Font size
WorksheetsGladhen Wulangan 2 Kelas 8
Total questions: 10
Worksheet time: 12mins
"Wonten nggriya Kleting Kuning olah-olah lan reresik griya piyambakan.
Kleting Kuning niku putra tirine Mbok Randha. Pengrengkuhe Mbok Randha
dhateng Kleting Kuning niku winastanan emban cindhe emban siladan,
benten kaliyan putri sanesipun....”
Bebasan sing tegese ora adil, yaiku ....
Ora uwur ora sembur.
Arep jamure ora arep watangane.
Rebut balung tanpa isi.
Emban cindhe emban siladan.
Paribasan sing tegese ora duwe apa-apa, ora gelem ikhtiyar nanging
kepingin dadi panguwasa, yaiku....
Adang-adang tetesi embun.
Durung pecus keselak besus.
Blilu tau, pinter durung nglakoni.
Cebol nggayuh lintang.
Pepindhan sing tegese anggone nyambut gawe polahe ora leren-leren siji
mari ditandangi, sijine kudu enggal ditandangi maneh, yaiku kaya....
ngaru napung
lintang alihan
kuthuk kelangan babon
niba nangi
Saloka sing tegese wong asor/ala wewatekane nanging sugih bandha
donya, yaiku ....
Asu belang kalung wang.
Dom sumurup banyu.
Cecak nguntal empyak.
Bathok bolu isi madu.
"Keplok ora tombok"
Ukara kasebut yaiku kalebu jinise basa rinengga (a)
"Angin silem ing warih"
Ukara kasebut kalebu basa rinengga ...
(a)
"Gajah ngidak rapah"
Ukara kasebut kalebu basa rinengga ...
(a)
"Panjenengan wingi tindak menyang Surabaya kok ora pamit aku?"
Owahana ukara ing ndhuwur dadi basa krama inggil !
(a)
Sampun sisah menggalih menapa ingkang dados reribeting manah, Ibu. Nyuwun pangestunipun kemawon, mugi ingkang putra enggal lulus saking sekolahan.
Owahana dadi basa ngoko lugu !
(a)
Sasampunipun panjenengan sare, sumangga panjenengan enggal ngunjuk wedang teh ingkang sampun cumawis wonten meja. Bilih panjenengan rumaos ngelih, sumangga panjenengan dhahar pisang goreng ingkang wonten ing pawon. Mugi pajenengan remen kalihan menapa ingkang kula cawisaken.
Owahana paragrap ing ndhuwur dadi basa ngoko !
