WorksheetsPTS BAHASA JAWA 8A
Total questions: 40
Worksheet time: 58mins
sing padha karo cerpen yaiku...
cerbung
cermis
cerkak
cerita fiksi
Cerkak wancahan(singkatan) saka....
Cerita cekak
Cerita pendek
Cerita cakak
Cerita sambung
Struktur teks cerkak ana....
1
2
3
4
Kang dudu mujudake struktur teks cerkak....
pambuka
konflik
ending
paraga
Pambuka kang ngenalake latar, paraga, lan wektu dumadine crita yaiku....
orientasi
komplikasi
resolusi
konflik
Unsur Intrinsik cerkak, kejaba
Alur
Tema
Pasulayan
Tokoh
Opo sing dimaksud Homonim
tembung nduweni makna podo nanging bedo panulisane
tembung sing nduweni makna bedo nanging podo panulisane lan pangucapane
tembung sing nduweni makna bedo lan bedo pangucapane
tembung sing nduweni makna podo lan podo panulisane
Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....
Sudut Pandang
Tema
Kehidupan sosial panulis
Amanat
"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....
Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.
Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah
Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah
Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.
Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....
Sudut Pandang
Tema
Kehidupan sosial panulis
Amanat
Cerkak nduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik. Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....
pendhidhikan panganggit
sudhut pandhang
kahanan politik
ekonomi panganggit
Rumangsa duwe utang, Kang Soma banjur ngedol wedhuse loro menyang pasar. Dheweke ngrekadaya amrih bisa mbayar utang lan mbayar SPP putrane. Miturut panjenengan, piweling saka andharan ing dhuwur yaiku ….
Urip kudu digawe seneng-seneng.
Urip kudu priatin, aja lali karo kewajiban
Aja seneng adol-adol barang kang larang
Urip kudu seneng utang, apa maneh nek butuh.
Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !
Kaya saben dinane Bawang putih lunga maring kali kanggo ngumbaih. dheweke ketemu karo nini-nini. Dening nini-nini mau Bawang Putih diwei semangka sing ora patiya gedhe. Maune Bawang Putih ora gelem, nanging sawise dipeksa dening nini-nini mau akhire dheweke gelem lan ngaturaken matur nuwun. Sagutule ngumah semangkane disigar, kagete Bawang Putih isi semangkane arupa emas sing cacaeh akeh banget.
Adhedhasar tugelan cerkak nang ndhuwur, nilai-nilai sing bisa dijukut yakuwe ....
moral lan sosial
sosial lan agama
agama lan budaya
pendidikan lan moral
Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !
“Saiki aja padha adu nepsu lan karep. Wis dha lerema! Aku sing bakale ngrumat bapak!”. Kabeh pada meneng nalika Saptono lagi ngomong kaya kuwe, kabeh pada krasa ayem uga wedi amarga omongane mau. Sita lan Sono banjur pada siap-siap bali maring umaeh sinambi nyepakake dhaharane bapak.
Manut pethilan cerkak nang ndhuwur, wateke paraga aku yakuwe ....
ngalah karo liyan
gawe nesu
kemaki
bekti maring wong tuwa
Unsur ing ngisor iki kang kalebu perangane unsur intrinsik setting yaiku….
alur, paraga, swasana
wektu, papan, swasana
tema, papan, swasana
sudut pandang, swasana, wayah
Karya sastra Jawa periodhe anyar awujud crita kang nyritakake ngenani gegambarane urip masarakat saben dina, kang ngandhut pitutur, piweling, lan kritik, diarani ...
Basa rinengga
Crita rakyat
Geguritan
Crita cekak
Bageyan struktur teks cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, klebu intine crita, lan kudu ana sajrone crita diarani …
Orientasi
Komplikasi
Resolusi
Pamecahe masalah
Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak, yaiku ...
Kabudayan
Pendidikan
Latar/setting
Pariwisata
Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!
Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.
Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....
Ibu
Bapak
Adhik
Aku
Ing ngisor iki sing kelebu struktur teks saka crita cerkak (cekak) yaiku ...
Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean
Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)
Pambuka, Surasa/isi, Panutup
Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)
Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...
Paraga
Penokohan
Setting
Akting
Tembung kang tegese ora kaya makna salugune diarani…
Tembung saroja
Tembung entar
Wangsalan
Paribasan
Sanadyan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene. Tembung tipis lambene klebu tuldhane…
Tembung saroja
Tembung entar
Wangsalan
Paribasan
sih kinasihan kaya angganing mimi lan amintuna.
tembung kang digaris isore kuwi klebu basa rinengga jinis...
purwakanthi
saloka
entar
seroja
paribasan
rinengga ing busana edi endah.
tembung kang digaris isore kuwi tegese...
endah banget
katon semburat
ora resik
sarwa tresna
gumlegar banget
Anake Pak Wardaya sing Mbarep pancen jarang enek neng omah, apa maneh Gaten iku anak lanang sing karo wong tuane pancen diwenehi kabebasan supaya mangerteni isine donya. Wis 4 tahun kuliah ing Solo, banjur oleh pengawean ing Bali, saiki jarene wis dipindah ing Batam.
Paribasan sing pas kanggo ngarani Putrane Pak Wardaya yaiku....
Njajah desa milang kori
Ngubek-ubek banyu bening
Ngugah macan turu
Kaya pari den interi
Mburu uceng kelangan deleg
Paijo sikile dhingklang, ukara iku diarani ....
panyandra
pepindhan
panyendhu
parikan
Alise nanggal sepisan. Diarani ukara ....
parikan
panyendhu
pepindhan
panyandra
Jam 06.00 esuk Darmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, uwong-uwong mlayu ngejar Darmo.
Teks ing nduwur diarani teks ....
narasi
deskripsi
parikan
pawarta
Jenise basa rinengga ing ndisor iki ana papat, yaiku ...
deskripsi, narasi, pepindhan, parikan
panyendhu, panyandra, pepindhan, parikan
panyendhu, narasi, parikan, pepindhan
narasi, deskripsi, parikan, panyandra
ukara sing ngemu basa rinengga yaiku...
seina natas udane ora uwis-uwis
ageane bapak diampil pakdhe
saben dina pengaweyane mung nuthuki gamelan
pancen bocahe ayu banget tur tindak tanduke ngayem-yemi ati
tanpa obah apa kowe bisa mamah?
Becik ketitik ala....
ketampa
kepara
ketara
rupamu
Tegese abang branang yaiku....
abang getih
abang banget
abang semu
abang ireng
"Weteng karet aja sok diet", tegese weteng karet yaiku....
wetenge molor
wetenge ora nduwe wareg
wetenge elastis
wetenge amba
Ing ngisor iki klebu salah siji tuladha saka jinise ragam basa rinengga arupa bebasan, kajaba....
nglungguhi klasa gumelar
ketiban ndaru
suduk gunting tatu loro
nututi layangan pedhot
Anak polah bapa kepradhah, tegese....
tingkah polahe anak dadi tanggungjawab wong tuwane
tingkah polahe bapak dadi tanggung jawab anak
tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake
tingkah polah bapak bakal nurun neng anake
Ani beja banget uripe. Ukara iki teges pepindhan saka....
kaya banyu karo lenga
ketiban ndaru
ketiban srengenge
cebol nggayuh lintang
kacang ora ninggal lanjaran, tegese....
sugih bandha donya
sipate anak ora beda karo wong tuwane
wong sing lali jaman susahe
wong sing nurut dalan uripe
Basa sing dipaesi supaya dadi endah, yaiku ....
basa krama
basa rinengga
basa ngoko
basa dhialek
Sliramu kok kaya wayang ilang gapite ngno, blas ora semangat. Tegese unen-unen kang kacithak miring ing ukara kasebut, yaiku ....
lemes/ora nduwe daya
kelangan sikil
wayange ditinggal dhalang
dhalange kelangan wayang
