wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDI UH BASA JAWA SEM 2 2023

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Karangan kang isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu lan melu ngrasakake diarani karangan … .

a)

Dheskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Puisi

2.

> Nggambarake samubarang kanthi cetha

> Njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya

> Pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadean

> Njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, ganda lan kahanan liyane

Titikane teks ing ndhuwur kalebu teks...

a)

Narasi

b)

Dheskripsi

c)

Persuasi

d)

Eksposisi

3.

Sawah Ing Desaku

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.

Wacan kasebut kalebu teks gancaran...

a)

Narasi

b)

Dheskripsi

c)

Persuasi

d)

Eksposisi

4.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane.

Paragrap ing ndhuwur idhe pokoke yaiku...

a)

Kali ing desaku banyune ora resik.

b)

Kali ing desaku.

c)

Kali ing desaku jembar.

d)

Kali ing desaku reged banget.

5.

Omahku pancen prasaja, nanging kanggoku wis apik tur nyenengake. Ing pekarangan ngarep omah ana tanduran pelem, jambu, jeruk, lan rambutan. Mulane omahku katon ayom.

Ukara pitakon kang mathuk karo wacan ing ndhuwur yaiku...

a)

Kapan wayah nandur tanduran ing pekarangan ngarep omah?

b)

Kena apa tanduran ing pekarangan ngarep omah?

c)

Kepriye nglestarekake tanduran ing pekarangan ngarep omah?

d)

Sebutna apa wae tanduran ing pekarangan ngarep omah?

6.

Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana diarani...

a)

Parikan

b)

Pepindhan

c)

Panyendhu

d)

Panyandra

7.

A. Bangkekane nawon kemit

B. Lambene guwing

C. Alise nanggal sepisan

D. Tangane cekot

Kang kalebu panyandra yaiku...

a)

A lan C

b)

A lan B

c)

C lan D

d)

B lan C

8.

1. Ukara kang kedadean saka sampiran lan isi

2. Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya

3. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana

4. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nyacad

Kang kalebu panyendhu yaiku...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

9.

A. Bangkekane nawon kemit

B. Lambene guwing

C. Alise nanggal sepisan

D. Tangane cekot

Kang kalebu contone panyendhu yaiku...

a)

A lan B

b)

B lan C

c)

B lan D

d)

C lan D

10.

Senajan irunge ... Ratih kuwi isih katon manis.

Ukara panyendhu kanggo jangkepi ukara ing ndhuwur yaiku...

a)

Cekot

b)

Gruwing

c)

Grumpung

d)

Dhingklang

11.

Sing diarani Pandhawa yaiku… .

a)

Anak 5 wadon kabeh  

b)

Anak 5 lanang kabeh  

c)

Anak 2 lanang, 3 wadon

d)

Anak 3 lanang, 2 wadon

12.

Raden Puntadewa iku satriya ing… .

a)

Jodipati

b)

Ngamarta

c)

Madukara

d)

Mahabarata

13.

Salah sijine punakawan ing gambar kuwi nduweni asma....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

14.

Salah sijine pandhawa ing gambar kuwi nduweni asma....

a)

Arjuna

b)

Nakula

c)

Sadewa

d)

Werkudara

15.

Kepriye watake Puntadewa dalah adhi-adhine?

a)

Jahat

b)

Dengki

c)

Andhapasor

d)

Iri

16.

Ing gambar, kasebut pasangane aksara ...

a)

Ha

b)

Na

c)

Ca

d)

Ra

17.

Yen ing gambar iki, kasebut pasangane aksara ...

a)

Da

b)

Ta

c)

Sa

d)

Wa

18.

ꦧꦗꦸ​ꦧꦫꦸ

Aksara jawa ing nduwur yen diwaca unine...

a)

Baju biru

b)

Baju baru

c)

Buku baru

d)

Batu bata

19.

Aksara iki yen diwaca unine...

a)

Bagus nggawa wajan

b)

Bagus jalan-jalan

c)

Bagus mangan jajan

d)

Bagus mangan wajan

20.

Ukara jawa ing sisih kiwa iki kadunungan pasangan…

a)

Pa

b)

Da

c)

Ja

d)

Ya