wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA

Total questions: 25

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Bapak Pucung,

Wujude mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara


Tembang Pucung kasebut keperang ana ... gatra.

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

2.
Budhe ngasta dolanan kanggo adhik.Wasesane ukara kasebut yaiku ....
a)
budhe
b)
ngasta
c)
dolanan
d)
kanggo adhik
3.

Nagara Indonesia kagolong subur makmur,gemah ripah loh jinawi, guyub rukun yen padha lagi tandhang gawe lan ayem .... kauripane kabeh.


Tembung sing trep kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ....

a)

kabeh

b)

seneng

c)

adem

d)

tentrem

4.
Ing ukara iki sing guru wilangane ana 12 yaiku ....
a)
sapa jujur mbesuke bakal luhur
b)
mbangun turut marang wong tuwa
c)

wis wajibe murid sregep sinau

d)

saben dina rama lan shinta sinau

5.
Bocah ayu untune miji timun, dene drijine ....
a)
mucuk eri
b)
sumunar
c)
nraju mas
d)
nanggal sepisan
6.

Aranan pantun ing bahasa Indonesia, ing boso Jowo jenenge....

a)

parikan

b)

tembung

c)

lingga

d)

maesan

7.

Wayang iku kabudayan asli Jawa kang wis diakoni dening bebadan PBB . Wayang iku asale saka tembung ....

a)

Yang / Hyang

b)

Shang Yang

c)

Kahyang

d)

Hiyang

8.

Ing ngisor iki alat kang kanggo pagelaran wayang kulit Jawa , kejaba ....

a)

Wayang

b)

Kelir

c)

Blencong

d)

Lepek , gelas , piring

9.

Prabu Rama dibiyantu dening kethek putih , yaiku....

a)

Anggada

b)

Anila

c)

Anoman

d)

Sugriwa

10.

Crita wayang Ramayana iku nyritakake lelakone ....

a)

Dewi Kunthi lan Prabu Pandhu

b)

Prabu Rama lan Dewi Sinta

c)

Raden Arjuna lan Dewi Sinta

d)

Prabu Rama lan Dewi Sembadra

11.

Dhek jaman biyen , nonton wayang iku manggone ana ing ....

a)

Sangarepe kelir

b)

Saburine kelir

c)

Saburine Dhalang

d)

Sisih kiwane kelir

12.

Para Kurawa sing cacahe 100 iku watake ....

a)

Andhap asor

b)

Seneng tetulung

c)

Lila legawa

d)

Drengki, srei, angkara murka, lan adigang adigung adiguna.

13.

Lakon wayang kang ana ing Jawa iku sumbere saka epos ....

a)

Ramayana lan Mahabarata

b)

Mahayana lan Ramayana

c)

Mahabarata lan Pandhawa

d)

Ramayana lan Majapahit

14.

Satriya Pandhawa iku wewatakane kaya ing ngisor iki , kejaba ....

a)

Seneng tetulung

b)

Tresna asih mring sapadha

c)

Sabar , lila legawa

d)

Culika , dur angkara

15.

Aksara jawa cacahe ana ....

a)

18

b)

20

c)

22

d)

24

16.

Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani...

a)

Basa rinengga

b)

Basa guyonan

c)

Basa bagongan

d)

Basa krama desa

17.

Bocah kui rambute ngadhan-adhan, bangkekane...

a)

Jambe sinigar

b)

Nawon kemit

c)

Ndamar kanginan

d)

Mucuk eri

18.

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Parikan

d)

Papindhan

19.

Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani...

a)

Parikan

b)

Panyendhu

c)

Bebasan

d)

Panyandra

20.

Salah sijine titikane dheskripsi yaiku...

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

Isine mujudake asli laporan kegiyatan

c)

Nggambarake panyaruwe saka penulis

d)

Isine mujudake rerangkene cerita kang urut

21.

Saben liwat tanduran sinawang ijo...

a)

Memplak

b)

Branang

c)

Royo-royo

d)

Gadhing

22.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

23.

Tulisan jawa iki unine ...

a)

tuku jambu

b)

tuku kayu

c)

tuku jamu

d)

tuku paku

24.

Kutha Ngawi klebu wewengkon Propinsi ...

a)

Jawa Barat

b)

Jawa Tengah

c)

Jawa Timur

d)

Yogyakarta

25.

Tulisan Jawa ing ndhuwur unine ....

a)

Jaka maca korane

b)

Jaka maca koran

c)

Joko maca koran

d)

Jaka moco koran