wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL PAT 2 BHS.JAWA KELAS 7.KD.3.8

Total questions: 18

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

....

Teka dina katelu anggone perang tanding,kekarone wis padha kesele. Awake iwak Sura lan Baya babak bundhas kabeh. Untu landhepe iwak Sura gawe suweke kulite Baya senajan kulite kasar lan alot. Semono uga untune Baya sing kuwat kasil nyuwek-nyuwek iwak Sura.

....

Punggelan crita ing dhuwur kalebu crita rakyat jenis ....

a)

fabel

b)

legenda

c)

mite

d)

sage

2.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

3.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

4.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

5.
Mite/ Mitos yaiku cerita rakyat sing …
a)
ana hubungane karo kacilakan
b)
ana hubungane karo kapitayan/ gaib
c)
ana hubungane karo kanca
d)
ana hubungane karo kewan
6.
Crita tangkuban prahu asale saka …
a)
Jawa timur
b)
Jawa Tengah
c)
Sumatra
d)
Jawa barat
7.

Tuladhane sage yaiku ... .

a)

Nyi Roro Kidul

b)

Roro Jonggrang

c)

Kancil Nyolong Timun

d)

Dumadine Kutha Pati

8.

Crita rakyat/dongeng kang ana hubungane karo alam gaib, yaiku ... .

a)

fabel

b)

mite/mitos

c)

legendha

d)

sage

9.

Crita sing ana bukti nyatane, nanging uga ditambahi crita sing ngayawara (khayalan) yaiku ...

a)

sejarah

b)

hikayat

c)

roman

d)

babad

10.

Crita rakyat/dongeng kang isine babagan sejarah yaiku ...

a)

Fabel

b)

legendha

c)

sage

d)

mite

11.

Dhek jaman biyen Kademangan Klindungan misuwur minangka desa sing tentrem.Sesawangane endah banget. Kindungan dikupengi alas sing ketel ngresepake. Sawijining dina ana wanita tekaing desa Klindungan.Wanita mudha iku nduweni pasuryan kang sulistya. Kasulistyane wanita kasebut ora ana sing nandingi ing desa Klindungan.Yen dideleng saka sandhang panganggone, wanita kasebut dudu kaya wanita biyasa. Sandhangane pating gebyar kaya sandhang panganggone putri kraton. Wanita kasebut aran Endang Sukarni.


Pethikan crita ing dhuwur kalebu perangane struktur teks crita rakyat bagean ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

12.

Sing kalebu struktur teks crita rakyat yaiku...

a)

orientasi, kompilasi, resolusi

b)

orientasi, komplikasi, resolusi

c)

kompilkasi, resolusi, verifikasi

d)

resolusi,komplikasi, relevansi

13.

Struktur crita rakyat kang ngandharake paraga ngalami perkara (masalah) kang ruwet diarani ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

14.

Crita Dumadine Ranu Grati iku kalebu crita rakyat jenis ....

a)

fabel

b)

mite

c)

legenda

d)

sage

15.

Ibu guru ngendikan menawa minggu ngarep ulangan basa Jawa.

UKara ing dhuwur kalebu ukara ...

a)

langsung

b)

ora langsung

c)

lamba

d)

camboran

16.

Sarampunge gara-gara ing alas Ngrayudan,kahanan ing kraton Gagarmayang komlang tanpa ratu. Warga Gagarmayang banjur nyengkake Jaka Lintang minangka gantine Ratu kang wis ilang katut banyu banjir.

....

Punggelan crita ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

17.

"Nyuwun pangapunten Kisanak, menika tlatah pundi nggih?" pitakone Endang Sukarni marang pawongan desa Dhadapan.


Pitakone Endang Sukarni migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

18.

Adikku lagi maca crita "Dumadine Gunung Bromo".

Ukara ing dhuwur kalebu ukara ....

a)

lamba

b)

camboran

c)

langsung

d)

ora langsung