wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Salah sawijine cara kanggo nawakake barang utawa jasa, yaiku ….

a)

Pariwara

b)

wara-wara

c)

sedhahan

d)

pranata adicara

2.

Wangsulan ing ngisor iki kalebu basa iklan, kajaba ….

a)

ringkes

b)

narik kawigaten

c)

prasaja

d)

ngayawara

3.

Kang kalebu iklan layanan masyarakat, yaiku ....

a)

iklan sepatu

b)

iklan anti korupsi

c)

iklan kecap

d)

iklan odhol

4.

Iklan kang apik iku kudu duweni ….

a)

Basa kang ngayawara

b)

Wektu penayangan kang dawa

c)

Ancas kang gampang dimangerteni

d)

basa kang ndakik-ndakik

5.

Narkoba bahaya kang nyata


Isine iklan masyarakat ing dhuwur, yaiku ….

a)

pangajab supaya masyarakat nganggo narkoba

b)

pangajab supaya masyarakat ngadohi narkoba

c)

pangajab supaya masyarakat urip resik

d)

pangajab supaya masyarakat nganggo narkoba

6.

Kepriye ukara kang trep kanggo iklan mie ayam?

a)

Mi Jawa rasa Italia. Cespleng!

b)

Pisan nyoba, bali terus ing wusana!

c)

Empuk, rasa eca, panganan gizi. Uenak tenan!

d)

Mie Ayam Pak Kusna uenak tenan!

7.

Iklan medhia cetak iku ana kang ditulis ing ariwarti.

Ariwarti uga disebut ….

a)

majalah

b)

tabloid

c)

koran

d)

buku pelajaran

8.

Iklan lumantar televise bisa disebut uga iklan audiovisual.

Audiovisual tegese ….

a)

bisa dideleng lan dirungokake

b)

bisa dirungokake

c)

lumantar medhia elektronik

d)

bisa narik kawigaten

9.

Gatekna pethilan teks rekaman pariwara ing ngisor iki!


O2 : “lha genea ya mudheng, pengisi acarane intens lan ISI Surakarta, rugi gedhe yen sampeyan nganti gak nonton.”

O1 : Nek kuwi tetep nonton, lawong aku kok len-len.”

(Teks rekaman pariwara Ruang Seni Sukoharjo)


Bab kang dirembug ing pethilan teks rekaman pariwara kasebut, yaiku...

a)

Pertunjukan tradisional

b)

Acara karang taruna Kabupaten Sukoharjo

c)

Pertujukan ruang seni Sukoharjo

d)

Nonton seni pertunjukan ing Sukoharjo

10.

Panjenengan remen midhangetaken Wayang Kulit, nglaras Gendhing Jawi, Kethoprak, lan Macapat?

Kadherekaken dening penyiar-penyiar ingkang grapyak...semanak...luwes

Mangga midhangetaken


Isi kang baku sajroning dengaran pariwara ing dhuwur yaiku...

a)

Midhangetaken Panglipur Jawi

b)

Midhangetaken Kesenian Jawi

c)

Midhangetaken Kabudayaan Jawi

d)

Midhangetaken Kagunan Jawi

11.

Bab- bab kang kudu digatekake ing babagan pariwara kaya ing ngisor iki, kajaba...

a)

Narik kawigaten

b)

Cetha ukarane

c)

Wektu giyare pas

d)

Ragade giyaran larang

12.

Bab ing ngisor iki ora perlu digatekake nalika menehi panemu marang isine pariwara kang kalesanake, yaiku...

a)

Nggunakake basa manca

b)

Gampang dimangerteni dening wong liya

c)

Logis

d)

Ngetrapake subasita kang becik

13.

Perangan kang ora ana ing sajroning iklan, yaiku ...

a)

pambuka

b)

sambutan

c)

isi iklan

d)

informasi tambahan

14.

Ing ngisor iki kang ora klebu titikan teks pariwara, yaiku ...

a)

pasrawungan kang pribadhi

b)

tujuan kanggo narik kawigaten

c)

gawe panyaruwe marang wong akeh

d)

medhia massa minangka sarana nekakae pesen

15.

Ing ngisor iki kang minangka ancas iklan persuasif, yaiku ...

a)

njlentrehke cara kerja produk

b)

ngelingake supaya tuku produk

c)

ngelingake menawa produk kuwi dibutuhke ing wayah cedhak

d)

ajak-ajak marang wong akeh kanggo milih produk