Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Quiz 1

Total questions: 15

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Asil karya sastra kang kaiket ing aturan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan diarani...

a)

tembang macapat

b)

tembang dolanan

c)

geguritan

d)

gancaran

2.

Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru lagu, guru wilangan lan awujud puisi, diarani...

a)

tembang macapat

b)

tembang dolanan

c)

gancaran

d)

geguritan

3.

Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan, diarani...

a)

panggurit

b)

niyaga

c)

komposer

d)

penyanyi

4.

Ing basa Indonesia, geguritan gagrag anyar diarani...

a)

prosa

b)

karya ilmiyah

c)

semboyan

d)

puisi

5.

Basa sing asring digunakake ing geguritan yaiku...

a)

krama inggil

b)

ngoko

c)

kedhaton

d)

bagongan

6.

Supaya bisa mangerteni isine geguritan, luwih dhisik kudu mangerteni...

a)

carane maca

b)

tegese tembung

c)

tegese ukara

d)

golek ide

7.

Supaya bisa nulis geguritan kang apik tur enak diwaca, kudu...

a)

tembunge endah, mentes

b)

tembunge apik, mentes

c)

tembunge entar

d)

tembunge ilmiyah

8.

Tembang macapat iku kaiket ing paugeran...

a)

guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

b)

guru gatra, guru basa, lan guru sastra

c)

guru gatra, guru wilangan, lan guru swara

d)

guru basa, guru swara, lan guru wilangan

9.

Tembang macapat iku ana...

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

10.

Tembang macapat iku nggambarake manungsa wiwit lair nganti mati. Laire manungsa digambarake nganggo aran tembang...

a)

gambuh

b)

maskumambang

c)

mijil

d)

pucung

11.

Tembang macapat kang nggambarake nalika manungsa isih enom, yaiku....

a)

kinanthi

b)

mijil

c)

durma

d)

sinom

12.

Supaya bisa nembang macapat, kudu bisa maca angka-angka sing ana ing sadhuwure teks tembang. angka-angka mau diarani...

a)

cakepan

b)

titi laras

c)

tembang

d)

lirik

13.

Titi laras pelog lan slendro iku bedane ing angka...

a)

4 lan 6

b)

4 lan 7

c)

5 lan 6

d)

5 lan 7

14.

Pamilihe tembung kang trep sajrone tembang macapat diarani...

a)

dhiksi

b)

sasmita

c)

purwakanthi

d)

garba

15.

Cacahe gatra ing saben sapada tembang diarani...

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru sastra

d)

guru wilangan