Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latian PTS B. JAWA

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

1.      Bocah anggone matur marang wong tuwa nganggo basa, iki ateges minangka…

a)

  kanggo nggaya

b)

  kanggo supaya dialem

c)

  kanggo njaluk kawigaten

d)

kanggo ngurmati wong tuwa

2.

Sliramu takon marang wong tuwa kang ana ing pinggir dalan…

a)

  Nuwun sewu Pakdhe, ajeng taken.

b)

Nuwun sewu Pakdhe, menawi kepareng kula badhe taken

c)

Nuwun sewu Pakdhe, menawi kepareng kula badhe mundhut pirsa

d)

Nuwun sewu Pakdhe, menawi kepareng kula badhe nyuwun pirsa

3.

Menawa ana kancamu kang melu lomba maca geguritan, banjur dheweke bisa oleh juwara, mula ukara pangalembana kang becik yaiku....

a)

Wah, apik tenan lehmu maca, ning yen ngono we aku ya isa.

b)

  Wah, apik tenan anggonmu maca, wicara, wirama, wiraga, wirasa jan trep, yen ana wektu, aku diwarahi ya!

c)

Wah, apik tenan anggonmu maca, wiramane apik, aku diwarahi ya.

d)

Wah, apik tenan suaramu, wiragamu apik uga, ning ra sah nggaya ya !

4.

Endi ukara kang bener manut unggah-ungguhe?

a)

Pak guru dereng rawuh.

b)

Pak guru dereng dhateng.

c)

Pak guru dereng mlampah.

d)

  Pak guru dereng dumugi.

5.

  Bab sing kudu disingkiri nalika srawung wong liya, yaiku....

a)

bisa ngregani wong liya

b)

aja umuk lan kumalungkung

c)

menawa luput becike enggal njaluk pangapura

d)

ora perlu ngajeni wong liya sebab wong liya ya ora ngajeni

6.

Nalika aku mangkat sekolah bapak lagi mangan. Menawa didadekake basa krama....

a)

Nalika kula tindak sekolah bapak nembe dhahar

b)

Nalika kula bidhal sekolah bapak nembe nedha

c)

Nalika kula bidhal sekolah bapak nembe dhahar

d)

Nalika kula mangkat sekolah bapak nembe nedha

7.

Ukara ing ngandhap menika ingkang leres unggah-ungguhipun inggih menika….

a)

Bapak nembe sare nalika rayi kula siram.

b)

Mangga nedha rumiyin, Bu !

c)

Simbah nembe siram dene Danar nembe nedha.

d)

Menawi Ibu badhe tindak kula kondur kemawon.

8.

Menawa sliramu kasep mlebu kelas, kepriye anggonmu matur marang gurumu?

a)

Bu, kula kasep, tak mlebu sik ya.

b)

Bu, nyuwun pangapunten!

c)

Nuwun sewu Bu, kula badhe mlebet.

d)

Nuwun sewu Bu, nyuwun pangapunten, kula kasep, menawi kepareng badhe ndherek wulangan.

9.

Anita  : “Griya kula Playen, lha …....pundi bu?”

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku...

a)

Griya panjenengan

b)

Omah panjenengan

c)

Dalem sampeyan

d)

Dalem panjenengan

10.

1.      Ukara ing ngisor iki kang nelakake kanggo tetepungan marang wong liya yaiku...

a)

Kepriye kabarmu?

b)

Kapan tekamu saka Wates?

c)

Ndherek nepangaken nama kula Galuh.

d)

Kepriye kabarmu? Apik-apik wae ta?

11.

Simbah ........ gendhis wonten peken.

Ceceg ceceg ana ing dhuwur kang trep dipunserat..

a)

Tuku

b)

Tumbas

c)

Mundhut

d)

  Mandhe

12.

Bu, nuwun sewu, nyuwun wekdal kangge wara-wara sekedhap!

Ukara ing dhuwur yaiku tuladha….

a)

njaluk pangapura

b)

njaluk idin palilah

c)

pangalembana

d)

menehi pangapura

13.

Tuladha basa ngoko lugu yaiku ……

a)

Bapak lagi tindak kantor.       

b)

Adhik lagi dolanan ana ing latar.

c)

Menapa sampeyan kala wingi kesah.

d)

Simbah mirsani ringgit tiyang wonten ing taman Sriwedari

14.

1.    Bu, menawi kepareng kula badhe ..... pirsa.

a)

Nyuwun

b)

Mundhut

c)

Tanglet

d)

Njaluk

15.

Wong kang ora duwe tatakrama ing bebrayan  bakal...

a)

dielokke utawa dicacat

b)

dialembana

c)

diwenehi hadiah

d)

ditresnani wong akeh

16.

Simbahku ora gelem mangan amarga lara untu. Ukara kasebut salah, dene benere….

a)

Simbah kula boten kersa dhahar amargi gerah waja

b)

Simbah kula boten kersa nedhi amargi sakit padharan

c)

Simbah kula boten kersa dhahar amargi sakit  padharan

d)

Simbah kula boten kersa dhahar  amargi sakit waja

17.

Pak lurah …….. pak dukuh tindak bale padukuhan

a)

ditimbali

b)

didhawuhi

c)

   diaturi

d)

dikengken

18.

Titikan pawarta kang becik yaiku bisa njalari pawongan pengin maca, ateges pawarta iku

a)

aktuwal

b)

faktuwal

c)

wigati

d)

narik kawigaten

19.

Unsur pawarta when (kapan) iku njlentrehke babagan….

a)

sapa paraga kang ana ing pawarta

b)

wektu prastawa iku kadadean

c)

papan kadadeane prastawa

d)

sebab musabab prastawa iku kadadean

20.

Salah satunggaling abdi dalem Kraton Ngayogyakarta, Aning Sunindyo, ngandharaken, jamasan pusaka dipun tindakaken kalih dinten, awit  wonten 200  pusaka ingkang kedah dipun jamasi.

Saka pratelan ing wacan 1 kasebut, tembung pitakon kang trep karo ukara kasebut yaiku…

a)

sapa, ngapa, apa, pira, kepiye

b)

  apa, sapa, ngapa, pira, kepiye

c)

sapa, kapan, ngapa, apa, kepiye

d)

apa, sapa, kapan, ngapa, kepiye

21.

Indikator tanggapan kang becik, kaya kang kasebut ing ngisor iki kajaba?

a)

Trep karo topic kang dirembug

b)

Asipat objektif

c)

Tanggepan dikantheni alasan

d)

Tanggapan kang diaturke nggladrah

22.

Pawarta kang becik iku kudu anyar. Tegese pawarta duweni sipat …

a)

Objektif

b)

  Faktual

c)

Aktual

d)

Cekak aos

23.

    Ingkang kalebet salam nalika mertamu yaiku....

      

a)

Nuwun sewu

b)

Kula nuwun

c)

Maturnuwun

d)

Nyuwun pangapunten

24.

  Nalika nampa tamu awake dhewe kudu nganggo klambi kang sopan kanggo...

a)

Ngurmati tamu lan awake dewe

b)

Pamer

c)

Wangun wangun

d)

  Supaya tamune ora kepenak karo awake dewe

25.

Nyemak pawarta saka media elektronik, kaya kang kacetha ing ngisor iki kajaba…

a)

Radio

b)

     TV

c)

  Kalawarti

d)

    Website