wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TryOut Bhs Jawa Bag 1

Total questions: 20

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

2.

Nalika penulis ngarang teks geguritan miwit kanthi netepake ....

a)

Tema karangan

b)

Judul karangan

c)

Isi karangan

d)

Kesimpulan karangan

3.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

4.

Tema geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun ing keluarga

b)

Guyub rukun ing sekolah

c)

Guyub rukun ing lingkungan

d)

Guyub rukun ing masyarakat

5.

Salah sijine struktur teks geguritan yaiku ....

a)

Patrap

b)

Nyawiji

c)

Sarana

d)

Larik

6.

Kumpulan larik kang selaras diarani ....

a)

Bait

b)

Tembung

c)

Larik

d)

Irah-irahan

7.

Wirama yaiku ....

a)

Kumpulan larik kang selaras

b)

Tujuane penulis gawe geguritan

c)

Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake

d)

Tembung seng ora sebenere

8.

Parafrase yaiku ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud ....

a)

Tembang / lagu

b)

Gambar

c)

Prosa / cerita

d)

Diagram

9.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

10.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....

a)

Bisa ngarang

b)

Pinter nembang

c)

Ngerti pengarange

d)

Paham isine

11.

Apa wae kang ndukung supaya anggone maca geguritan tambah enak diperlukno ....

a)

Sarana

b)

Nyawiji

c)

Olah vokal

d)

Patrap

12.

Tema geguritan bisa ditemoake kanthi cara ....

a)

Ngerungokno kanthi saksama

b)

Ngerungokno kanthi ngomong

c)

Maca geguritan kang titi

d)

Maca kanthi ngomong

13.

Nalika maca geguritan swarane kudu ....

a)

Lirih

b)

Banter

c)

Rodok banter

d)

Banter terus

14.

Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....

a)

Mentes lan mantesi

b)

Lumrah digunake

c)

Angel dingerteni

d)

Ora tau digunakake

15.

ibu damel sedekah awujud sego tumpeng. basa kramane "awujud" yaiku ...

a)

arupi

b)

arupa

c)

wujude

16.

Bapak mangkat Surabaya. tembung mangkat benere yaiku ....

a)

bidhal

b)

tindak

c)

lunga

17.

Omahe budhe wonten Semarang. tembung omahe benere ....

a)

daleme

b)

dalemipun

c)

griyanipun

18.
Tema, latar lan alur kalebu ….
a)
unsur intrinsik
b)
unsur politik
c)
unsur sosial
d)
unsur ekstrinsik
19.
Latar sing nuduhake panggon yaiku …
a)
jam sepuluh
b)
sedhih banget
c)
mengko sore
d)
ing sekolah
20.

Andharan babagan wektu,kahanan,lan papan dumadine crita diarani... .

a)

tema

b)

latar

c)

pesan moral/amanat

d)

Alur