WorksheetsWULANGAN 1 BASA JAWA KELAS 12 SMA
Total questions: 15
Worksheet time: 11mins
Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran ....
ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae.
beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.
Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku ... .
basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya
basa ibu, basa ilmu, lan basa pergaulan
basa ibu, basa kulawarga, lan basa masyarakat
basa ibu, basa komunikasi, lan basa budaya
basa ibu, basa ilmiah, lan basa sastra
Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku ... .
basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kulawarga
basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat.
basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa.
basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh.
basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan.
Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... .
ragam ngoko alus lan ragam krama inggil
ragam ngoko lan ragam krama
ragam krama lugu lan ragam karma inggil
ragam ngoko lan krama inggil
ragam krama alus lan krama inggil
Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake ... .
rumaket
ngajeni
guyonan
penting
mirunggan
Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama
krama lugu
krama inggil
Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... .
kasar lan rumaket
luwih gampang cak-cakane
alus lan nduweni surasa luwih ngajeni
lugu lan kurang ngajeni liyan
endhek tataran undha-usuke
Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!
Rina : Inggih, Buk. Kula sampun solat. Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin! Ing punggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa ... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
Wong/ bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane migunakake basa ... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku ...
Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana.
Ki sanak menika sinten lan saking pundi?
Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta.
Ana wigati apa kowe sowan mrene?
Pakaryan kang becik kudu kalestarekake!
Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa gelem didadekne bojo.
Ukara ing dhuwur mujudake unine ... .
wara-wara
patembaya
reklame/iklan
layang
lelayu
Minangka basa ibu, Basa Jawa lumrahe panganggone ... .
alus
kasar
kanthi tinulis
kanthi lisan
kanthi resmi
