WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....
Dilebokne malah metu
Klambine dilebokne lemari
Bukune dilebokne tas
Klambine gak dilebokne
Sega sakepel dirubung tinggi = ......
salak
nanas
andha
sulak
Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung
Wujud kothak dawa
Nguntal barang sakabehing
Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha
pesawat
montor
andha
Trek
Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......
geni
banyu
lemah
angin
Duwe rambut ora nduwe endhas = ......
jagung
pari
sulak
nanas
Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......
sulak
nanas
salak
andha
Gajah numpak beccak ketok apane ? = .......
gedhe
ngapusi
awake
becake
Jenenge padha karo rasane = ......
keset
legi
asem
pait
Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani....
cangkriman
plesedan
unen-unen
paribasan
Ing ngisor iki sing klebu wujude cangkriman yaiku....
cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)
cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude geguritan
cangkriman sing wujude plesetan, cangkriman sing sinawung ing parikan
cangkriman sing sinawung ing tembang, lan cangkriman sing awujud geguritan
Dikethok malah mundhak dhuwur.
Batangane...
sabuk
clana
pring
nanas
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sangkamu ing sabrang
ngoningone sang bupati
yen lumaku si pucung lambeyan grana.
batangane cangkriman kuwi...
sepur
sabuk
gajah
jun/wadah banyu
Cangkriman "Pitik walik saba kebon" batangane ...
salak
nanas
kates
pring
Cangkriman " bocah cilik nggendhong omah", batangane ...
siput
kodok
jaran
kucing
Cangkriman uga diarani..
Geguritan
Pacelathon
Parikan
Bedhek bedhekan
Burnaskopen, kalebu cangkriman..
Wancahan
Pepindhan
Blenderan
Bedhekan
Ana kapal disawat watu bisa kelem,kira-kira gedhe apane?
Gedhe kapale
Gedhe sing nyawat
Gedhe ndobose
Gedhe watune
Bapak pucung,renteng renteng kaya kalu
Dawa kaya ula
Penclokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Apa iku batangane?
Klenthing
Sepur
Sabuk
Gelang jam
Bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk rajawali
Wira wiri si pucung nggawa barang lan manungsa
Bis
Sepur
Montor miber
Kapal laut
Gambar iki batangane saka cangkriman ... .
sega sekepel dirubung tinggi
Wit adhikih woh adhakah
Rasane padha karo jenenge
Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong
