wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bahasa Jawa Kelas VIII

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

1. Crita wayang Ramayana lakon resi Jathayu kuwi kedadean antarane...

a)

A. . Peksi Jathayu, Sinta, Rama, lan Rahwana

b)

B. Rama lan Peksi Jathayu

c)

C. Dasarata lan Sinta

d)

D. Rahwana lan Peksi Jathayu

2.

2. Rahwana lan Jathayu rebutan Dewi Sinta ing gegana.

Ing ngisor iki tembung padha tegese karo tembung gegana, kajaba ...

a)

A. Langit

b)

B. Awang-awang

c)

C. Mega

d)

D. Geni

3.

3. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Mbak Gita : “Lin, apa kowe ora mangkat ngaji? Wis yahmene kok durung adus.”

Alin : “Mangkat, Mbak. Kosik aku lagi ngenteni Ibu rampung adus.”

Ukara pacelathon ing dhuwur kang kacetak miring kurang trep. Menawa

diganti nganggo ragam basa ngoko alus yaiku ...

a)

A. “Mangkat, Mbak. Sik aku lagi ngenteni Ibu rampung adus.”

b)

B. “Mangkat, Mbak. Kosik aku lagi ngenteni Ibu rampung siram.”

c)

C. “Mangkat, Mbak. Sekedhap kula nembe ngentosi Ibu rampung siram.”

d)

D. “Mangkat, Mbak. Sekedhap aku lagi ngentosi Ibu rampung siram.”

4.

4. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Septi : “Bu, menika menawi kula pendhet ngenjing sonten saged boten?”

Bu Gayatri : “Isa, Mbak.”

Septi : “Artanipun sakniki menapa ngenjing, Bu?”

Bu Gayatri : “Sesuk sisan wae, Mbak. Yen wis rampung dak kabari. Sekilone

Rp 3.000 ya, Mbak gari ngepingke.”

Septi : “Inggih, Bu. Ngenjing kabari mawon. Matur nuwun.”

Ana ing pacelathon ing dhuwur, panyambut damele Bu Gayatri yaiku ...

a)

A. Usaha Laundry

b)

B. Dodol ulam

c)

C. Dodol sayur

d)

D. Usaha Jait

5.

5. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Ibu : “Le, matura Bapak. Mau dipeseni Pakdhe Tino diaturi tindak nyang daleme.”

Galih : “Inggih, Bu.”

Galih : “....”

Ukara pacelathon kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

A.“Pak, wis sore. Pakdhe Tino wau ngendika Bapak dikengken tindak dhateng dalemipun Pakdhe Tino.”

b)

B. “Pak, sampun sonten. Pakdhe Tino mau ngendika yen Bapak dikon tindak nyang dalame.”

c)

C. “Pak, sampun sonten. Pakdhe Tino kala wau ngendika menawi Bapak diaturi tindak dhateng dalemipun Pakdhe Tino.”

d)

D. “Pak, sampun sonten. Pakdhe Tino mau ngendika yen Bapak dikon tindak nyang omahe.”

6.

6. Gatekna wacana ing ngisor iki!

Nalika Bandung Bondowoso ing kerajaan Prambanan, dheweke mirsani putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Bandung Bondowoso langsung nglamar Roro Jonggrang.

Tembung dheweke ing wacan iku ngrujuk marang...

(a)  

7.

7. Balung klapa, isuk-isuk ora pirsa.

Batangane wangsalan kasebut yaiku ...

(a)  

8.

8. Menawa maca geguritan kudu nggatekake carane maca, ora kena groyok, pangucapane

tembung cetha, ora pelo. Bab iki diarani ...

(a)  

9.

Gatekna Tembang Kinanthi ing dhuwur kanggo mangsuli pitakonan nomer 9 lan 10!

9. Guru lagu lan guru wilangan tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku (a)  

10.

10. Ukara ing gatra telu anggadhahi teges ...

(a)