WorksheetsKuis Bahasa Jawa
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras asline, nanging bab iku ditindakake supaya nambah endhaing tembang macapat.
Kaprigelan iku kang diarani...
Cakepan
Cengkok
Laras
Pedhotan
Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha diarani...
Pangkur
Dhandanggula
Sinom
Maskumambang
Tembang macapat kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe sinebut...
Mijil
Makumambang
Sinom
Pangkur
Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
sadulur myak sanak,
kalamun muruk tan becik,
nora pantes yen den nuta
Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani...
Dhandanggula
Sinom
Gambuh
Maskumambang
Nasihat lan pitutur
Kang bener terapna nggo uripmu
Kabeh eling–elingen ja nganthi lali
Aja lali pituturku
Merga sira isih enom
Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani...
Dhandanggula
Sinom
Gambuh
Maskumambang
Pathokan tembang Asmaradhana yaiku...
guru gatra : 6
wilangan&lagu : 8u,8i,8a,8i,8a,8i
guru gatra : 4
wilangan&lagu : 12i,6a,8i,8a
guru gatra : 7
wilangan&lagu : 8i,8a,8e,8a,7a,8a,8u
guru gatra : 5
wilangan&lagu : 12u,8i,8u,8i,8o
Guru gatrane tembang Mijil yaiku...
6
8
7
12
Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra yaiku...
Guru wilangan
Guru gatra
Guru lagu
Guru sastra
Pathokan sajroning tembang macapat kang ngamot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku...
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Guru sastra
Tembang pangkur iku guru gatrane ana pira...
5
7
6
10
