NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 4
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Crita rakyat kang ngemu bab-bab sing aneh/ajaib jenenge ….
legenda
sage
mithe
dongeng
Ing ngisor iki kalebu cerita rakyat saka Jawa Tengah , kejaba ….
Malin Kundang
RawaPening
Bleduk Kuwu
Andhe-andhe Lumut
Dhawuhipun Ajisaka dhateng Jaka Linglung supados konduripun boten miyos margi. Tembung miyos basa ngokone yaiku . . . .
Miyos
Medal
Amit
Liwat
Wacanen kanthi pemati ! ( no 8-9)
Mangkono, saben uwong kang dijaluki pangan ora ana sing menehi. Bocah bajang iku malah diusir, dikongkon lunga sing adoh. Bocah bajang akhire semingkir adoh merga awake reget.
Simpulan sing trep kanggo wacan ing ndhuwur yaiku . . . .
Akeh wong sing padha menehi pangan bocah bajang senajan reget.
Wong sedesa padha ngusir bocah bajang sebab bocahe katon reget.
Prilaku wong sedesa anggone ngusir bocah bajang nganti adoh tapi dimenehi pangan.
Bocah bajang diopeni warga desa senajan awake katon reget.
Wacanen kanthi pemati ! ( no 8-9)
Mangkono, saben uwong kang dijaluki pangan ora ana sing menehi. Bocah bajang iku malah diusir, dikongkon lunga sing adoh. Bocah bajang akhire semingkir adoh merga awake reget.
Prilaku sing perlu ditinggalake saka cerita ing dhuwur yaiku ….
Nyenengke
Ngina
Nulungi
Mbiyantu
Wacan kanggo nomer 11 -12 !
Ja seneng adu-adu
Sipat sing ala aja ditiru
Gawe kanca padha serik lara ati
Luwih becik urip rukun
Aja padha seneng goroh
Guru lagu tembang ing dhuwur yaiku ….
u-u-i-n-h
j-s-g-l-a
u-u-i-u-o
m-i-u-g-a
Aja padha seneng goroh
Tembung goroh kosok baline ….
Males
Pinter
Bodho
Jujur
Cacahing gatra/ larik ing saben pada jenenge . . . .
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
guru suara
Wacanen tembang ing ngisor iki ! (no 17-18 )
Kabeh kanca kancaku
Yo bebarengan padha sinau
Maca lan nulis kudu ditelateni
Mumpung iseh akeh wektu
Bocah keset bakal bodho
Isi tembang ing dhuwur yaiku. . . .
Mumpung iseh cilik kudu sregep dolanan
Sinau wektu cilik padha mbiyantu wong tuwa
Mumpung iseh cilik ayo padha sregep sinau
Sinau iku mung maca lan nulis ben bodho
Jenis sandhangan penyigeging wanda yaiku . . . .
Wujude sandhangan sesigeg cakra yaiku . . . .
Tulisan iki yen diwaca unine .. . .
Wit-Witan
Wit Jati
Wit Tati
Wit Pati
Sandhangan iki jenenge . . .
Taling
Taling Tarung
Suku
Wulu
Sandhangan wignyan (h) manggone ana ing. . . aksara.
mburine
ngarepe
ndhuwure
ngisore
Gunane sandhangan keret yaiku nulis aksara . . . pinangka gugus konsonan swara.
ng
h
y
r
tulisan iki aksara latine yaiku ….
kopyah
ngumah
sirah
munggah
Jam siji aku wis mulih sekolah, bapak dereng . . . . (mulih)
Bali
Kondur
Teka
Liwat
Geguritan asale saka tembung...
Gurit
Ngurit
Gurit
Guritan
tembung "Gurit" artine ....
Milih
Nulis endah
Maca
Cerita
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?
R. Tantingingsih
Pahlawan
Pahlawanku
Karajang
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Tahu lan tempe ngandhung zat gizi kang arane ....
vitamin
protein
mineral
karbohidrat
Maskumambang, Pucung, Mijil, Sinom iku kalebu tembang ....
dolanan
gedhe
parikan
macapat
Pak Lik aturana ... wedang kopi
ngombe
dhahar
maem
ngunjuk
ing ngisor iki sing jenenge Gong yaiku ....
Basa kramane ngomong
ngendika
dhahar
tindak
nitih
Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama inggil
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
geguritan yaiku...
puisi basa jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
puisi basa jawa gagrag lawas (kuno) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok
pamilihe tembung sing pantes lan mentes dadekake geguritan dadi...
alus lan nyrenuhake
endah lan aji
kasar lan mangkelake
suci lan nyenengake
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
kewan ingon-ingon
banyu kang resik
tanduran sing subur
manungsa
Sapu Sada
(Dening : Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kebecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Nalika maca geguritan, solah lan polatan kudu . . .
Nelangsa
seneng
dislarasake
endah
Wayah udan kaline diresiki, yen keline mampet mundak....
resik
banjir
ilang
mabur
Tawon madu ngisep sekar. Golek ilmu kudu....
sregep
pinter
sabar
kendel
"Cublak-cubklak Suweng" Klebu tembang ....
macapat
gedhe
nasional
dolanan
Budhe Yanti masak pohong kanthi didang.
Tembung kang kacetak kandel klebu jinise....
katrangan wektu
katrangan cara
katrangan panggonan
katrangan papan
Simbah lara weteng. Yen dikramake....
Simbah gerah weteng.
Simbah lagi lara
Simbah lara padharan
Simbah gerah padharan
AKu didhawuhi ibu tuku uyah.
Uyah yen dikramake....
gendhis
uwos
garem
sarem
Ing pradesaan iseh akeh lemah bera.
Lemah bera tegese....
lemah kang okeh tandurane
lemah kang ora bisa ditanduri
lemah kang jembar bawera
lemah kang ora ana tanduran lan bawerane
Tanduran iki kalebu jinise....
empon-empon
palawija
palakependhem
palakesimpar
Gambar ing duwur, kalebu jenenge dolanan ....
Gundhul-gundhul Pacul
Jamuran
Cublak-Cublak Suweng
Lir Ilir
Guyub tegese...
gregeten mulane ora tumindak
greget tumindak bebarengan
urip sing ora selaras
urip ngedohi pasulayan
Tembang dolanan menehi piwulang marang bocah-bocah ngeneni........
olah raga
ilmu pengetahuan
keterampilan
budi pekerti
Sing kalebu ciri-cirine tembang dolanan yaiku ...
basane angel dingerteni
cengkoke ora prasaja
bisa ditembangake sinambi dolanan
isine bab nyeritaake kahanan biyen
Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong diarani....
pandawa
kurawa
punakawan
bethara guru
Jeneng liyane Werkudara yaiku ...
Janaka
Bayu
Bima
Puntadewa
Sedulure Pandhawa kan cacahe 100 diarani ....
Kurawa
Yadawa
Bargawa
Mandrawa
