WorksheetsPAS 1 BAHASA JAWA KELAS 8
Total questions: 5
Worksheet time: 15mins
Dadi ringkese, crita cekak sing dicekak cerkak iku crita kang ngandharake lelakon utawa kedadean kanthi ringkes, saka wiwitan nganti pungkasan. Ciri-cirine crita cekak/ cerkak, yaiku
Sebut lan jelasake Unsur intrinsik cerkak?
Ing sawijining narasi utama teks crita cekak ukara-ukarane dumadi saka ukara gancaran lan ukara pacelathon kanggo nggambarake dumadine kedadean sing luwih rinasa nyata. Ukara gancaran lan ukara pacelathon/dhialog kudu trep lan salaras karo unggah-ungguh basa. Teks crita cekak "Dea Kudu Bisa" panganggone basa ing pacelathone wis trep karo unggah-ungguh. Ukara ngoko digunakake paraga ibu katujokake marang Dea, ukara ngoko alus digunakake nalika nyritakake sing ana sambung rapete karo ibu (paraga kang pantes dikurmati), ukara krama digunakake Dea katujokake marang ibune.
Sebut ake macam - macam unggah - ungguh basa lan paringono tulhadha?
Basa rinengga iku basa kang direngga, rengga tegese paes. Basa rinengga tegese basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake ana ing maneka warna ragam basa, gumantung karo kaperluane. Lumrahe basa rinengga kuwi sing kerep digunakake ana ing karya sastra, antawacana ing upacara adat, antawacana wayang lan kethoprak, sanadyan ing pasrawungan saben dina uga kala-kala bisa ditemoni basa rinengga.
Sebut lan jelasake macam - macam basa rinengga lan paringana tuldha 2 wae?
Tulisen Nganggo aksara Jawa ?
1. Luamajang kota pisang
2.Mahameru gunung paling duwur ning tanah jawa
