wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kelas 6 | Cangkriman (Globalisasi)

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” sing tegese ....

a)

bola dunia

b)

donya

c)

bal bunder

d)

di dunia

2.

Jaman saiki diarani era globalisasi. Era globalisasi tegese......

a)

Jaman teknologi mendunia

b)

Jaman maju

c)

Jaman durung maju

d)

Jaman bakal maju

3.

Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....

a)

majune teknologi

b)

ilange budaya asli

c)

komunikasi saya angel

d)

ilange pakulinan gotong royong

4.

Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ....

a)

Papat

b)

Loro

c)

Telu

d)

limo

5.

Sing ora klebu wujude cangkriman yaiku ....

a)

Paribasan

b)

Pepindhan

c)

Wancahan

d)

plesetan

6.

Cangkriman ing ngisor iki sing wujude pepindhan yaiku ....

a)

sega sakepel dirubung tinggi

b)

Pak lawa

c)

urang sapikul matane pira?

d)

urang sapikul matane pira?

7.

Ana tulisan arab, macane sakangendi? Kalebu cangkriman sing wujude .....

a)

Plesetan

b)

tembang

c)

Cekakan

d)

irib-iriban

8.

Dikethok malah dhuwur kalebu cangkriman awujud ....

a)

Pepindhan

b)

Wancahan

c)

Blenderan

d)

sinawung ing tembang

9.

Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ....

a)

Wong adol krambil dikepruki

b)

Buta buri

c)

Segara beldhes

d)

Bocor malah kebak

10.

Bosok malah enak klebu cangkriman awujud....

a)

irib-iriban

b)

Cekakan

c)

Plesetan

d)

Tembang

11.

Pitik walik saba meja, batangane ....

a)

Sulak    

b)

Nanas

c)

Salak

d)

pitik lanang/jago

12.

Pitik walik saba kebon, batangane ....

a)

Nanas

b)

sulak

c)

salak

d)

pitik jago

13.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba, si pucung mung turut kutha.

Bedhekane yaiku ....

a)

sepur

b)

Wudun

c)

korek

d)

Gajah

14.

Bapak pucung endi lor endi kidul

Laku tapa brata

Mung kepingin bisa malih

Dadi kupu si pucung wedaring tapa

Bedhekane yaiku...

a)

Kupu

b)

Laron

c)

Tawon

d)

Walang

15.

Bapak pucung rupamu amemba gunung.

Tan ana kang tresna.

Kabeh uwong mesthi sengit.

Kang kanggonan den elus tetangisan.

Bedhekane yaiku....

a)

Wudun

b)

Sepur

c)

Gajah

d)

Panu

16.

Unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang, utawa dibedhek diarani .....

a)

cangkriman

b)

paribasan

c)

bebasan

d)

tetembangan

17.

Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane ....

a)

genteng bocor

b)

prahu bocor

c)

wong unduh krambil

d)

kapal mabur

18.

Abang-abang dudu kidang, persegi dudu pipisan, bedhekane cangkriman iku ....

a)

bata

b)

gethuk

c)

ontong gedhang

d)

buku

19.

Tebu ditata mlebu lori, cangkriman sing mathuk karo batangan ing ngarep yaiku ....

a)

buta buri

b)

segara beldhes

c)

wit adikih woh adakah

d)

pak demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk

20.

Nyata kowe wasis-sis. Batangen sing gelis, lis lis lis.

Bapak demang klambi abang, Disuduk manthuk manthuk.

Batangane .....

a)

ontong gedhang

b)

bata

c)

kates

d)

Pak Lurah

21.

Urang sapikul matane pira?

a)

6

b)

akeh

c)

12

d)

3

22.

Bocor malah kebak, batangane ....

a)

prahu

b)

omah

c)

kendhi

d)

balon

23.

Biru bisane dadi wungu diapakake?

a)

digepuki

b)

digambari

c)

dicat

d)

ditutupi

24.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara

Bedhekane yaiku....

a)

gelang jam

b)

tasbih

c)

gelang emas

d)

kalung

25.

Bapak pucung buntut dawa sirah gembung

Mbanterake swara

Lamun urip nganggo listrik

Munggah panggung saben ana adicara

Tembang pucung ing dhuwur batangane...

a)

Mikropon

b)

ula

c)

lampu

d)

penyanyi