wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bahasa Jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 37mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki titikane teks palapuran asil observasi, kajaba ...

a)

a. Isi teks kudu obyektip

b)

b. Ditulis lelandhesan kasunyatan

c)

c. Ngemot bab bab kang nyimpang saka kasunyatan

d)

d. Ana tembung kriya lan tembung wilangan

2.

Bab kang isine nerangake pengerten umum saka bakune andharan kang dirembug yaiku ...

a)

a. Isi

b)

B. Pambuka

c)

c.Panutup

d)

d. Idhentifikasi

3.

Perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi yaiku ...

a)

a. Dheskripsi manfaat / kagunan

b)

b. Dheskripsi bageyan.

c)

c. Pangerten umum

d)

d. Dheskripsi pelapuran

4.

ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀​ꦲꦥꦶꦏ꧀ artinya ...

a)

a. Katon apik

b)

b. Katon elek

c)

c. Katon padang

d)

d. Katon jembar

5.

Kang klebu sandhangan swara ….

a)

A. suku

b)

B. wignyan

c)

C. cecak

d)

D. layar

6.

Sandhangan panyigeg yaiku sandhangan kanggo tandha mati ing…

a)

A. ngarep

b)

B. tengah

c)

C. pungkasan

d)

D. ngarep lan pungkasan

7.

Aksara Jawa Legena yaiku …..

a)

A. Aksara jawa seng duwe sandhangan

b)

B. Aksara jawa sing durung ana sandhangan

c)

C. Aksara jawa sing cacahe ana 5

d)

D. Aksara Jawa sing cacahe 10

8.

Kang klebu sandhangan wiyanjana yaiku ...

a)

A. pengkal

b)

B. pepet

c)

C. wigyan

d)

D. cecak

9.

kang klebu sandangan panyigeg

a)

A. suku

b)

B. wulu

c)

C. pepet

d)

D. cecak

10.

Aksara Jawa iki yen diwoco dadi ...

a)

a. Mangan kacang

b)

b. Mangan kwaci

c)

c. Mangan jagung

d)

d. Mangan dadar

11.

Sing dituku cacahe 3 dening Sartini, yaiku ..

a)

A. Beras

b)

B. Gedhang

c)

C. Gula

d)

D. Klapa

12.

Paraga kang duweni pakarti becik diarani paraga …. 

a)

A.    antagonis  

b)

B.     utama 

c)

C.     protagonis  

d)

D.    tambahan 

13.

Underan prakara kang dadi gagasan utama sajroning cerita diarani…

a)

A.      Paraga

b)

B.       Tema

c)

C.       Setting

d)

D.      Penokohan

14.

Gatekna pethilan crita ing ngisor iki!Swasana ing njaba saya peteng merga mendhunge saya kandhel malah banjur grimis. Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya akeh kaya luhe mboke Indra kang ora bisa kabendhung mrebes mili dleweran aneng pipine. Wengi saya peteng. Kahanan sepi nyenyet. Walang-walang kang biasane muni mbengengeng padha meneng. Kaya-kaya melu rumangsa wegah arep gegojekan. Unsur instrinsik kang digambarake jroning pethilan crita ing dhuwur yaiku…

a)

A.    Paraga

b)

B.     Tema

c)

C.     Setting

d)

D.    Penokohan

15.

Ing sawijing kutha ana saudagar sugih mblegedhu, usahane pirang-pirang, ana dedagangan, developer pomahan ing ngendi-ngendi papan, ekspor lan impor barang-barang  kerajinan, lan liya-liyane. Emane, si saudagar iki kondhang cethile. Dhuwit Rp 100,00 bae prasasat kudu dipetung tenan apa tuna lan bathine yen arep ditokake saka kanthongane. Mengkono uga yen katemben warga sakiwa tengene butuh prabeya kanggo kegiatan warga, si saudagar iki mesthi owel yen kudu ngetokake dhuwit kanggo mbiyantu. Petungane mesthi apa tuna lan bathine yen melu mbiyantu kegiatan warga.  Nuju sawijining dina, saudagar mau mulih saka kantore numpak montor, nyopir dhewe. Mampir restoran sedya tuku panganan karemane lan uga karemane sisihan lan anake. Wektu iku saudagar nggawa dhuwit cacah Rp 10 yuta diwadhahi kanthong kertas ing sakjerone tas.Amarga kelalen lan wis kepingin ndang tekan ngomah, sudagar mau lali nggawa tase kang didelehake ing meja sacedhake kasir. Nalika tekan omah, sudagar mau nembe kelingan yen mau nggawa tas isi kanthong kang sanjerone ana dhuwit bebathen dagangan cacah Rp 10 yuta. Wusanane ing ngomah ora sida mangan sea food sing dituku. Sawise sea food saka restoran dipasrahake sisihane, sudagar mau terus nggeblas tumuju kantor polisi. 

Miturut pethikan cerkak ing dhuwur, irah-irahan kang trep kanggo cerkak ing dhuwur yaiku ….

a)

A.    Saudagar kang sugih

b)

B.     Pikolehe juragan sugih

c)

C.     Saudagar sugih mblegedhu

d)

D.    Kauripane wong sugih

16.

“Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku …. 

a)

A.    mundhut, mundhut

b)

B.     mundhut, tuku

c)

C.     tumbas, tumbas 

d)

D.  mundhut, tumbas

17.

Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….

a)

A.    nedha, dhahar

b)

B.     maem, dhahar

c)

C.     nedha, nedha

d)

D.  dhahar, dhahar 

18.

Penulisan tanda baca koma yang benar dalam aksara Jawa adalah ...

a)

a . ꧉

b)

b. ꧈

c)

c. ꧇

d)

d. '

19.

Penulisan angka dalam aksara Jawa harus diapit oleh tanda ...

a)

a. ꧉

b)

b. ꧈

c)

c. ꧇

d)

d. '

20.

Drama kang njaga kawigatening kang nonton kanthi suspense kang kenceng, upamane tumindak kriminal utawa lelembut / horor diarani drama ...

a)

a. drama sejarah

b)

b. drama misteri

c)

c. drama horor

d)

d. drama action / laga

21.

Pacelathon kang ana ing ngarep drama diarani...

a)

a. monolog

b)

b. epilog

c)

c. prolog

d)

d. dialog

22.

Aku bocah enom kudu tansah nggatekake marang ajuning jaman supaya ora keri karo sapadha-padha. Ing bab iki kudu tansah nggatekake subasita, tumindak adhedhasar budi pekerti kang luhur. Sing diandharake ing pratelan iku tumrap para siswa manut panemumu yaiku ….

a)

A.      Saestu prayogi sanget dipungatosaken saha dipuntindakaken.

b)

 B.       Boten perlu dipunpenggalihaken, boten wonten ginanipun. 

c)

C.       Sae, naming boten kedah dipungatosaken awit amung damel repot. 

d)

D.      Boten cocog kaliyan kawontenan jamanipun, sampun kina penggalihan punika. 

23.

Cara kanggo nemtokake watak wantune paraga bisa didelok saka pranyatan ing ngisor iki, kajaba ...

a)

a. apa sing ditindakake paraga

b)

b. pocapan pocapane paraga

c)

c. katrangan langsung saka paraga liya

d)

d. kedadeyan ing sekitar paraga

24.

“Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun     sampun maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika kedah sekolah lan sinau supados  saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya menika rak satunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki dhalang,   bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.”Jlentrehe Palupi.   (Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi) .   

 Pethikan carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan .....

a)

a.       Amanat lan irah-irahan   paraga 

b)

b.      Tema lan setting 

c)

c.       Tema lan watak

d)

d.      Setting lan

25.

Bu Marni   : “Kepriye ndhuk, kowe gelem   ora?” 

Dewi       : “Kula jane boten radi cocog   Bu, nanging kula ajrih menawi   bapak   duka.”

Bu Marni  : “Ora cocog amarga apa   ndhuk? Apa merga bocahe wis tuwa?”

Dewi         : “Boten Bu, amargi kula sampun gadhah pilihan.”

 Pacelathon  sing dirembug Bu Marni lan Dewi babagan ….

a)

a.       Dewi ora cocog karo pilihane wong tuwane

b)

b.      Bu Marni lan Dewi wedi karo bapake

c)

c.       Bapake Dewi seneng nesu

d)

d.      Bu Marni pengin rabi