WorksheetsSERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM
Total questions: 15
Worksheet time: 14mins
Setitikna tembang ngisor iki!
Nuladha laku utama,
Tumraping wong tanah Jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senapati,
Kapati amarsudi,
Sudaning hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amamangun karyenak tyasing sasama.
Miturut larik kasanga, gawe seneng wong liya iku carane kanthi ….
Ngurangi hawa nepsu
Ngehibur nggo tembang Jawa
Ndolani bocah cilik
Nurut karo wong tuwa
Nyontoh tumindhak kang becik
Pupuh sinom ing serat wedhatama iku ditujukake kanggo ….
Wong kuminter
Wong grapyak
Masyarakat Jawa
Wong Nistha
Bocah sekolah
Pupuh sinom sajrone serat wedhatama ngandharake babagan ….
Andhap asor marang wong liya
Makempal karo wong pinter
Kaprawiran Ratu Kidul
Pikoleh tumindak ngati-ati
Ngadohi angkara murka
Setitikna tembang ing ngisor iki!
Wikan wengkoning samodra
Kederan wus den ideri
Kinemat kamot ing driya
Rinegem sagegem dadi
Dumadya angratoni
Neng Kangjeng Ratu Kidul
Ndedel nggayun nggegana
Umara merek maripih
Sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda
Pawongan kang dicritakake ing ndhuwur nduweni kadigdayan yaiku ....
Bisa weruh makhluk ghoib
Bisa gawe tembang macapat
Panguwasa ati kang sejati
Ketemu Kanjeng Ratu Kidul
Mabur ana ing kahyangan
Setitikna cakepan tembang ngisor iki!
Mangkono janma utama
Tuman tumanem ing sepi
Ing saben dina rikala mangsa
Mnangsah amamasuh budi
Lahire den tetepi
Ing reh kasatriyanipun
Susila anoraga
Wignya met tyasing sasami
Yeku aran wong barek berag agama
Ing ngisor iki pranyatan kang trep karo isi tembang ndhuwur yaiku ....
Wong utama iku wong kang becik lakune
Wong utama iku wong kang tansah nuruti hawanepsu kanthi kekarepan apik
Wong utama iku wong kang bisa tirakat kanthi akeh taun
Wong utama iku wong kang sopan lan andhap asor mring sasama
Wong utama iku wong seneng lan tundhuk mring agama
Setitikna cakepan tembang ing ngisor iki!
Kang wus waspada ing patrap
Mangayut ayat winasis
Wasana wosing jiwangga
Melok tanpa aling-aling
Kang ngalingi kaliling
Wenganing rasa tumlawung
Kekese saliring jaman
Angelangut tanpa tepi
Yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma
Prentah ana tembang ing ndhuwur yaiku ....
Kudu mulang muruk ing bocah enom
Kudu dadi wong kang wicaksana nalika dakwah
Kudu mahami syariat agama
Kudu tansah memasuh budi
Kudu ngangsuh kawruh kanthi tumemen
Setitikna tembang ngisor iki!
Ing jaman mengko pan ora
Arahe para taruni
Yen antuk tuduh kang nyata
Nora pisan den lakoni
Banjur njujurken kapti
Kekekne arsa winuruk
Ngandelken gurumitra
Pandhitane praja sidik
Tur wus manggon pamuncunge mring makripat
Nilai kang dikandhut tembang kasebut yaiku ….
Tata krama
Kabudayan
Moral
Estetika
Sosial
Gatekna cakepan tembang ngisor iki!
Ing jaman mengko pan ora
Arahe para taruni
Yen antuk tuduh kang nyata
Nora pisan den lakoni
Banjur njujurken kapti
Kekekne arsa winuruk
Ngandelken gurumitra
Pandhitane praja sidik
Tur wus manggon pamuncunge mring makripat
"Arahe para taruni" mengku karep
Awake dhewe
Badan Priyangga
Bocah enom
Hawa nepsu
Tumindhake
Setitikna tembang ngisor iki!
Lamun sira paksa nulad,
Tuladhaning Kanjeng Nabi,
O, ngger kadohan panjangka,
Wateke tan betah kaki,
Rehne sira ta Jawi,
Sethithik wae wus cukup,
Aywa guru aleman,
Nelad kang ngepleki pekih,
Lamun pengkuh pangangkah yekti karahmat.
Kagunan basa kang cocog karo isi tembang dhuwur yaiku ….
Bebek mungsuh mliwis
Ngundhuh wohing pekerti
Gliyak-gliyak tumindk, sareh pakoleh
Jagakake endhoge si blorok
Kakehen gludug kurang udan
Serat Wedhatama Serat Wedhatama pupuh Sinom ngajarake telung perkara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika antuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah marang Gusti Ingkang Akarya Jagat. Sapa pangriptane?
KGPAA Mangkunegara I
KGPAA Mangkunegara II
KGPAA Mangkunegara III
KGPAA Mangkunegara IV
KGPAA Mangkunegara V
Setitikna tembang ing ngisor iki!
Anggung anggubel sarengat
Saringane tan den weruhi
Dalil dalaning ijemak
Kiyase nora mikani
Katungkul nungkul sami
Bengkrakan neng masjid agung
Kalamun maca kutbah
Lelagone dhandanggendhis
Swara arum ngumandhang cengkok palaran
Manut pethilan tembang Sinom kasebut, manungsa kudu mahami ilmu agama. Ilmu agama sing dimaksud yaiku
syariat, hakekat, ijma, kiyas, tasawuf
syariat, hakekat, ijma, kiyas, hadis, akidah, tasawuf
syariat, hakekat, ijma, akidah, tasawuf
syariat, hadis, ijma, kiyas, akidah, tasawuf
syariat, hakekat, ijma, kiyas, tasawuf
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Lowung kalamun tinimbang
Ngaurip tanpa prihatin
Nanging ta ing jaman mangkya
Pra mudha kang den karema
Manulad nelad nabi
Nayakengrat gusti rasul
Anggung ginawa umbag
Saben seba mampir masjid
Ngajab-ajab tibaning mukjijat drajat
Pawongan kang dicritakake ing ndhuwur yaiku ....
Danang Sutawijaya
Wong jaman saiki
Para ulama
Arya Penangsang
Bocah cilik
Gatekna tembang ngisor iki!
Lowung kalamun tinimbang
Ngaurip tanpa prihatin
Nanging ta ing jaman mangkya
Pra mudha kang den karema
Manulad nelad nabi
Nayakengrat gusti rasul
Anggung ginawa umbag
Saben seba mampir masjid
Ngajab-ajab tibaning mukjijat drajat
Kepriye fenomena wong jaman saiki?
Tansah nginung arak lan ora tau sembahyang
Niru-niru nabi nanging seneng umuk mring sasama
Seneng nglawan wong tuwa
Seneng gawe tentrem panguripan
Ngefans karo Nabi kanthi nirune kabeh sing diprentahake
Gatekna tembang ngisor iki!n
Lowung kalamun tinimbang
Ngaurip tanpa prihatin
Nanging ta ing jaman mangkya
Pra mudha kang den karema
Manulad nelad nabi
Nayakengrat gusti rasul
Anggung ginawa umbag
Saben seba mampir masjid
Ngajab-ajab tibaning mukjijat drajat
Ngajab-ajab tibaning mukjijat drajat. Tembung mukjijat ing pethilan tembang kasebut sing dikarepake yaiku
Olih pahala
Olih syafaat
Olih hadiah swarga
Olih pakurmatan
Olih kamulyan
Ing ngisor iki paugeran pupuh Sinom sajroning Serat Wedhatama yaiku ….
Guru gatra 9, guru wilangan lan guru lagune 8a, 8i, 8u, 8i, 7i, 8u 7u, 8i, 12a
Guru gatra 9, guru wilangan lan guru lagune 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u 7u, 8i, 12a
Guru gatra 9, guru wilangan lan guru lagune 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8a 7u, 8i, 12a
Guru gatra 9, guru wilangan lan guru lagune 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u 7u, 8i, 12u
Guru gatra 9, guru wilangan lan guru lagune 8a, 8i, 8u, 8i, 7i, 8u 7u, 8i, 12a
