksheet time: 1hrs 4mins
Maca geguritan kudu nggatekake wiraga, kang tegese…
Solah bawa nalika maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan
Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan
Ing ngisor iki endi kang minangka titikane geguritan, yaiku…
Tetembungane sithik
Migunakake tembung baku
Ora perlu nganggo lelewaning basa
Tetembungane mentes, ringkes, pantes
Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama.
Dene kang dikarepake wirama yaiku…
Gedhe cilik ukara
Rasa pangrasane pocapan
Munggah mudhune swara
Dawa cendheke tetembungan
Geguritan ing basa Indonesia diarani . . .
Puisi
Pantun
Drama
Naskah
Asil karya sastra sing ora kaiket aturan guru gatra, guru, wilangan, lan guru lagu diarani .....
Gancaran
Tembang
Geguritan
Drama
Ing geguritan kasebut ana tembung "Sang Hyang Bhagaskara", sing dasanamane .....
Geni
Srengenge
Angin
Mega
Amanat utawa pesen sajrone geguritan yaiku .....
Nemtokake tema sajrone gegurotan kanthi cara nggathukake ukara
Tatacara ngudhari utawa negesi tembung-tembung sing utama sajrone geguritan sing dikarang
Piwulangan apa wae sing kepengin diandharake dening panggurit marang pamaca lumantar geguritane
Carane ngonceki isine geguritan sarana negesi tembung-tembung sing utama lan nggoleki bakune gagasan
Amanat utawa pesen sing bisa dijupuk saka geguritan kasebut yaiku .....
Kita kudu njaga gunung Merapi
Gunung Merapi dadi saksi bisu kridhaning bangsa Indonesia
Penjajahan ing jaman Mataram kuno nganti madege kraton Ngayogyakarta
Kaendahan gunung Merapi
Geguritan kasebut ditujokake kanggo .....
Guru
Sliramu
Wong sing ditresnani
Gusti
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia
Katon Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat
Katon sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....
Bisa ngarang
Pinter nembang
Ngerti pengarange
Paham isine
Kang digateake nalika maca geguritan, kajaba ...
intonasi
irama
mimik wajah/ekspresi
guru lagu lan guru wilangan
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Sapa sing nulis geguritan ing duwur?
R. Widiyati
Jeng Kitut
Bunda Etik Kusweni
Astuti
Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .
dawane ukara
pathokan
rasaning swasana ati
pocapan kang cetha
cara maca endah geguritan ing ngisor iki, kejaba...
diwaca alon kanthi iramane trep
maca karo kesuh-kesuh
macane aja gemrungsung
dhuwur cendheke swara manut ukara
