wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UJian Sekolah Bahasa Jawa KElas 6

Total questions: 50

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Ana catur mungkur, iku paribasan kanggo wongkang kaya apa?

a)

ora gelem ngrungokake rerasan ala

b)

ora gelem ngrungokake rerasan becik

c)

gelem melu rerasan ala

d)

seneng rerasan ala

2.

anggonen piwulang lir tepa palupi,den eling salaminipun,haywa kongsi kalepyan,pan yekti gesang iku nora dangu,ibarate wong lelungan,mampir ngombe aneng margi.

tembang ind dhuwur yaiku tembang pangkur kang nduweni watak...

a)

grapyak, tegas

b)

asih, tresna

c)

nelangsa keranta-ranta

d)

nelangsa, tegas​

3.

Watake tembang Pangkur yaiku ...

a)

ala

b)

becik

c)

kejem

d)

sereng


e)

sedhih

4.

Cacahing gatra (baris) saben pada (bait) diarani guru ...

a)

Gatra

b)

lagu

c)

Sastra

d)

wilangan


e)

Swara

5.

Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha diarani ...

a)

dhandhanggula

b)

pangkur

c)

mijil

d)

sinom


e)

kinanthi

6.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

7.

Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...

a)

intonasi saben ukoro kudu bener

b)

intonasi ukoro ora kudu bener

c)

tempo anggone maca ora kudu bener

d)

pamedhote ukoro ora kudu bener

8.

Kula lan rencang nyuwun donga pangestu supados saged lancar anggenipun nglanjutaken ing pawiyatan ingkang inggil. Tembung pawiyatan tegese....

a)

sanggar

b)

sekolah

c)

panggonan

d)

padhepokan

9.

Tembang Sinom kalebu tembang ....

a)

Tembang Gedhe

b)

Tembang Tengahan

c)

Tembang Macapat

d)

Tembang Dolanan

10.

Serat Sinom cacahe ana ....

a)

31 pada

b)

32 pada

c)

33 pada

d)

34 pada

11.

Cacahe gatra ing tembang Sinom ana ....

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

12.

Nuladha laku utama

tumprape ning tanah Jawi

wong agung ing Ngeksigondo

Panembahan Senapati

kapati amarsudi

sudaning hawa lan nepsu

pinesu tapa brata

tanapi ing siyang ratri

amemangun kayenak tyasing sasama


tembang kasebut duweni patokan/paugeran ....

a)

gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8,8, 7, 8, 7,8,12 lagu : a,i,a,i,i,u,a,i,a

b)

gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a

c)

gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u

d)

gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o

13.

Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

14.

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

15.

Ana catur Mungkur tegese....

a)

Mburu barang sepele

b)

Ora gelem ngrungokno rerasan olo

c)

Wong sing pilih kasih

d)

Wong kang Urip e rekoso

16.

Emban cinde emban siladan, bebasan Iki artine....

a)

Kabeh tumindak bakal katon

b)

Wong kang nglanggar walere

c)

Wong kakean anak

d)

Wong kang pilih kasih

17.

Babar pisan ora Ono ajine. Bebasan sing mathuk yaiku....

a)

Ancik-ancik pucuk ri

b)

Aji godong jati garing

c)

Kebo nusu gudel

d)

Kriwikan dadi grojokan

18.

Wong kang uripe rekasa kakean anak, saloka sing mathuk yaiku....

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Kebo kakean suket

c)

Sapi nusu gudel

d)

Pitik walik sobo kebon

19.

Tumindak ala lan becik, bakal katon dewe-dewe. Paribasan kang mathuk yaiku....

a)

Ana catur mungkur

b)

Sumur lumaku tumiba

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Nututi layangan pedot

20.

Wong sing tansah kuatir. Bebasan sing mathuk yaiku....

a)

Ancik-ancik pucuk ri

b)

Aji godong jati garing

c)

Kebo nusu gudel

d)

Kriwikan dadi grojokan

21.

Nabok nyilih tangan, bebasan Iki artine....

a)

Kabeh tumindak bakal katon

b)

Wong kang tumindak ala sarana kongkonan

c)

Wong kakean anak

d)

Wong kang pilih kasih

22.

Opo sing diomongake mesti digugu wong liyo, paribasane....

a)

Idu geni

b)

Blobo wudo

c)

Tumbak cucukan

d)

Tunggal guru

23.

Lawa lima kalong telu Ono piro?

a)

5

b)

4

c)

10

d)

8

24.

Jroning sesorah becike nggunakake basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

25.

wongkang senengane adu-adu diarani....

a)

Idu geni

b)

Blobo wudo

c)

Tumbak cucukan

d)

Tunggal guru

26.

Tembang Pocung a. Wanci dalu bapak pucung medalipun, perlu ngupa boga, yen siang ngedhem aguling, denya nendra sirahnya ndhangaken surya. Batangane =​

a)

laler

b)

uler

c)

lowo

d)

menthog

27.

Bapak pucung,bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah dirgantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

a)

kapal mabur

b)

tank tempur

c)

Rudal Rusia

d)

Becak Kutho

28.

Pitik walik saba meja = ......

a)

nanas

b)

sulak/ kemocing

c)

andha

d)

celengan

29.

Sega sakepel dirubung tinggi = ......

a)

salak

b)

nanas

c)

andha

d)

sulak

30.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

31.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngon-ingone sang bupati

yen lumampah, si pucung lembehan grana

batangane tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

gajah

b)

mobil

c)

macan

d)

sepur

32.

Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane yaiku ....

a)

Disuduk manthuk-manthuk

b)

Diswang malah ilang

c)

Rupamu kaya kranjang

d)

Penggaweane saba blumbang

33.

“Menengo dhisik ta, aja ..., wae!”

Tembung rangkep sing cocok kanggo njangkepi ukara kasebut ing ndhuwur yaiku ....

a)

Meneng-meneng

b)

Wira-wiri

c)

Nongas-nangis

d)

Dolan-dolan

34.

Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ....

a)

Bosok malah enak

b)

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati

c)

Segara beldhes

d)

Sega sakepel dirubung tinggi

35.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

banyu

c)

lemah

d)

angin

36.

Yitna yuwana lena kena, unen-unen iku nduweni arti yaiku

a)

tandang gawe ati-ati mesti nemoni keslametan, yen ora ati-ati iso ciloko

b)

sinau seng pinter supoyo dadi dokter

c)

wong agawe ala mesti konangan ing mburine

d)

ojo medhit marang kanca, opo maneh ditulung malah menthung

37.

tangane cekot

a)

panyandra

b)

panyendhu

c)

pepindhan

d)

parikan

38.

pipine nduren sajuring

a)

payandra

b)

panyendhu

c)

pepindhan

d)

parikan

39.

Polahe kaya gabah diinteri

a)

Pepindhan

b)

Panyendhu

c)

Panyandra

d)

Parikan

40.

Ing ngisor iki sing diarani Paribasan yaiku ....

a)

unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane

b)

unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong

c)

unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge

d)

unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhane

41.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong, diarani ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

42.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning wong dumunung ana ngarep utawa ana wiwitane ukara diarani ....

a)

Saloka

b)

Paribasan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

43.

Saloka sing nduweni teges gegayuhan kang mokal bisa kelakon yaiku ....

a)

cebol nggayuh lintang

b)

jamur tuwuh ing sela

c)

kuthuk marani sunduk

d)

ula marani gepuk

44.

Unen-unen iki sing kagolong jinis bebasan yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

nabok nyilih tangan

c)

becik ketitik ala ketara

d)

jamur tuwuh ing sela

45.

Ngandaraken gagasan kanthi lisan ing ngajengipun tiyang kathah

a)

Sesorah

b)

Wara-wara

c)

Pambyawara

d)

Pariwara

e)

Pranatacara

46.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih. Tembung penggalih iku padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...

a)

ati

b)

asta

c)

rikma

d)

soca

47.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

48.

" Saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing enjing badhe kerja bakti. "


Wulan kepengker tegese ...

a)

sasi ngarep

b)

sasi mburi

c)

sasi wingi

d)

sasi sukmben

49.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

50.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten , awit kula sakanca asring ndadosaken Bapak Ibu guru duka lan kuciwa saking solah bawa kula ingkang mboten mranani penggalih.

Paragraph ing ndhuwur sing pidhato nyuwun....

a)

donga pangestu

b)

lulus sekolah

c)

pangapunten

d)

sekolah sing apik