wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS 2 BAHASA JAWA

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Lawa lima kalong telu dadi piro? Batangane yaiku ….

a)

Loro

b)

wolu

c)

limo

d)

telu

2.

Ana gajah numpak becak, ketok apane?

a)

kupinge

b)

gendute

c)

irenge

d)

mbujuke

3.

“Segara beldhes” yen diudal manut wancahane dadi ….

a)

tompo cemanthel kaki wedi

b)

susur teles pepenen

c)

segane pera sambele pedhes

d)

pamane punuk bibine kuru

4.

Wong dodol klapa dikepruki. Sing dikepruki yaiku ….

a)

wonge

b)

klapa

c)

wit

d)

kayu

5.

Batangane “Sega sak kepel dirubung tinggi” yaiku

a)

nanas

b)

salak

c)

prahu

d)

celana

6.

batangane Cangkrimane “Pager kobong watune mendhelis” yaiku ….

a)

gerbong tulis

b)

pak boletus

c)

bornas kopen

d)

kicak ketan

7.

Cangkriman “dikethok malah dhuwur” kalebu cangkriman awujud ….

a)

pepindhan

b)

plesetan

c)

tembang

d)

wancahan

8.

Cangkriman ngisor iki wacanen kanthi setiti!

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara

Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku ….

a)

gelang jam

b)

tasbih

c)

ali-ali

d)

binggel

9.

Cangkriman kang wujud pepindhan uga diarani cangkriman ….

a)

irib-iriban

b)

cekakan

c)

tembang

d)

plesetan

10.

Unen-unen kang rupa bedhekan utawa Batangan arane ….

a)

geguritan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

cangkriman

11.

1.      Wacanen cangkriman ngisor iki kanthi setiti!

Bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

Batangane tembang pucung ing dhuwur yaiku ….

a)

sepur

b)

sabuk

c)

pesawat

d)

kapal

12.

Emboke dielus-elus anake diidak-idak. Batangane ….

a)

kapal

b)

sulak

c)

nanas

d)

andha

13.

“Ing ngisor kedung ing dhuwur payung”batangane ukara kasebut yaiku ….

a)

wakul

b)

dhandang

c)

bata

d)

pawon

14.

"bocah cilik blusak blusuk nang kebon" batangane .......

a)

andha

b)

wakul

c)

jarum

d)

prahu

15.

Pak boletus kalebu cangkriman awujud …

a)

pepindhan

b)

plesetan

c)

wancahan

d)

tembang

16.

Tuwok rawan” batangane yaiku ….

a)

untune krowok larane ora karuwan

b)

tepak kebo lelene satus

c)

segane pera sambale pedhes

d)

bubur panas kokopen

17.

Cangkriman “sepet” yaiku ….

a)

bocor malah kebak

b)

rasane padha karo jenenge

c)

manuk biru

d)

wit adhikih woh adhakah

18.

Jangkepane cangkriman pak demang klambi abang ….

a)

rupamu kaya kranjang

b)

disuduk manthuk-manthuk

c)

penggaweane saba blumbang

d)

disawang malah ilang

19.

Wacanen cangkriman ngisor iki kanthi setiti!

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sangkamu ing sabrang

Ngon-ingone sang bupati

Yen lumampah, si pucung lembehan grana

Batangane tembang pucung ing dhuwur yaiku ….

a)

macan

b)

gajah

c)

naga

d)

pitik

20.

“Tibane ngisor digoleki ndhuwur” batangane ….

a)

prahu bocor

b)

genteng bocor

c)

sapu kerik

d)

celana