wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Uji Kompetensi

Total questions: 15

Worksheet time: 4mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki sing ora kalebu ing unsur intrinsik teks cerita cekak yaiku...

a)

Tema

b)

Alur/ Plot

c)

Lattar/Setting

d)

Awujud gancaran/prosa

2.

"Omahe awakedhewe kelebon maling” clathune Bu Sinta. Dheweke ngrasa angel ambegan nalika ndelok isi lemɑri ora karuan. Dhuwit lan emas-emasane wis ilang. Saliyane iku, tipi lan pira-pira peralatan elektronik ana ing ruwang tengah uga ilang. Bu Sinta lungguh lemes nalika weruh siji cathetan cilik ing dhuwuring bantal. “Saiki awakmu weruh sapa sing ngirim karcis kuwi."

Tema kutipan cerkak ing dhuwur yaiku...

a)

kelangan dhuwit, emas lan piranti elektronik

b)

Nyolong

c)

cathetan cilik

d)

Ngewenehi karcis tontonan

3.

Nalika aku mlebu sekolah, fasih ilatku jroning ngangggo basa Walanda saengga wong mung bisa ngrungokake lan ora weruh apa sing tak omongake, amarga aku anak Walanda. Aku uga tambah suwi tambah pracaya menawa aku anak walanda, saka tingkah-laku wong tuwaku kang ngupaya supaya aku njumbuhake dhiri karo langgam lenggok wong Walanda.

 Sudut pandhang panganggit kang digunakake jroning cuplikan kasebut yaiku …

a)

Wong kapisan pelaku utama

b)

Wong kaping telu pelaku sampingan

c)

Wong kaping telu pelaku utama

d)

Wong kaping telu serba weruh

4.

Sing ora kalebu ing titikane (Ciri-ciri) Cerita Cekak yaiku ...

a)

Ngudhari reruwet utawa masalah

b)

Isine bab lelakon utawa kedadeyan ing bebrayan

c)

Ana paraga utama lan paraga panyengkuyung

d)

Ngandut piweling, pitutur, pasemon (kritik) lan sapanunggalane

5.

Nanging, saka riyayan menyang riyayan tansaya akeh wae wong-wong kang teka menyang tukang jahit iku. Carita ngenani dom lan bolah ajaib iku nggawe akeh wong penasaran. Nanging uga amarga saka riyayan menyang riyayan pancen tansaya akeh wong kang saya karem jero kuciwa. Dheweke kabeh pengin nuduhake kuciwa dheweke kabeh marang tukang jahit kasebut. Dheweke kabeh antre ben bisa nikmati seneng riyayan.

Cuplikan teks kasebut yaiku struktur teks perangan ….

a)

Abstrak

b)

Orientasi

c)

Komplikasi

d)

Resolusi

6.

Ukara langsung bisa diarani uga ukara ...

a)

Ukara Tanduk

b)

Ukara Tanggap

c)

Ukara Kandha

d)

Ukara Crita

7.

Ukara sing ngomong utawa nyritakake wong katelu biasa diarani ...

a)

Ukara Ora Langsung

b)

Ukara Kandha

c)

Ukara Langsung

d)

Ukara Tanggap

8.

Yen paraga utama dadi lesane crita kasebut, bisa diarani ukara...

a)

Ora Langsung

b)

Tanduk

c)

Tanggap

d)

Kandha

9.

Coba jingglengana ukara ing ngisor iki:

1. “Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat dados ketua kelas”, ature Sastro.

2. “Tro, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu sapa ngerti ibu bisa mbantu? ” ngendikane ibune.

3. “Aku ameh tuku bakso”

4. “Ibu dhawuh jaluk tulung ditukokake sayur”

5. Ngendikane guru, murid kudu sregep sinau ben pinter

Saka pirang-pirang ukara ing nduwur ingkang kalebu ukara langsung yaiku ...

a)

1, 2, 5

b)

2, 3, 5

c)

3, 4, 5

d)

1, 2, 3

10.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara ora langsung, kajaba...

a)

Kandhane Sastro, dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas.

b)

Kancaku kandha yen bocahe wis ayu ya pinter masak.

c)

Bapak ngendika, “aja kakean dolan”

d)

Aku ditakoni kancaku yen Prku wis rampung apaa durung.

11.

Rina takon menyang Mase: "Mas, Ibu iki mau apa wis dhahar?"

Ukara kuwi nganggo basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

12.

Bapak : "Put, Masmu mau menyang ngendi ta?"

Putra : "Mas kala wau sanjangipun badhe ... dhateng GOR Mojokerto"

Tembung krama alus kanggo jangkepi ukara kuwi yaiku...

a)

Kesah

b)

Wangsul

c)

Tindak

d)

Kondur

13.

Ing ngisor iki ukara kang nggunakake basa krama lugu kanthi trep....

a)

Sampeyan sampun nedha?

b)

Panjenengan sampun dhahar?

c)

Sampeyan wis madhang?

d)

Panjenengan wis mangan?

14.

Kowe menyang Surabaya jam pira?

Ukara kasebut yen diganti dadi ukara ngoko alus yaiku….

a)

Sampeyan kesah Surabaya jam pinten?

b)

Panjenengan tindak Surabaya jam pira?

c)

Sampeyan kesah Surabaya jam pira?

d)

Panjenengan kesah Surabaya jam pinten?

15.

“Wekdal Ibu …. , kula ….”

Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguh basa yaiku….

a)

Ngombe - adus

b)

Ngombe - siram

c)

Ngunjuk - turu

d)

Ngunjuk - tilem