wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wayang

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Unsur seni kang ora ana ing sajroning crita wayang yaiku...

a)

Seni Ukir

b)

Seni Teater

c)

Seni Musik

d)

Seni Vokal

e)

Seni Sastra

2.

Ing ngisor iki kang kalebu paraga wayang ing crita Mahabharata yaiku

a)

Kumbakarna

b)

Wibisana

c)

Dasamuka

d)

Bima

e)

Anoman

3.

Ing ngisor iki kang kalebu paraga wayang ing crita Ramayana yaiku

a)

Bima

b)

Kurawa

c)

Durna

d)

Kunthi

e)

Sinta

4.

Sanajan Punakawan (Semar, Petruk, Gareng lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Punakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani....

a)

Paraga

b)

Watak Paraga

c)

Latar

d)

Alur

e)

Pitutur

5.

Manut tata aturan ing sajroning karaton, kang gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarasta ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakone iku ngemot pitutur kang becik, yaiku....

a)

Aja rebutan panguwasa

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Negara kang adiluhung

d)

Ngalah dhuwur wekasane

e)

Nglengana marang kekurangane

6.

Tokoh wayang iki jenenge...

a)

Yudhistira

b)

Bima

c)

Arjuna

d)

Nakula

e)

Sadewa

7.

Tokoh wayang iki jenenge...

a)

Yudhistira

b)

Bima

c)

Arjuna

d)

Nakula

e)

Sadewa

8.

Tokoh wayang iki jenenge...

a)

Laksmana

b)

Rahwana

c)

Anoman

d)

Ramawijaya

e)

Kumbakarna

9.

Ing ngisor iki jinis wayang miturut mediane utawa bahane, kajaba...

a)

Wayang kulit

b)

Wayang golek

c)

Wayang madya

d)

Wayang klithik

e)

Wayang beber

10.

Bapake para pandawa yaiku ...

a)

Prabu Dhsetrarasta

b)

Prabu Pandudewanata

c)

Resi Bima

d)

Prabu Ramawijaya

e)

Begawan Abyasa

11.

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tembung duhkita tegese ...

a)

Seneng

b)

Bungah

c)

Isin

d)

Lara

e)

Sedhih

12.

Raden Kumbakarna kang gugur mbelani negarane, lan ora mbelani sedulure, saka crita kuwi nuduhake nilai ...

a)

Nasinalisme

b)

Mad sinamadan

c)

Tanggap ing sasmita

d)

Atut runtut renteng-renteng

e)

Cidra

13.

Nalika Pandhita Durna maju ing Bharatayuda, ora ana Pandhawa kang wani ngadhepi, amarga ngurmati yen piyambake iku gurune Pandhawa, saka crita kuwi nuduhake nilai ...

a)

Tanggung jawab

b)

Ngabdi mring negara

c)

Mad sinamadan

d)

Tanggap ing sasmita

e)

Keadilan

14.

Sanajan Nakula lan Sadewa kuwi dudu putra kandunge Dewi Kunti, nanging rasa tresna asih marang piyambake kuwi pada karo putra kandunge yaiku Yudhistira, Bima lan Arjuna, saka crita kuwi nuduhake nilai ... 

a)

Tanggung jawab

b)

Ngabdi mring negara

c)

Mad sinamadan

d)

Tanggap ing sasmita

e)

Keadilan

15.

Dumadakan ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pan­cen dumadi mung karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra kang jembar hangilak-ilak. Pethilan crita wayang kasebut nuduhake unsur instrinsik latar...

a)

Panggonan

b)

Wektu

c)

Kahananan

d)

Sosial

e)

Budaya

16.

Ing ngisor iki kang dudu ragam jinis/ gagrag wayang jawa Tengah yaiku...

a)

Wayang gagrag Surakarta

b)

Wayang gagrag Banyumasan

c)

Wayang gagrag Ponorogo

d)

Wayang gagrag Kedu

e)

Wayang gagrag Lasem

17.

Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina. Latar kahanan saka pethilan crita wayang kasebut yaiku...

a)

Priatin

b)

Seneng

c)

Kuwatir

d)

Tegang

e)

Sedhih

18.

Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake. Watak paraga wayang Sengkuni saka pethilan crita wayang kasebut yaiku...

a)

Tumbak cucukan

b)

Seneng maido

c)

Nista

d)

Jujur

e)

Tanggung jawab

19.

Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima. Watak paraga wayang Bima saka pethilan crita wayang kasebut yaiku...

a)

Tumbak cucukan

b)

Legawa

c)

Tanggung jawab

d)

Jujur

e)

Triman

20.

Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja. Pethilan crita wayang kasebut nuduhake unsur intrinsik babagan

a)

Tema

b)

Alur

c)

Penokohan

d)

Latar

e)

Amanat