wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Busana Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Ageman menika meh sami kaliyan ageman kangge para kanca abdi dalem kaji, bedanipun, perangan wingking krowokan. Ageman menika kawastanan .....

a)

beskap

b)

sikepan

c)

surjan

d)

atela

e)

antari

2.

Perangan busana Jawa kakung menika kawastanan ......

a)

cenela

b)

lonthong

c)

kamus

d)

dhestar

e)

timang

3.

Kanthi warni kain abrit mawi motif/corak, dipunagem dening nyamping busana penganten, tengah kampuh ratu, clana, ugi lonthong, kain menika kawastanan......

a)

kemben

b)

sinjang

c)

cindhe

d)

tumpal

e)

bebet

4.

Perangan busana menika kawastanan menapa?

a)

kamus

b)

timang

c)

cenela

d)

dhestar

e)

wangkingan

5.

Model ngagem keris menika kawastanan ....

a)

modhel mangking

b)

klabang pinipit

c)

ngogleng

d)

ngewal

e)

netep

6.

Model/caranipun ngagem keris wonten ing gambar menika kaginakaken nalika ....

a)

mara seba/kagem pahargyan

     

b)

mlebet wonten papan ingkang suci

c)

marak dhumateng tiyang ingkang dipunkurmati

d)

gladhen beksa

e)

majeng perang

7.

Ingkang sinebat sabuk wala, inggih menika ....

a)

nyamping ingkang dipunagem dening putri ingkang umuripun watawis 7-12 taun

b)

  sabuk saking kain dipunangge sesarengan kamus

c)

sabuk ingkang dipunginakaken dening para prajurit

d)

kain ingkang kaginakaken minangka gentosipun sabuk

e)

nyamping ingkang sepalih diagem sabuk, sepalih diagem nyampingan

8.

Model ngagem keris menika kawastanan ....

     

a)

klabang pinipit   

b)

ngewal

c)

netep

d)

mangking

e)

ngogleng

9.

Cara panganggenipun keris wonten gambar, kaginakaken kala menapa?

a)

para prajurit sowan raja

b)

   prajurit kraton ngasta bedhil

c)

para abdi dalem gladhen beksan

d)

nalika nindakaken ibadah wonten papan suci

e)

kagem para among tamu wonten pahargyan

10.

Ageman wonten gambar kasebat kawastanan menapa?

   

a)

tangkepan

b)

beskap

c)

antari

d)

atela

e)

dhestar

11.

Sinten ingkang ngagem busana ingkang wonten ing gambar?

 

a)

para abdi dalem kaji

b)

para prajurit ingkang badhe tindak kaji

c)

para abdi dalem ingkang badhe winisuda

d)

para abdi dalem ingkang sowan para ulama

e)

para prajurit ingkang saweg dherek pengaosan

12.

Andharan menika ingkang trep babagan busana Jawi inggih menika ...

   

a)

    wiron kakung wiyaripun watawis 2 nyari

b)

   wiron kakung wiyaripun watawis 3 nyari

c)

wiron kakung lan putri seredipun wonten lebet

d)

wiron kakung lan putri madhepipun sered sami

e)

corak kain parang madhepipun tumrap putri sami kaliyan kakung

13.

       Caranipun nganggem nyamping ingkang leres, inggih menika .....

   

 

a)

Jarik – lonthong – stagen – timang –kamus

b)

jarik – lonthong – stagen – kamus – timang

c)

jarik - timang– kamus – lonthong – stagen

d)

jarik – kamus – stagen - lonthong – timang

e)

jarik – stagen – lonthong –kamus - timang

14.

Gambar keris kasebat, corakipun.......

a)

branggah Yogyakarta

b)

gayaman Surakarta

c)

  ladrang Surakarta

d)

ladrang Yogyakarta

e)

branggah Surakarta

15.

Ingkang ngginakaken ageman beskap, inggih menika ....

 

a)

para putra raja

b)

abdi dalem selebeting Kraton

c)

tiyang njawi Kraton ingkang dherek upacara wonten kraton

d)

calon mantu raja saking raja saking tlalah sanes

e)

  sentana dalem lan para sedherek Raja

16.

Ingkang ngagem busana pranakan, inggih menika ....

   

a)

para putra raja

b)

para ulama

c)

abdi dalem

d)

para abdidalem kaji

e)

para prajurit

17.

Corak kain tumrap busana para abdi dalem, inggih menika ....

  

a)

  lurik ijo

b)

sembagen

c)

kembang batu

d)

kain polos

e)

lurik telupat

18.

Andharan menika ingkang kelebet kain jarik ingkang kaginakaken wonten Yogyakarta, inggih menika ....

    

a)

seredipun awarni pethak

b)

  seredipun awarni coklat enem

c)

mawi warni ingkang kathah

d)

wonten tumpalipun

e)

dhasar warni abrit

19.

Ingkang sinebat busana takwa, inggih menika ....

a)

pranakan

b)

sikepan

c)

atela

d)

surjan

e)

beskap

20.

Rasukan kebaya ingkang dipunagem dening para  pawestri wonten tlatah Ngayogyakarta, inggih menika ....

 

a)

kebaya kuthu baru

b)

kebaya encim

c)

kebaya seredan

d)

kebaya semekan

e)

kebaya tangkepan