NEW
Font size
Worksheetsx mm,bdp,akkl pts b.jawa semester genap th 2022
Total questions: 30
Worksheet time: 3600secs
Teks crita wayang yaiku. . .
Teks sing nyritakake ngenani laire wayang
Teks sing nyritakake ngenani asmarane wayang
Teks sing nyritakake ngenani lelakon uripe wayang
Teks sing nyritakake ngenani wayang purwa
Teks sing nyritakake ngenani patine wayang
Dasanamane Arjuna yaiku. . .
Mintaraga, Permadi, Werkudara
Mintaraga, Jlamprong, Suwandhagni
Janaka, Mintaraga, Sumantri
Janaka, Mintaraga, Permadi
Jlamprong, Parikesit, Abimanyu
Struktur teks crita wayang cacahe ana lima, yaiku. . .
Pambuka, pasulayan, wos, panutup
Pambuka, pasulayan, pangudhar, panutup
Pambuka, pasugatan, pangudhar, panutup
Pambuka, pasulayan, pangandhar, panutup
Pambuka, pasulayan, pangudhar, panuduh
Alur cacahe ana . . .
Telu (Maju, Minggir, Campuran)
Telu (Maju, Mundur, Maju)
Telu (Maju, Mundur, Campuran)
Papat (Maju, Mundur, Ngiwa, Nengen)
Papat (Maju, Mundur, Mojok, Campuran)
Salah sawijine unsur intrinsik sing nggambarake panggonan, wektu, lan swasana sajrone teks yaiku. . .
Tema
Latar
Alur
Pamawase panulis
Paraga
Serat wedhatama dianggit dening
KGPAA Mangkunegara V
KGPAA Mangkunegara IV
Sri Sultan Hamengkubuwana X
Sri Sultan Hamengkubuwana IX
Jaya Baya
Mobil Murah
Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.
Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.
”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam.”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune.”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus.
Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”
”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.
”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake
ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.
Karakteristik wacan kanthi irah-irahan “Mobil Murah” Sing bener. Kajaba…
Guyonane ngandhut pasemon,wewarah, lan utawa .
Isine nyritakake lelakone paraga/wong penting.
Guyonane lugu/ wantah.
Mupangate minangka sarana kritik
Mupangate minangka sarana hiburan.
”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite. Pethikan teks iki klebu…
Tembung Wedhatama anggadhahi makna...
pitutur utama
tumindak utama
piwulang utama
solah bawa utama
pituduh utama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi anggadhahi makna...
supados boten bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang becik
supados bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang becik
supados boten bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang kecik
supados boten bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang ala
supados bodho lan anggadhahi solah bawa pambudi ingkang kecik
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung anggadhahi makna...
supados kita mangertos arta ngelmu ingkang luhur
supados kita mangertos artos ingkang luhur
supados kita boten mangertos artos ngelmu ingkang luhur
supados kita mangertos artos ngelmu ingkang luhur
supados kita boten mangertos arta ngelmu ingkang luhur
Gonyak ganyuk nglelingsemi anggadhahi makna...
tumindakipun damel lingsem awakipun kaluwarga
tumindakipun damel lingsem awakipun sadherek
tumindakipun damel lingsem awakipun tangga teparo
tumindakipun damel lingsem awakipun kanca
tumindakipun damel lingsem awakipun piyambak
Ingkang boten kalebet bab ingkang dipungatekaken nalika maos cerkak inggih menika...
mangertosi wos cerkak
wiraga
pangucaping aksara, wanda, tembung, lan ukara cetha
wirama/intonasi variatif, boten ajeg/monoton
ekspresi jumbuh kaliyan wosing cerkak
'Sugali bodhine atletis. Dedege dhuwur, pakulitane ireng, rambute disemir abang kaya selebritis. Saben mulih mlakune ajeg sempoyongan merga mendem. Rambute awut-awutan kaya buta nalika kalah perang'.
Saking ukara ing nginggil, kita saged nemokaken...
alur
latar
konflik
paraga
liding carita
Pawartos menika kedah aktual. Aktual menika kagungan teges...
pamaos langkung nggatekaken tumrap prastawa ingkang dumadi sakiwa tengenipun tinimbang pawarta saking papan sanesipun
bab ingkang enggal langkung becik tinnmbang pawartos ingkang dangu
damel sengsem, mesem, lan gumuyu
saged ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung
ndadosaken ngowahi kahanan
Pawarta ingkang kekinian langkung narik kawigaten pamaosipun. Menika kalebet sipat pawartos ...
tintrim
kamajengan inovasi
congkrah
humor
jarak
Guru lagu saka tembang macapat Pangkur yaiku…
i, o, e, i, i, u
i, a, o/e, a, a, u, a
a, i, a, a, i, a, i
a, i, u, a, u, a, i
u, u, i, a, o
Dene guru wilangan saka tembang macapat Pangkur yaiku…
8, 11, 8, 7, 12, 8
7, 10, 10, 8, 8
10, 6, 10, 10, 6, 6
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
8, 11, 7, 8, 12, 8
Serat Wedhatama iku dumadi saka 5 pupuh. Dene tembang pangkur minangka pupuh kaping pira ing Serat Wedhatama?
1
2
3
4
5
Tembang ing ngisor iki kang kalebu pupuh sajrone Serat Wedhatama yaiku…
Dhandanggula
Mijil
Asmaradana
Sinom
Durma
Kanggo mangerteni isine tembang kang kudu ditindakake luwih dhisik yaiku…
Kudu bisa nembangake
Kudu bisa mangerteni tegese saben tembung
Kudu bisa ngerti paugerane
Kudu bisa mangerteni panganggite
Kudu bisa mangerteni cak-cakane
Cacahing wanda ing saben gatra diarani…
Guru lagu
Guru wilangan
Guru gatra
Cak-cakan
Paugeran
Guru lagu saka tembang macapat Pangkur yaiku…
i, o, e, i, i, u
i, a, o/e, a, a, u, a
a, i, a, a, i, a, i
a, i, u, a, u, a, i
u, u, i, a, o
Dene guru wilangan saka tembang macapat Pangkur yaiku…
8, 11, 8, 7, 12, 8
7, 10, 10, 8, 8
10, 6, 10, 10, 6, 6
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
8, 11, 7, 8, 12, 8
Watak saka tembang macapat Pangkur yaiku…
Prihatin
Canthas, ethes
Seneng, tresna
Trenyuh, memelas
Seneng, nepsu
Mingkar mingkuring angkara. Gancaran saka gatra macapat kasebut yaiku…
Ngadohi hawa lan nepsu
Wong kang owah sipate
Wong kang mencla-mencle
Sipate wong iku bisa molah-malih
Wong elek bakalnemu cilaka
Gegandhengan karo kadadeyan kanthi adhedhasar urutan wektu uga diarani…
Tema
Alur
Latar
Sudut pandang
Watak
