WorksheetsLatihan pasinaon 1
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Ingkang atur sesorah sambutan inggih puniko ...
ketua karang taruna
ketua RT
ketua panitia pentas seni
ketua kelas
Tembung suka bagya iku tegese ...
seneng banget
lancar
sedih
rekasa
Tembung patunggilan tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...
gotong royong
kerjasama
persatuan
kemandirian
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih. Tembung penggalih iku padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ...
ati
asta
rikma
soca
Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.
Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah
pangajeng - ajeng
panutup
isi
pambuka
" Saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing enjing badhe kerja bakti. "
Wulan kepengker tegese ...
sasi ngarep
sasi mburi
sasi wingi
sasi sukmben
" Sedaya warga sami gumregut anggenipun gotong - royong kanthi raosing manah ingkang remen lan ikhlas"
Tegesipun tembung gumregut inggih punika ...
cekat - ceket
alon - alon
gumregah
gumebrug
Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...
adigang - adigung adiguna
rawe - rawe rantas malang - malang putung
kutuk marani sunduk
rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...
intonasi saben ukoro kudu bener
intonasi ukoro ora kudu bener
tempo anggone maca ora kudu bener
pamedhote ukoro ora kudu bener
Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...
Selamat
Sengsara
Suka - suka
Mandiri
Adipati Karna iku adipati ing ...
Ngastina
Ngawangga
Mandura
Madukara
Nalika lair Adipati Karna di larung banjur ditemu kusir ...
Abiyasa
Adirata
Salya
Sengkuni
Pusakane Adipati Karna kang kawentar ampuh yaiku ...
Cakra
Pasopati
Kuntowijayandanu
Gada Rujakpala
Adipati Karna iku atmajane Dewi Kunthi kaliyan Dewa Surya. Atmajane iku tegese ...
bapake
adhine
anake
kakange
Ingkang dados kusiripun Raden Arjuna nalika tandhing inggih punika ...
Prabu Baladewa
Prabu Suyudana
Prabu Kresna
Prabu Puntadewa
Paseduluran sing mesthi mungsuhi para satriya Pandhawa arane...
Dewi Kunthi
Eyang Bhisma
Guru Durna
Kurawa
Watake ( sifat ) para satriya Pandhawa yaiku...
becik lan luhur
jahat lan ora ngerti tata krama
andhap lan asor
jujur lan seneng goroh
Paman saka pihak Kurawa sing penggaweane hasut lan menehi pitutur licik arane...
Paman Destharata
Paman Bhisma
Paman Sengkuni
Paman Dolit
Crita wayang ana 2 lakon yaiku...
Ramayana lan Narayana
Mahabharata lan Mahayana
Narayana lan Mahabharata
Ramayana lan Mahabharata
Ibune para satriya Pandhawa arane...
Dewi Gandhari
Dewi Kunthi
Dewi Sridevi
Dewi Drupadi
Watake satriya Pandhawa yaiku ing ngisor iki, kajaba (kecuali) ...
sabar nrima
seneng tetulung
welas asih marang manungsa
angkara murka
Ing ngisor iki kalebu ing seduluran Kurawa, kajaba (kecuali) ...
Duryudhana
Dursasana
Arjuna
Destharata
Raden Arjuna kuwi satriya ing negara...
Dwarawati
Pancawati
Nanggala
Madukara
Badan PBB sing ngakoni wayang kuwi budaya luhur warisan ndunya saka Indonesia yaiku...
UNESCO
UNICEF
WHO
ILO
Wayang kulit biasane digawe saka...
kulit wedhus
kulit pithik
kulit kebo
kulit sapi
Kain putih sing digawe latar belakang ing mburine pagelaran wayang kulit arane...
blencong
kelir
gedebog
kepyak
Apa gunane gedebog ing pagelaran wayang kulit? ...
kanggo madhangi pagelaran wayang
ngewenehi tanda ganti crita
kanggo ngencepake wayang
kanggo latar belakang pagelaran wayang
Lampu sing digawe madhangi pagelaran wayang kulit arane...
cempala
kelir
kepyak
blencong
Unen-unen lan tetembangan sing biyasane ngiringi pagelaran wayang kulit arane...
keroncong
gamelan
sasando
kecapi
Ing wiwitane (pada awalnya) , fungsine pagelaran wayang yaiku kanggo...
sarana hiburan rakyat
sarana muji syukur marang Gusti Pengeran
sarana srawung tangga
sarana kanggo teturon
Dina : “ ….. sing gelem tak wenehi roti?
Sinta : “Aku Din, aku gelem.”
Tembung pitakon kang bener kanggo njangkepi ukara ing duwur yaiku ….
Apa
Pripun
Ing ngendi
Sapa
Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...
Basa ngoko lugu
Basa krama lugu
Basa ngoko alus
Basa krama alus
Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ....... pidhato.
pambuka
panutup
Isi
dudutan
Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe . . . .
ukara
dudutan
cengkoroan
gagasan baku
Ing ngisor iki sing kalebu gagasan baku sajroning pambuka pidhato yaiku . . . .
dudutan
puji syukur
salam pambuka
pakurmatan
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus kang bener yaiku ...
Nalika bapak adus, aku mangan
Nalika bapak siram, aku mangan
Nalika bapak adus, aku dhahar
Nalika bapak siram, aku dhahar
Pambarepe Pandhawa
Baladewa
Puntadewa
Arjuna
Kresna
Paraga wayang kang bagus pasuryane
Arjuna
Bima
Puntadewa
Nakula
Abdine Pandawa kang awake dhuwur
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Sedulure Pandhawa sing duwe watak ala yaiku...
Puntadewa
Bima
Kurawa
Arjuna
Yusdhistira yaiku putra mbarep Pandu Dewanata. Tembung mbarep tegese yaiku?
Kepapa
Ketelu
Keloro
Pertama
Nakula lan Sadewa iku putrane Dewi ...
Sinta
Kunthi
Madrim
Drupadi
Gaman iku tegese senjata. Gaman saka Raden Arjuna yaiku...
Kuku Pancanaka
Panah Pasopati
Nujum
Jimat Kalimasada
3 watake Puntadewa yaiku . . . .
sabar
ora seneng kerengan
ora bisa basa alus
loma
Sega sakepel dirubung tinggi = ......
salak
nanas
andha
sulak
Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....
Dilebokne malah metu
Klambine dilebokne lemari
Bukune dilebokne tas
Klambine gak dilebokne
Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......
geni
banyu
lemah
angin
Duwe rambut ora nduwe endhas = ......
jagung
pari
sulak
nanas
Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani....
cangkriman
plesedan
unen-unen
paribasan
Rini karo Bima seneng banget,amarga sowan daleme simbah. Sorene bapak ngajak bocah-bocah resik-resik
Apa sebabe Rina karo Bima seneng banget ?
sowan daleme si mbah
resik-resik
pelesir
