NEW
Font size
WorksheetsREMIDI BAHASA JAWA
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Geguritan gagrag lawas duweni paugeran ....
cacahing wanda saben sagatra ora katemtokake
cacahing wanda saben sagatra kudu padha
ora migunakake purwaka tembung “sun gegurit”
cacahing gatra utawa larik ora ditemtokake
Geguritan gagrag anyar duweni paugeran ....
diwiwiti kathi tembung “sun gegurit”
guru lagu ing kabeh pungkasaning gatra kudu runtut
cacahing gatra utawa larik ing saben pada ora tamtu
cacahing wanda saben sagatra ora katemtokake
Nalika maca geguritan kuwi nggatekake obahing awak kang diarani ….
wirasa
wicara
wiraga
wirama
Ndadekake wujud gancaran supaya bisa dimangerteni surasaning geguritan kanthi cetha diarani ….
geguritan gagrag lawas
geguritan gagrag anyar
parafrase
diksi
Gatekna pratelan ing ngisor!
(1) Diwaca kanthi swara banter
(2) Mengerteni isine
(3) Maragakake kanthi ekspresi kang trep
(4) Migatekake pocapan
(5) Diwaca kanthi polatan saepenake
(6) Maragakake kanthi niru patrape wong liya
Saka pratelan ing dhuwur, minangka cara maca geguritan kang trep katunjuk nomer ….
(1), (3), lan (4)
(2), (3), lan (4)
(2), (4), lan (6)
(4), (5), lan (6)
Basa rinengga kang kerep digunakake sajroning geguritan duweni teges ….
basa sing dipaes supaya dadi endah
basa kang alus
basa kang diganti tegese
basa kang ndakik-dakik
Sajroning nulis geguritan migunakake basa kang endah lan bisa negesi pirang-pirang kakarepan kanthi migatekake larasing uni. Babagan iki kaaran ….
surasa
swara
diksi
pada/bait
Nalika maca geguritan ora kena lugu kaya dene maca buku, nanging kudu ana intonasi lan ekspresi. Bab kasebut klebu ing maca ….
endah
pemahaman
seru
cepet
Maca endah ing geguritan duweni ancas yaiku ….
supaya dialem apik
sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan
supaya pamiarsa padha gumun
nemokake struktur lair geguritan
Paraga wayang ing gambar iki putra mbarep saka ….
Dewi Madrim
Dewi Kunthi
Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Madrim
Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi
Dasanamane Yudhistira kang duweni teges ora duwe mungsuh yaiku ….
Antarane Ajatasatru
Bharata
Dharmaputra
Gunatalikrama
Raden Yudhistira duweni watak kajaba ….
jujur
seneng cecongkrangan
ora seneng nesu
seneng ngalah
Lampu kang dianggo madhangi wayang yaiku ….
ajon-ajon
blencong
klanthe
jala-jala
Crita wayang klebu jinis wayang ….
narasi
deskripsi
eksposisi
argumentasi
Pembarepe Pandhawa yaiku ….
Bima
Nakula
Arjuna
Puntadewa
Arjuna iku satriya ing ….
Jodhipati
Maespati
Madukara
Sawojajar
Ing ngisor iki ora klebu dasanamane Puntadewa yaiku ….
Bayusuta
Yudhistira
Gunatalikrama
Darmasuta
Kadang Pandhawa kang ksatriyane mapan ing Bumiretawu yaiku ….
Sadewa
Bima
Arjuna
Nakula
Paraga wayang sing kondhang getihe putih amarga saka watake kang ora tau goroh yaiku ….
Puntadewa
Sadewa
Nakula
Arjuna
Permadi iku jeneng liyane saka ….
Yudhistira
Puntadewa
Sadewa
Arjuna
