NEW
Font size
WorksheetsUji Pemahaman Cerita Wayang
Total questions: 20
Worksheet time: 2hrs 40mins
Nalika nonton pagelaran cerita wayang kulit, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan sing nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamirsa bisa ngreteni babagan ....
a. tokoh
b. watak tokoh
c. latar
d. alur
e. pesen/amanat
Setitikna crita ing ngisor iki!
Ing tengah-tengahing dalan Bratasena dicegat Anoman, lan ngendika supaya Bratasena murungake niyate. Bratasena kang kukuh nite ora gelem mundur. Prang tandhing ora bisa kasirikake. Akhire Bratasena bisa menangake tandhing. Banjur Anoman menehi saran marang Bratasena supaya ngati-ati, merga nggoleki ilmu kang aran Tirtaprawitasari ora gampang lan akeh alangane. Banjur Bratasena mbacutake lakune. Satekane ing pinggir samodra kang ora ana pinggire, ombake gedhe lan thathit kang nyamber-nyamber. Ora ana wedine, Bratasena njegur nyilem ing dhasar samodra. Ing dhasar Samodra, Bratasena dicegat dening naga kang gedhene kaya wit pal. Ananging Bratasena bisa ngalahake naga mau. Ora let suwe Bratasena lemes lan semaput merga saking kesele. Saka kaweningan samodra, Dewa Ruci rawuh lan muji Bratasena kang bisa ngalahake naga kang dadi perwujudan hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhirine Bratasena. Banjur Bratasena menyat lan takon sapa Sejatine Dewaruci. Dewa Ruci njawab menawa dheweke yaiku wewujudan ing jero atine Bratasena.
Ancase Anoman nyegat Bratasena yaiku ....
nggugurake Bratasena
ngajak padu Bratasena
menehi sangu
nggawakake prau kanggo nyabrang samodra
nguji kaniatane Bratasena
Setitikna crita ing ngisor iki!
Ing tengah-tengahing dalan Bratasena dicegat Anoman, lan ngendika supaya Bratasena murungake niyate. Bratasena kang kukuh nite ora gelem mundur. Prang tandhing ora bisa kasirikake. Akhire Bratasena bisa menangake tandhing. Banjur Anoman menehi saran marang Bratasena supaya ngati-ati, merga nggoleki ilmu kang aran Tirtaprawitasari ora gampang lan akeh alangane. Banjur Bratasena mbacutake lakune. Satekane ing pinggir samodra kang ora ana pinggire, ombake gedhe lan thathit kang nyamber-nyamber. Ora ana wedine, Bratasena njegur nyilem ing dhasar samodra. Ing dhasar Samodra, Bratasena dicegat dening naga kang gedhene kaya wit pal. Ananging Bratasena bisa ngalahake naga mau. Ora let suwe Bratasena lemes lan semaput merga saking kesele. Saka kaweningan samodra, Dewa Ruci rawuh lan muji Bratasena kang bisa ngalahake naga kang dadi perwujudan hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhirine Bratasena. Banjur Bratasena menyat lan takon sapa Sejatine Dewaruci. Dewa Ruci njawab menawa dheweke yaiku wewujudan ing jero atine Bratasena.
Cerita ing dhuwur pantese diwenehi ater-ater ...
bima Bungkus
Bimasuci/Dewaruci
Anoman Duta
Gathutkaca lair
Anoman gugur
Gatekna Cerita iki !
Bratasena katon sedhih sawise Prabu Pandu lan Dewi Madrim mati di cemplungake ing Kawah Candradimuka. Dheweke nganggep apa gunane urip yen bakale di cemplungake ing Kawah Candradimuka kaya bapa lan ibune. Ing Padhepokan Sokalima, Resi Drona kelingan marang Bratasena laire awujud wungkus mratandhani yen Bratasena satriya kuwat lan gagah prakasa.
Resi Drona nuli ketemu Bratasena karepe menehi wejangan marang muride, Sengkuni uga ngrungokake nanging dheweke ngumpet ing ngisor wit. Supaya oleh ilmu kang sampurna, Bratasena dikongkon golek Kayu Gong Susuhing Angin ing puncak Gunung Candramuka. Bratasena nampa blaka apa kang diomong gurune, dheweke langsung mangkat menyang Gunung Candramuka.
Sengkuni nagih janji marang Resi Drona babagan njrumusake Bratasena, Resi Drona jawab yen dheweke wis njrumusake Bratasena. Buktine yaiku diwenehi tugas sing ora genah, golek Kayu Gong Susuhing Angin. Sengkuni ora percaya marang omongane Resi Drona, dheweke nuli ngongkon Dursasana lan dulur-dulure supaya nglacak lakune Bratasena.
Bratasena merangi Buta loro kang ngalangi dalan nuju Gunung Candramuka. Sawise dikalahake Bratasena, Buta loro mau malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bratasena diwenehi ali-ali kang aran Sesotya Mustika Manik Candrama kanggo tandha panarima amarga wis bebasake Bathara loro mau saka kasangsaran. Ali-ali mau bisa gawe sing nganggo duweni kasekten ngambah samudra sing jero lan amba. Dheweke uga takon babagan Kayu Gong Susuhing Angin, Pitakone dijawab Bathara loro mau. Nanging Bratasena durung paham apa kang diomong. Dheweke nuli jaluk pamit.
Ing Padhepokan, Bratasena njelasake apa kabeh sing kedadiyan marang awake. Resi Drona banjur menehi syarat sing kaping pindho, yaiku Tirta Pawitra ing jero Samudra Minang Kalbu.
Sadurunge mangkat, Bratasena jaluk pangestu marang ibune, Dewi Kunthi. Anteping tekad kang ana ing jiwa lan ragane, ora bisa dikalahake kekarepan ibune supaya ora lunga. Nanging akhire Dewi Kunthi menehi pangestu marang anak nomor lorone kuwi. Para Pandhawa lan Dewi Kunthi nuli ndongakake Bratasena supaya oleh slamet saka gusti sing gawe urip.
Ing tengahing golek syarat kang kapindho, Bratasena dialangi dening Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Wreka, Gajah Situbanda. Dheweke kabeh merangi Bratasena amarga ora gelem bali, dheweke kabeh namung kwatir marang keslametane Bratasena. Perang dimenangake Bratasena, Anoman lan kanca-kanca uga menehi pangestu marang anake Pandu kuwi, ora klalen jaluk supaya ngati-ati ing dalan.
Sawise ing pinggir samudera, Bratasena ngadeg njegreg, ombak ngulung mumbul kaya gunung, kilat cumalorot, gledeg jumeder, gawe miris atine Bratasena.
Bratasena netepi kang dikarepake, dheweke nuli manjing samudra. Kasektene ali-ali Sesotya Mustika Manik Candrama gawe banyu samudra dadi anteng. Ing jeroning samudra, Bratasena dicegad naga kang gedhene kaya wit tal arane Nagaraja. Bratasena nuli merangi naga mau, amarga kena kuku Pancanaka, naga mau ilang saka pandelenge Bratasena.
Ing jeroning samudra, Bratasena ketemu bocah cilik kang rupane kaya awake. Bocah cilik mau yaiku Dewa Ruci, iya jati dhirine Bratasena dhewe. Banjur Bratasena mlebu marang ragane Sang Dewa, atine nuli dadi ayem tentrem. Bratasena dadi manungsa sing atine suci lair lan batin. Dewa Ruci uga guneman yen Tirta Pawitra kuwi banyu suci ing jero ragane Bratasena.
Permadi lapor marang Resi Drona yen wis bedug nanging Bratasena durung bali. Resi Drona wis janji yen Bratasena durung bali nganti wektu bedug, dheweke arep nyusul kangmase Permadi kuwi. Ngerti yen Resi Drona nyusul Bratasena, Sengkuni ngongkon Kurawa supaya ngrebut Resi Drona saka Pandhawa, nanging niyate Kurawa digagalake dening Anoman. Bratasena ditemukake dening Resi Drona gumletak ing pinggir samudra. Awit saka iku, Resi Drona bakal bela Bratasena selawase.
Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka cerita kasebut pamireng ngreti yen karep saka cerita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing cerita sing diarani ....
tokoh
watak tokoh
latar
alur
amanat
Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur cerita wayang sing diarani ....
tokoh
watak tokoh
latar
alur
amanat
Setitikna crita ing ngisor iki!
Ing tengah-tengahing dalan Bratasena dicegat Anoman, lan ngendika supaya Bratasena murungake niyate. Bratasena kang kukuh nite ora gelem mundur. Prang tandhing ora bisa kasirikake. Akhire Bratasena bisa menangake tandhing. Banjur Anoman menehi saran marang Bratasena supaya ngati-ati, merga nggoleki ilmu kang aran Tirtaprawitasari ora gampang lan akeh alangane. Banjur Bratasena mbacutake lakune. Satekane ing pinggir samodra kang ora ana pinggire, ombake gedhe lan thathit kang nyamber-nyamber. Ora ana wedine, Bratasena njegur nyilem ing dhasar samodra. Ing dhasar Samodra, Bratasena dicegat dening naga kang gedhene kaya wit pal. Ananging Bratasena bisa ngalahake naga mau. Ora let suwe Bratasena lemes lan semaput merga saking kesele. Saka kaweningan samodra, Dewa Ruci rawuh lan muji Bratasena kang bisa ngalahake naga kang dadi perwujudan hawa lan nepsu kang kumanthil ing dhirine Bratasena. Banjur Bratasena menyat lan takon sapa Sejatine Dewaruci. Dewa Ruci njawab menawa dheweke yaiku wewujudan ing jero atine Bratasena.
Bratasena nyilem ing samodra amarga duwe karep ....
nggoleki Dewaruci
nggolek banyu Tirta Prawitasari
nylametake Anoman
ngasorake naga
muji kaluhurane Dewaruci
Perhatikan cerita Wayang di bawah ini!
Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura(Pandu menjadi Raja di Hastinapura)Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra nduwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Widura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata. Nanging sing jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake sing dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana nduwe kekurangan sing ginaris dening Gusti sing Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara sing dipangarsani titah sing cacat bakal nuwuhake swasana sing ora becik. Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus sing diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra sing arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
Paraga utama ing cerita kasebut yaiku ....
Prabu Pandu
Raden Sengkuni
Arjuna
Prabu Matswapati
Prabu Salya
Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura(Pandu menjadi Raja di Hastinapura)
Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra nduwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Widura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata. Nanging sing jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake sing dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana nduwe kekurangan sing ginaris dening Gusti sing Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara sing dipangarsani titah sing cacat bakal nuwuhake swasana sing ora becik. Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus sing diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra sing arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
Latar ing cerita kasebut yaiku mapan ing ....
Mandaraka
Suwala
Hastinapura
Gandara
Dwarawati
Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....
Kurawa
Pandawa
Sunjaya lan Wiyansampana
Yudhistira, Bima, lan Arjuna
Nakula lan Sadewa
Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura(Pandu menjadi Raja di Hastinapura)
Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra nduwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Widura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata. Nanging sing jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake sing dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana nduwe kekurangan sing ginaris dening Gusti sing Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara sing dipangarsani titah sing cacat bakal nuwuhake swasana sing ora becik. Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus sing diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra sing arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
Saka cerita iku, miturut tata aturan ing sajroning karaton sing gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang Nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur sing becik yaiku ....
aja rebutan kekuwasaan
nglenggana marang kekurangane
negara sing adiluhung
ngalah dhuwur wekasane
sapa nandur bakal ngundhuh
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada.Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
Ing crita Bima Bungkus , Dewi Umayi maringake Bima saperangan ubarampe , kajaba ...
cawat
busur
gelang
pupuk
porong
Sawise bungkusane kasil dipecah dening Gajahsena, sing dilakokake Bima yaiku ...
maturnuwun marang Gajahsena
sujud marang Bathara Narada
kekancan karo Bratasena
dadi prajurit Suralaya
Perang tanding karo Gajahsena
Pandhawa iku ana lima cacahe. Pembarepe yaiku puntadewa, dadi ratu ing ngamarta. Mula banjur kaaran Prabu Puntadewa ing Ngamarta. Dene adhi-adhine ana papat yaiku Raden Werkudara utawa Bima, Raden Arjuna utawa Janaka, lan sikembar Nakula lan Sadhewa. Pandhawa lima padha luhur bebudine, padha seneng tetulung uga seneng mbelani ing kabeneran. Raden Werkudara nduweni panguwasa ana ing Jodhipati, sing uga karan Tunggul Pamenang, putrane Raden Werkudara sing lair saka Dewi Arimbi awujud raseksa, jenenge Raden Tetuka, merga Dewi Arimbi iku sejatine Raseksi.Kadang Pandhawa padha katon sedhih, amarga saliyane awujud raseksa uga wis telung taun lawase isih mbopong ari-arine. Ari-arine mau ora bisa dipedhot nganggo piranti apa wae. Apa maneh nganggo wilah, gegaman lan pusaka wae ora tedhas. Nganggo kuku Pancanakane Werkudara uga ora pasah. Ing sawijining dina Bathara Narada rawuh ing Jodhipati. Nggawa pusaka warangka Kyai Kunta Wijayandanu. Kerise wis ora ana amarga direbut dening Raden Karna. Ari-arine Raden Tetuka mau bisa kapedhot nganggo warangka Kunta Wijayandanu. Wrangka manjing ing wetenge Raden Tetuka. Bathara Narada bali kayangan ngajak Raden Tetuka. Raden Werkudara kaliyan Janaka uga ana ing Kayangan.Nalika Semana ing Kayangan Suralaya mbeneri geger. Raseksa Pracana ngamuk. Siji mbaka siji para dewa kalah. Raden Werkudara lan Janaka uga kalah. Raden Tetuka kang awujud bocah raseksa maju perang. Sanajan cilik nanging sekti. Raden Tetuka menang pungkasane.Para dewa bungah. Sabanjure Raden Tetuka banjur dicemplungake ing Kawah Candradimuka, banjur malih dadi satriya bagus lan sekti mandraguna, jenenge diganti dadi Raden Gathutkaca. Kahanan bali ayem tentrem. Raden Gathutkaca diparingi pusaka telu , yaiku Caping Basunanda, kanggo ngayomi yen udan lan panas, Kotang Antakusuma kanggo mabur, lan Tlumpah Kasut Basukarna supaya nek mabur ora ana alangan. Bethara Narada rawuh ing Jodhipati nggawa pusaka kang wujude ...
keris
tumbak
panah
gada
warangka
Tembung "Warangka" tegese ...
wadhah panah
gaman kang kaya gada
gaman kang kaya tombak
gaman kang kaya pedhang
selongsong wadhah keris
Pandhawa iku ana lima cacahe. Pembarepe yaiku puntadewa, dadi ratu ing ngamarta. Mula banjur kaaran Prabu Puntadewa ing Ngamarta. Dene adhi-adhine ana papat yaiku Raden Werkudara utawa Bima, Raden Arjuna utawa Janaka, lan sikembar Nakula lan Sadhewa. Pandhawa lima padha luhur bebudine, padha seneng tetulung uga seneng mbelani ing kabeneran. Raden Werkudara nduweni panguwasa ana ing Jodhipati, sing uga karan Tunggul Pamenang, putrane Raden Werkudara sing lair saka Dewi Arimbi awujud raseksa, jenenge Raden Tetuka, merga Dewi Arimbi iku sejatine Raseksi.Kadang Pandhawa padha katon sedhih, amarga saliyane awujud raseksa uga wis telung taun lawase isih mbopong ari-arine. Ari-arine mau ora bisa dipedhot nganggo piranti apa wae. Apa maneh nganggo wilah, gegaman lan pusaka wae ora tedhas. Nganggo kuku Pancanakane Werkudara uga ora pasah. Ing sawijining dina Bathara Narada rawuh ing Jodhipati. Nggawa pusaka warangka Kyai Kunta Wijayandanu. Kerise wis ora ana amarga direbut dening Raden Karna. Ari-arine Raden Tetuka mau bisa kapedhot nganggo warangka Kunta Wijayandanu. Wrangka manjing ing wetenge Raden Tetuka. Bathara Narada bali kayangan ngajak Raden Tetuka. Raden Werkudara kaliyan Janaka uga ana ing Kayangan.Nalika Semana ing Kayangan Suralaya mbeneri geger. Raseksa Pracana ngamuk. Siji mbaka siji para dewa kalah. Raden Werkudara lan Janaka uga kalah. Raden Tetuka kang awujud bocah raseksa maju perang. Sanajan cilik nanging sekti. Raden Tetuka menang pungkasane.Para dewa bungah. Sabanjure Raden Tetuka banjur dicemplungake ing Kawah Candradimuka, banjur malih dadi satriya bagus lan sekti mandraguna, jenenge diganti dadi Raden Gathutkaca. Kahanan bali ayem tentrem. Raden Gathutkaca diparingi pusaka telu , yaiku Caping Basunanda, kanggo ngayomi yen udan lan panas, Kotang Antakusuma kanggo mabur, lan Tlumpah Kasut Basukarna supaya nek mabur ora ana alangan.
Para kadang Pandhawa padha sedhih nyawang Gathutkaca amarga ...
sikile pincang
rupane bagus
irunge mbangir
untune tonggos
ari-arine ora bisa dipedhot

Jabang Tetuka di godhog ing kawah Candradimuka banjur ...
bisa metu saka bungkus
ari-arine pedhot dhewe
malih dadi satriya bagus tur sekti
kulite mulus lan dadi wadon
bisa nglerem gegere Suralaya
Crita Bima Bungkus yaiku nyaritakake bab ...
lahire Gathutkaca
lahire Bima
Bima nggolek ilmu kasampurnan
Bima nggolek garwa
Bima nglawan Kurawa
Gatekna Cerita iki !
Bratasena katon sedhih sawise Prabu Pandu lan Dewi Madrim mati di cemplungake ing Kawah Candradimuka. Dheweke nganggep apa gunane urip yen bakale di cemplungake ing Kawah Candradimuka kaya bapa lan ibune. Ing Padhepokan Sokalima, Resi Drona kelingan marang Bratasena laire awujud wungkus mratandhani yen Bratasena satriya kuwat lan gagah prakasa.
Resi Drona nuli ketemu Bratasena karepe menehi wejangan marang muride, Sengkuni uga ngrungokake nanging dheweke ngumpet ing ngisor wit. Supaya oleh ilmu kang sampurna, Bratasena dikongkon golek Kayu Gong Susuhing Angin ing puncak Gunung Candramuka. Bratasena nampa blaka apa kang diomong gurune, dheweke langsung mangkat menyang Gunung Candramuka.
Sengkuni nagih janji marang Resi Drona babagan njrumusake Bratasena, Resi Drona jawab yen dheweke wis njrumusake Bratasena. Buktine yaiku diwenehi tugas sing ora genah, golek Kayu Gong Susuhing Angin. Sengkuni ora percaya marang omongane Resi Drona, dheweke nuli ngongkon Dursasana lan dulur-dulure supaya nglacak lakune Bratasena.
Bratasena merangi Buta loro kang ngalangi dalan nuju Gunung Candramuka. Sawise dikalahake Bratasena, Buta loro mau malih dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu. Bratasena diwenehi ali-ali kang aran Sesotya Mustika Manik Candrama kanggo tandha panarima amarga wis bebasake Bathara loro mau saka kasangsaran. Ali-ali mau bisa gawe sing nganggo duweni kasekten ngambah samudra sing jero lan amba. Dheweke uga takon babagan Kayu Gong Susuhing Angin, Pitakone dijawab Bathara loro mau. Nanging Bratasena durung paham apa kang diomong. Dheweke nuli jaluk pamit.
Ing Padhepokan, Bratasena njelasake apa kabeh sing kedadiyan marang awake. Resi Drona banjur menehi syarat sing kaping pindho, yaiku Tirta Pawitra ing jero Samudra Minang Kalbu.
Sadurunge mangkat, Bratasena jaluk pangestu marang ibune, Dewi Kunthi. Anteping tekad kang ana ing jiwa lan ragane, ora bisa dikalahake kekarepan ibune supaya ora lunga. Nanging akhire Dewi Kunthi menehi pangestu marang anak nomor lorone kuwi. Para Pandhawa lan Dewi Kunthi nuli ndongakake Bratasena supaya oleh slamet saka gusti sing gawe urip.
Ing tengahing golek syarat kang kapindho, Bratasena dialangi dening Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Wreka, Gajah Situbanda. Dheweke kabeh merangi Bratasena amarga ora gelem bali, dheweke kabeh namung kwatir marang keslametane Bratasena. Perang dimenangake Bratasena, Anoman lan kanca-kanca uga menehi pangestu marang anake Pandu kuwi, ora klalen jaluk supaya ngati-ati ing dalan.
Sawise ing pinggir samudera, Bratasena ngadeg njegreg, ombak ngulung mumbul kaya gunung, kilat cumalorot, gledeg jumeder, gawe miris atine Bratasena.
Bratasena netepi kang dikarepake, dheweke nuli manjing samudra. Kasektene ali-ali Sesotya Mustika Manik Candrama gawe banyu samudra dadi anteng. Ing jeroning samudra, Bratasena dicegad naga kang gedhene kaya wit tal arane Nagaraja. Bratasena nuli merangi naga mau, amarga kena kuku Pancanaka, naga mau ilang saka pandelenge Bratasena.
Ing jeroning samudra, Bratasena ketemu bocah cilik kang rupane kaya awake. Bocah cilik mau yaiku Dewa Ruci, iya jati dhirine Bratasena dhewe. Banjur Bratasena mlebu marang ragane Sang Dewa, atine nuli dadi ayem tentrem. Bratasena dadi manungsa sing atine suci lair lan batin. Dewa Ruci uga guneman yen Tirta Pawitra kuwi banyu suci ing jero ragane Bratasena.
Permadi lapor marang Resi Drona yen wis bedug nanging Bratasena durung bali. Resi Drona wis janji yen Bratasena durung bali nganti wektu bedug, dheweke arep nyusul kangmase Permadi kuwi. Ngerti yen Resi Drona nyusul Bratasena, Sengkuni ngongkon Kurawa supaya ngrebut Resi Drona saka Pandhawa, nanging niyate Kurawa digagalake dening Anoman. Bratasena ditemukake dening Resi Drona gumletak ing pinggir samudra. Awit saka iku, Resi Drona bakal bela Bratasena selawase.
Ing Gunung Candramuka, Bratasena kautus dening Resi Drona nuli nggolek ...
Tirtaprawitasari
Kayu Gung Susuhingangin
Kuku Pancanaka
Kuntawijayandanu
Sesotya Manik Candrama
Bratasena duwe sedulur Tunggal Bayu, tegese sedulur seperguruan kang diwenehi kasekten saka Bethara Bayu. Ngisor iki para sedulur Tunggal Bayu, kajaba ...
Anoman
Jajag Wreka
Kaka Maenaka
Gajah Situbanda
Panakawan
Ing cerita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa sing cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur sing kamot sajronng cerita iku yen diparibasakake yaiku ....
a. ing ngarsa sung tuladha
b. teteken tekun bakal ketekan
c. titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti
d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
becik ketitik ala ketara