WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 39
Worksheet time: 20mins
Sangkamu ka Cirebon
Tembung sangkamu tegese ....
apamu
asalmu
karepmu
sapamu
Ing riyaya, kita sedaya padha sowan tangga teparo nyuwun pangaksama.
Tembung pangaksama tegese ....
pameling
panganan
sandhangan
pangapura
Pocung
Bapa pucung, renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Lakumu ing dalan wesi
Teka lunga si pucung mutah manungsa
Bedhekan saka tembang Pocung ing dhuwur yaiku ....
motor
bis
sepur
dokar
Tembang Pocung iku kalebu tembang ....
klasik
dolanan
macapat
gagrak anyar
Ing dina Minggu, Afiqah lan keluargane plesir menyang Pantai Istambul Demak.
Tembung plesir ing dhuwur tegese ....
piknik
lantaran
dolan
wayah
Pas preinan wingi, akeh wong sing padha plesiran njalari dalanan pada macet.
Tegese tembung njalari yaiku ....
ketemu
nyebabake
wayah
tansah
Ing ngisor iki kang kalebu pengalaman kang nyenengake yaiku ....
Piknik menyang Taman Mini Indonesia Indah.
Tiba kecemplung kalen pas latihan numpak motor.
Mangan mie ayam kepedhesen lombok setan.
Mangkat sekolah telat amarga kawanen tangine.
Pak tani lan bu tani ing desaku padha seneng atine amarga mangsa rendheng wis teka. Sedhela maneh mesti bakal ....
panen
ngundhuh
matun
nandur
Crita pengalaman ingkang leres punika dipun tindakaken dening ....
awakipun piyambak
kancanipun
tiyang sepuhipun
gurunipun
Piknik Datheng Yogyakarta
Wayah liburan lare-lare badhe piknik dhateng Yogyakarta. Ingkang piknik datheng Yogyakarta lare-lare kelas tiga. Bidhalipun piknik nalika dinten Minggu wanci jam setengah pitu enjang saking sekolahan.
Topik waosan ing nginggil nerangaken babagan ....
wayah lare-lare piknik ing mangsa liburan
wayah liburan lare-lare sekolah
wayah liburan lare-lare piknik
wayah lare-lare piknik liburan
Piknik Datheng Yogyakarta
Wayah liburan lare-lare badhe piknik dhateng Yogyakarta. Ingkang piknik datheng Yogyakarta lare-lare kelas tiga. Bidhalipun piknik nalika dinten Minggu wanci jam setengah pitu enjang saking sekolahan.
Sesirah waosan ing nginggil yaiku ....
Piknik Datheng Yogyakarta
Piknik Kelas Tiga
Piknik ing Dinten Minggu
Piknik Asyik Menyang Yogyakarta
Bocah menawa matur marang wong tuwa sing bener nganggo basa ....
ngoko
krama
ngoko alus
krama ngoko
Tembang "Padhang Rembulan" nggambaraken swanten wayah ....
rina
ndalu
sonten
enjing
Mbenjang dina Minggu aku arep piknik bareng kanca-kancaku.
Tembung mbenjang ing dhuwur nduweni teges ....
wingi
sesuk
sak iki
mbiyen
tembung ngramut tegese...
ngopeni
ngrusak
nulung
Bapak numpak sepur.
numpak benere ...
numpak
nitih
munggah
Mangsa angel oleh pangan diarani ...
paceklik
pagebluk
padadaran
puisi ing basa Jawa diarani ... .
geguritan
sanepa
macapat
Ibu arep adus. Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil yaiku ...
ibu arep siram
ibu badhe siram
ibu badhe adus
Tim sing dinas wis rawuh. Bapak lan ibu guru jumeneng nyambut tamu. Sawise tamune pinarak, tari Endel wiwit disuguhna. Para tamu lan bapak ibu guru mirsani tari topeng Endel karo nyambi dhahar buah-buahan sing wis dicawisna, ana sega sakepel dirubung tinggi, wit adikih woh adakah, ana uga pitik walik saba kebon.
Cngkriman sega sekepel dirubung tinggi batangane yaiku ....
salak
nanas
sulak
semangka
Aku ngadeg neng pereke Bu Laras karo Bu Yuli. Bu Laras ora kemedhep mirsani bocah wadon sing cacahe papat nari topeng Endel. Raine penari nganggo topeng bentuke lukisan wajah sing ayu. Bu Yuni uga katon asik midhangetna alunan gendhing tegalan. Tari topeng Endel pancen apik, gerakane lincah lan gesit pas nemen karo arane yakuwe Endel sing artine kenes, gendhil utawa menjeng.
Tembung gendhil tegese padha karo tembung ....
ayu
gagah
meneng
ganjen
Neng TPQ (Taman Pendidikan Qur’an) ana acara wisuda. Santri sing repan diwisuda wis siap. Sadurunge acarane diwiwiti, ana selingane yakuwe seni kuntulan. Ibu ngejak bapak mirsani kuntulan. Bapak sing lagi midhangetna radio garo dhahar sing bosok malah enak gagiyan salin ngagem klambi koko. Bapak lan ibu tindak bareng maring TPQ. Bayu sing lagi dolanan gagiyan salin nganggo kathok sing dikethok malah duwur lan melu ndeleng kuntulan.
Tembung krama inggil kang tinemu ana ing wacan yaiku ....
diwisuda
mirsani
gagiyan
dolanan
Basa bakune "gagiyan" yaiku ....
ora ana
apa meneh
cepetan
kayane
Bapak pocung bieger sirah lawan gembung,
tansah kinunjara,
sasat mati jroning urip,
metu krangkeng bisa urip sagebyaran.
Cangkriman awujud tembang iki batangane apa?
gajah
penthol korek
sepur
klenthing
"Ibu repan tuku seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas."
Ukara iki yen diowahi dadi basa ngoko alus sing bener yaiku ....
Ibu repan tumbas seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.
Ibu repan tuku seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.
Ibu badhe tuku seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.
Ibu repan mundhut seprei nggo ngadho nikahane bulik Sri, Mas.
Bapak sakit, miki kas nginung obat dadine ngantuk arep turu.
Ukara iki kurang trep digunakake kanggo ngomongke wong tuwa, sing bener yaiku ....
Bapak gerah, miki kas ngunjuk obat dadine ngantuk arep sare.
Bapak lara, miki kas ngunjuk obat dadine ngantuk arep sare.
Bapak gerah, miki kas ngombe obat dadine ngantuk arep tilem.
Bapak mriyang, miki kas ngunjuk obat dadine ngantuk arep tilem.
Bapak ibu guru sing mirsani tari topeng Endel kaya kehipnotis sangkin apike tarian kiye. Bocah-bocah sing ndeleng ya kayong seneng soale saiki wis arang-arang ana tarian tradisional. Bener-bener ora nyangka yen bocah kelas pitu bisa nari topeng Endel luwes lan lincah. Jebule Tegal duwe budaya khas sing ora ditemoni neng daerah liyane, tari topeng Endel salah sijine. Tarian kiye ora kalah apike karo tari liyane.
Pokok isine paragraf iki yaiku ....
Gerakan khase tari Topeng Endel
Tegal duwe budaya khas sing laka ing daerah liyane
Penari Topeng Endel kudu lincah
Bu Guru mirsani tari topeng Endel dadi kehipnotis
Ibu : Najwa
Najwa : . . . . .
Ibu : tumbasno gula yo nduk
Najwa: Inggih bu
Ukara kang trep kanggo mangsuli Ibu yaiku . . . . .
Ana apa bu?
Iyo bu
dalem bu
tembang pocung iku kalebu tembang ...
(a)
guru gatra tembang pocung iku ana ... larik
(a)
guru lagu tembang pocung yaiku ...
(a)
guru wilangan uga diarani ...
(a)
guru wilangan tembang pocung yaiku ...
(a)
"bapak pocung dudu watu dudu gunung"
guru lagu larik tembang pocung iki yaiku ...
(a)
"sabamu ing sendhang"
guru lagu larik tembang pocung ini yaiku ...
(a)
"pencokane lambung kering"
guru wilangan larik tembang pocung iki yaiku ...
(a)
"prapteng wisma si pocung mutah kuwaya"
guru wilangan larik tembang pocung iki yaiku ...
(a)
tembung "bumbung" ing tembang pocung basa padinane yaiku ...
(a)
Ukara kang nyritakake bab utawa kedadean lan dipungkasi tandha titik kalebu ukara....
Pakon
Pitakon
Andharan
Dolanan
