Font size
WorksheetsBahasa Jawa : Cerita Wayang Srikandhi
Total questions: 20
Worksheet time: 46mins
Resi Bisma iku eyange para sedulur ....
Pandhawa
Pandhawa lan kurawa
Kurawa
Salah kabeh
Gaman kang bisa nembus dhadhane Resi Bisma yaiku ....
Gada
Pedang
Kampak
Panah
Gambar wayang iki gambare ....
Arjuna
Prabu Kresna
Srikandhi
Resi Bisma
Garwane Raden Arjuna kang maju dadi senapati perang, yaiku ....
Srikandhi
Dewi Untari
Wara Sembadra
Dewi Kunthi
Gathekna wacan iki!
Mangerteni manawa Resi Bisma wis nyirnakake kabeh putrane Prabu wiratha, lan ngosak-asik wadyabala Pandhawa, kesabarane Prabu Kresna wis entek. Prabu Kresna banjur malih wujud dadi denawa kang gedhe lan nggegirisi.
Nalika Prabu Kresna duka, panjenengane malih dadi denawa. Tembung denawa pada karo ....
Dewa
Raksesa
Senapati
Anak
Gathekna wacan iki!
Resi Bisma pasrah lan lila lan legawa seda ing astane Prabu Kresna. Nanging Raden Arjuna ngemutake, manawa Prabu Kresna wis janji ora bakal tumandang ing perang Baratayudha. Mireng ature Raden Arjuna Prabu Kresna banjur mendha. Banjur bali marang wujud asline.
Tembung lila lan legawa tegese ....
Manut
Ikhlas
Melu
Lega
Prabu Kresna banjur malih wujud dadi denawa kang gedhe lan nggegirisi. Resi Bisma pasrah lan lila lan legawa seda ing astane Prabu Kresna. Nanging Raden Arjuna ngemutake, manawa Prabu Kresna wis janji ora bakal tumandang ing perang Baratayudha. Mireng ature Raden Arjuna Prabu Kresna banjur mendha. Banjur bali marang wujud asline.
Tembung ngemutake ateges . . .
Nglilakake
Ngapusi
Nglalekake
Ngelingake
Nanging Raden Arjuna ngemutake, manawa Prabu Kresna wis janji ora bakal tumandang ing perang Baratayudha. Mireng ature Raden Arjuna Prabu Kresna banjur mendha. Banjur bali marang wujud asline.
Pitutur luhur saka petikan wacan ono ndhuwur, yaiku ....
Ngelingake marang liyan supaya ora gampang nesu.
Ngelingake supaya netepi janji sing wes diucapake
Ora gampang golek mungsuh marang kancane
Ojo seneng padu mundhak dadi watu
Perang antarane Pandhawa lan Kurawa mapan ana ing ....
Wiratha
Astinapura
Endraprasta
Tegal Kurusetra
Kang kanggo sanggane badane Resi Bisma yaiku ....
Tugelan panah
Kasur kang alus
Gaman kang rusak
lincak
Ibune para Kurawa yaiku ...
Dewi Kunthi
Dewi Madrim
Dewi Amba
Dewi Gendari
Sengkuni iku watake ...
A. Julig
B. Culika
C. Jujur
D. Sabar
Julig
Culika
Jujur
Sabar
Babone crita wayang Pandhawa yaiku ...
Ramayana
Mahabharata
Sekar Kedhaton
Kinanthi
Prabu Kresna banjur menehi pamrayoga supaya Wara Srikandhi kang madeg dadi senapati. Prabu Lresna mangerteni manawa Resi Bisma suthik lumawan wanita. Wiwitane Raden Arjuna ora sarujuk, nanging bareng diterangake dening Prabu Kresna Raden Arjuna banjur nglilani.
Tembung suthik ana pethikan crita ing dnhuwur ateges . . .
Ora gelem
Ora tau
Ora kleru
Ora mbiyantu
Wara Srikandhi iku sedulur tuwane ...
Drupadi
Dewi Larasati
Wara Sembadra
Dewi Utari
Para Pandhawa padha nolak dadi senapati amarga ora gelem ngadhepi eyange dhewe. Pitutur luhur saka pethikan crita ana ndhuwur yaiku ....
Resi Bisma banjur ngersakake papan kanggo nyangga awake supaya bisa mangerteni lakune perang Baratayudha. Raden Duryudana dhawuh marang Sengkuni supaya golek papan kanggo nyangga Resi Bisma. Dening Sengkuni digawakake kasur kang endah, nanging Resi Bisma ora kersa. Raden Arjuna banjur nglumpukake tugelan panah lan ditaleni dadi siji kanggo nyangga anggane Resi Bisma.
Tembung anggane ateges ....
Resi Bisma banjur ngersakake papan kanggo nyangga awake supaya bisa mangerteni lakune perang Baratayudha. Raden Duryudana dhawuh marang Sengkuni supaya golek papan kanggo nyangga Resi Bisma. Dening Sengkuni digawakake kasur kang endah, nanging Resi Bisma ora kersa. Raden Arjuna banjur nglumpukake tugelan panah lan ditaleni dadi siji kanggo nyangga anggane Resi Bisma.
Pitutur luhur saka pethikan wajan ana ndhuwur yaiku ....
Apa sing disiapake raden Arjuna kanggo nyangga anggane Resi Bisma?
Apa amanat crita wayang Srikandhi madheg senapati?
