NEW
Font size
WorksheetsEVALUASI PASINAON MATERI CARITA RAMAYANA
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Dumugi kraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ana mriku piyambakipun saged manggihi Dewi Sinta tuwin dewi Trijatha. Anoman lajeng ngaturaken sesupenipun Sri Rama dhateng Dewi Sinta
Sasampunipun mangertosi kahananipun Dewi Sinta tuwin sisik melik bab kahananipun kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman lajeng pamit wangsul. Emanipun nalika badhe medal keputren, Anoman
kadenangan lajeng kapikut dening prajurit Alengkadiraja. Anoman dipunrangket dipunsowanaken Prabu Rahwana. Dening prajuritipun Prabu Dasamuka Anoman dipunbesmi. Anoman dipunobong ing alun-alun Alengka. Nanging Anoman menika kethek sekti mandraguna, boten tedhas dipunbesmi. Nalika kabesmi Anoman uwal lajeng pencolotan sanginggilipun wewangunan kraton lan pomahan. Wewangunan lan wit-witan sing dpuniencoki Anoman sedaya kobong. Kraton Alengkadiraja sing waunipun sae, endah simenika dadi segara geni sing mulat-mulat amargi pokalipun Anoman. Prabu Dasamuka duka lajeng dhawuh prajurit Alengka supaya nyepeng Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lajeng atur palapuran dhateng Sri Ramawijaya.
Para paraga carita ing wacana Anoman Duta kasebut inggih menika ...
Anoman, Dewi Shinta, Rahwana, Janaka, Ramawijaya
Ramawijaya, Anoman, Dewi Trijatha, Werkudara
Dewi Shita, Dewi Trijatha, Anoman, Rahwana
Rahwana, Ramawijaya, Anoman, Puntadewa
Dumugi kraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ana mriku piyambakipun saged manggihi Dewi Sinta tuwin dewi Trijatha. Anoman lajeng ngaturaken sesupenipun Sri Rama dhateng Dewi Sinta
Sasampunipun mangertosi kahananipun Dewi Sinta tuwin sisik melik bab kahananipun kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman lajeng pamit wangsul. Emanipun nalika badhe medal keputren, Anoman
kadenangan lajeng kapikut dening prajurit Alengkadiraja. Anoman dipunrangket dipunsowanaken Prabu Rahwana. Dening prajuritipun Prabu Dasamuka Anoman dipunbesmi. Anoman dipunobong ing alun-alun Alengka. Nanging Anoman menika kethek sekti mandraguna, boten tedhas dipunbesmi. Nalika kabesmi Anoman uwal lajeng pencolotan sanginggilipun wewangunan kraton lan pomahan. Wewangunan lan wit-witan sing dpuniencoki Anoman sedaya kobong. Kraton Alengkadiraja sing waunipun sae, endah simenika dadi segara geni sing mulat-mulat amargi pokalipun Anoman. Prabu Dasamuka duka lajeng dhawuh prajurit Alengka supaya nyepeng Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lajeng atur palapuran dhateng Sri Ramawijaya.
Sing mangerteni nalika Anoman arep metu saka keputren inggih menika ...
Prajurit Ngalengkadiraja
Rewanda Seta
Dewi Trijatha
Rahwana
Piwulang sing bisa kajupuk saka carita Anoman Duta yaiku ...
Anoman bisa nemoni Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, malah ngeterake sesupe
Kabeh perkara sing bener nganti perkara sing salah kabeh mau bakal konangan
Anoman dadi duta Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman Keputren
Sasampunipun pikantuk sisik melik lan kaanaan keratin, Anoman si kethek putih banjur wangsul.
Tembung “Duta” tegese padha karo …
Tukang ngopeni kewan
Tukang menehi kabar
Batur/ rewangkalung
Utusan
Paraga utama ing carita wayang Anoman Duta yaiku ...
Ramawijaya
Dewi Sinta
Rahwana
Anoman
Prabu Ramawijaya raja ing Negara ...
Astina
Amarta
Alengka
Jodhipati
Gatekna pethikan soal carita Anoman Duta iki!
Anoman dadi duta Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman Kaputren. Ing kana, Anoman bisa nemoni Sinta lan Trijatha malah bisa ngaurake ali-ali saka Rama.
Manut pethilan wacan kasebut, pokok isi ukara kasebut Anoman ….
Kongkonane Rama lan ketemu Rahwana sawadyabalane
Dadi kongkonan lan bisa ngaturake ali-ali marang Sinta
Kepethuk Trijatha lan diajak bali dening Sinta
Ngajak bali Sinta lan Trijatha
Gatekna prathelan iki!
Ing wacan carita Anoman Duta ana ukara: kabeh perkara kang bener, bakal bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah bakal seleh.
Ukara kasebut jumbuh karo paribasan…
Sapa salah seleh, sapa bener pener
Sapa salah seleh, sapa kang ora salah mesthi seleh
Sapa luput bakal semaput sapa salah mesthi ndlelah
Sapa bener bakal pener, sapa luput gampang semaput
Anoman konangan dening wadyabalane Rahwana, nuli dirangket lan entuk ukuman arupa di … ing alun-alun.
Tembak
Obong
Panah
Siksa
Pitutur kang bisa kajupuk saka carita Anoman Duta, yaiku …
Dadi wong wedi marang bebener lan kajujuran wedi marang paukuman
Manungsa aja wedi marang paukuman, yen iku ngenggoni bebener
Manungsa ora perlu wedi marang bebener lan paukuman
Dadi wong wedi marang paukuman sanajan iku bener
