wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PRA PAT KELAS 4

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

              Saben dina Bima budhal sekolah karo Rini. Sakdurunge budhal bocah loro ajeg sarapan. Sing nyepakake sarapan ibune. Bu Dewi pancen prigel masak. Dhasar bapake Bima wong sregep nandur. Akeh tanduran ditandur ing latar omahe.

              Bu Dewi yen masak bisa langsung methik sayur ing latar. Sayur sing ditandur rena-rena, ana terong, kacang, bayem, kobis, lan sapanunggalane. Kajaba tanduran janganan uga ana kates, nangka lan pelem. Wohe katon gumandhul mateng-mateng. Sapa sing nyawang omah lan latare Pak Wibowo mesthi seneng.

Miturut wacan ing dhuwur, sing ora kalebu lakon kang disebutake yaiku ….

a)

Bima

b)

Rini

c)

Bu Dewi

d)

Pak Widodo

2.

              Saben dina Bima budhal sekolah karo Rini. Sakdurunge budhal bocah loro ajeg sarapan. Sing nyepakake sarapan ibune. Bu Dewi pancen prigel masak. Dhasar bapake Bima wong sregep nandur. Akeh tanduran ditandur ing latar omahe.

              Bu Dewi yen masak bisa langsung methik sayur ing latar. Sayur sing ditandur rena-rena, ana terong, kacang, bayem, kobis, lan sapanunggalane. Kajaba tanduran janganan uga ana kates, nangka lan pelem. Wohe katon gumandhul mateng-mateng. Sapa sing nyawang omah lan latare Pak Wibowo mesthi seneng.

Tanduran sing ditandur Pak Wibowo kang kalebu woh – wohan sumber vitamin yaiku ….

a)

terong, kacang, lan pelem

b)

terong, kacang, lan pelem

c)

pelem, nangka, lan kates

d)

kates, kobis, lan pelem

3.

              Saben dina Bima budhal sekolah karo Rini. Sakdurunge budhal bocah loro ajeg sarapan. Sing nyepakake sarapan ibune. Bu Dewi pancen prigel masak. Dhasar bapake Bima wong sregep nandur. Akeh tanduran ditandur ing latar omahe.

              Bu Dewi yen masak bisa langsung methik sayur ing latar. Sayur sing ditandur rena-rena, ana terong, kacang, bayem, kobis, lan sapanunggalane. Kajaba tanduran janganan uga ana kates, nangka lan pelem. Wohe katon gumandhul mateng-mateng. Sapa sing nyawang omah lan latare Pak Wibowo mesthi seneng.

Ukara ing ngisor iki kang trep karo isine wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Kang sregep nandur yaiku Bu Rini

b)

Ibune Bima lan Rini jenenge Bu Desi

c)

Wong sing nyawang omahe Bima mesthi wedi

d)

Ing latar omahe Bima ana tanduran janganan lan woh-wohan

4.

Wacanen Kanthi setiti!

Nandur pari iku diwiwiti nggarap sawah. Sawah diluku, dicacah, lan digaru, yaiku ditratakake didadekake ler-leran. Dadi ler-leran ateges wis samapta ditanduri, nggarap sawah diwiwiti ing mangsa labuh.

Sawah diluku, dicacah lan digaru yen arep ditanduri ....

a)

kangkung

b)

dele

c)

jagung

d)

pari

5.

Wacanen kanthi setiti!

Nandur pari iku diwiwiti nggarap sawah. Sawah diluku, dicacah, lan digaru, yaiku ditratakake didadekake ler-leran. Dadi ler-leran ateges wis samapta ditanduri, nggarap sawah diwiwiti ing mangsa labuh.

Nggarap sawah biasane diwiwiti ana ing mangsa ....

a)

labuh

b)

ketiga

c)

rendheng

d)

pagebluk

6.

Panganan kang sehat, yaiku panganan kang ora ngandhut bahan-bahan kang mbebayani. Ing ngisor iki kang ora kalebu bahan mbebayani yaiku ….

a)

pengawet

b)

pewarna

c)

pemanis

d)

vitamin

7.

Panganan kang sehat kayata panganan kang ngandhut ….

a)

     karbohidrat, protein, lemak, vitamin lan mineral

b)

      karbohidrat, protein, lemak, vitamin lan pemanis

c)

     karbohidrat, pewarna, lemak, vitamin lan mineral

d)

karbohidrat, pemanis, pengawet, vitamin lan mineral

8.

Panganan kang ora ngandhut protein hewani yaiku ....

a)

iwak

b)

daging

c)

endhog

d)

tempe

9.

Banyu putih iku salah sawijining sumber mineral kanggo awak, gunane mineral kanggo awak yaiku ....

a)

kanggo sumber energi tumrap awak

b)

kanggo njanggkepi kebutuhan cairan awak

c)

kanggo njaga daya tahan lan kesehatan awak

d)

kanggo njaga pencernaan lan kesehatan awak

10.

 Panganan lan Gizi

                 Panganan sing ngandhut gizi bisa nyebabake badan kita sehat lan kuat. Badan kang sehat lan kuwat bisa nukulake jiwa kang kuwat. Wong kang jiwane kuwat semangate uga kuwat. Bocah-cocah kudu duwe semangat kang kuwat, supaya bisa sinau kanthi seneng. Amerga yen duwe rasa seneng, sekolah ora bakal aras-arasen, mesthine bocah-bocah wis ngerti kang kalebu panganan sehat.

Panganan sing ngandung gizi bisa nyebabake badan kita ...

a)

sehat lan kuat

b)

lemes lan kuat

c)

ngantuk lan kuat

d)

bringas lan sehat

11.

Tuladhane tembung kang oleh seselan yaiku gumandhul. Tembung gumandhul asale saka tembung ….

a)

andhul

b)

gandhul

c)

gundhul

d)

gemandhul

12.

Tembung sigar yen oleh seselan –in dadi tembung ….

a)

inyigar

b)

sigarin

c)

nyigar

d)

sinigar

13.

Adhiku dolanan masak-masakan karo kancane. Tembung dolanan asale saka tembung lingga ….

a)

dolanan

b)

dodolan

c)

dodol

d)

dalan

14.

Raporku jupuk karo kangmasku. Tembung sing digaris ngisore iku mathuke muni ….

a)

njupuki

b)

dijupuk

c)

kokjupuk

d)

njupukake

15.

Banyu udan (tetes) saka langit.

Tembung ing sajerone kurung yen oleh seselan –um dadi ….

a)

tetes

b)

kemetes

c)

kametes

d)

tumetes

16.

Ukara ing ngisor iki kang ora nganggo ater-ater tripurusa yaiku ....

a)

Obate diombe sedina ping telu

b)

Apa sego gorenge wis kokpangan, nduk?

c)

Saben sore Bagus ngrewangi nyapu latar omahe

d)

Tugas seko Bu Guru daktulis ing kertas warna-warni

17.

Tembung ing ngisor iki kang oleh ater – ater anuswara yaiku ….

a)

ngombe

b)

pribumi

c)

saomah

d)

panganan

18.

Papat sehat dumadi saka panganan pokok, lauk pauk, sayur-sayuran, lan woh-wohan.     Tembung kang kacithak kandel miturut ukara ing dhuwur kasebut oleh ...

a)

seselan -um

b)

panambang um

c)

ater-ater -um

d)

panambang- i

19.

Latare (sapu) Mbak Yani.

Tembung ing sajeroning kurung yen oleh ater-ater dadi ….

a)

disapu

b)

sapunana

c)

nyapu

d)

sapuake

20.

Ali lagi (pakan) pitik.

Tembung ing sajeroning kurung kang trep kudune ….

a)

makani

b)

dipakan

c)

pakanana

d)

pakanake