wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Harian 2 Bahasa Jawa

Total questions: 80

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Desi ora seneng mangan Sate.

Ukara kasebut nganggo basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

2.

Basa kang wujud tembung-tembunge arupa tembung krama ora kacampuran ngoko utawa krama inggil, dene ater-ater lan panambnag uga krama diarani basa...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

3.

Basa krama alus/inggil dinggo dening....

a)

kanca sapdha

b)

wong tuwa marang anake

c)

guru marang muride

d)

anak marang wong tuwa

4.

Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko yaiku...

a)

aku arep lunga mancing

b)

kowe wis adus apa durung

c)

bapak tindak semarang nitih kereta

d)

anita lagi mangan sate

5.

Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....

a)

ngunjuk

b)

ngombe

c)

mangan

d)

dhahar

6.

Basa ngoko lugu lumrahe dianggo dening ....

a)

anak marang wong tuwa

b)

wong kang lagi tetepungan anyar

c)

murid marang guru

d)

wong kang wis pada tetepungan kanthi raket

7.

Basa Krama Inggile lunga, yaiku ....

a)

kesah

b)

lunga

c)

tindak

d)

pergi

8.

Mas Rudi arep siram siki apa engko?

Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

9.

Kondur basa ngokone yaiku ....

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

tindak

10.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....

a)

bapak sampun tindak datheng Yogyakarta

b)

kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?

c)

pak iwan saiki wis rawuh apa durung?

d)

irma ora mlebu sekolah jalaran lara.

11.

Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....

a)

Dilebokne malah metu

b)

Klambine dilebokne lemari

c)

Bukune dilebokne tas

d)

Klambine gak dilebokne

12.

Sega sakepel dirubung tinggi = ......

a)

salak

b)

nanas

c)

andha

d)

sulak

13.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

14.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

banyu

c)

lemah

d)

angin

15.

Duwe rambut ora nduwe endhas = ......

a)

jagung

b)

pari

c)

sulak

d)

nanas

16.

Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......

a)

sulak

b)

nanas

c)

salak

d)

andha

17.

Gajah numpak beccak ketok apane ? = .......

a)

gedhe

b)

ngapusi

c)

awake

d)

becake

18.

Jenenge padha karo rasane = ......

a)

keset

b)

legi

c)

asem

d)

pait

19.

Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani....

a)

cangkriman

b)

plesedan

c)

unen-unen

d)

paribasan

20.

Ing ngisor iki sing klebu wujude cangkriman yaiku....

a)

cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)

b)

cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude geguritan

c)

cangkriman sing wujude plesetan, cangkriman sing sinawung ing parikan

d)

cangkriman sing sinawung ing tembang, lan cangkriman sing awujud geguritan

21.

Dikethok malah mundhak dhuwur.


Batangane...

a)

sabuk

b)

clana

c)

pring

d)

nanas

22.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngoningone sang bupati

yen lumaku si pucung lambeyan grana.


batangane cangkriman kuwi...

a)

sepur

b)

sabuk

c)

gajah

d)

jun/wadah banyu

23.

Cangkriman "Pitik walik saba kebon" batangane ...

a)

salak

b)

nanas

c)

kates

d)

pring

24.

Cangkriman " bocah cilik nggendhong omah", batangane ...

a)

siput

b)

kodok

c)

jaran

d)

kucing

25.

Cangkriman uga diarani..

a)

Geguritan

b)

Pacelathon

c)

Parikan

d)

Bedhek bedhekan

26.

Burnaskopen, kalebu cangkriman..

a)

Wancahan

b)

Pepindhan

c)

Blenderan

d)

Bedhekan

27.

Ana kapal disawat watu bisa kelem,kira-kira gedhe apane?

a)

Gedhe kapale

b)

Gedhe sing nyawat

c)

Gedhe ndobose

d)

Gedhe watune

28.

Bapak pucung,renteng renteng kaya kalu

Dawa kaya ula

Penclokanmu wesi miring

Sing disaba si pucung mung turut kutha


Apa iku batangane?

a)

Klenthing

b)

Sepur

c)

Sabuk

d)

Gelang jam

29.

Bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira wiri si pucung nggawa barang lan manungsa

a)

Bis

b)

Sepur

c)

Montor miber

d)

Kapal laut

30.

Gambar iki batangane saka cangkriman ... .

a)

sega sekepel dirubung tinggi

b)

Wit adhikih woh adhakah

c)

Rasane padha karo jenenge

d)

Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong

31.

Saben dina Senen dianakake upacara bendera. Dina kramane . . . .

a)

dinten

b)

hari

c)

wanci

32.

Kelas loro baris ing lapangan sekolah. Loro kramane . . . .

a)

sekawan

b)

tiga

c)

kalih

33.

Bocah-bocah budhal sekolah kudu luwih . . . .

a)

mburi

b)

kari

c)

esuk

34.

Ing sakiwa tengene sekolahan akeh tanduran sing ijo royo-royo.

Tembung ijo royo-royo tegese . . . .

a)

ketel banget

b)

ijo banget

c)

akeh banget

35.

Iki gambar...........

a)

dolanan bal-balan

b)

dolanan neker

c)

dolanan dakon

36.

arane anak gajah yaiku........

a)

cemeng

b)

bledug

c)

angkrang

37.

Jaranan, jaranan, jarane, jaran teji.

Sing numpak ndara bei.

Sing ngiring para mantri.

Jrek jrek nong, jrek jrek gung.

Jrek jrek lurung.

Gedebug krincing, gedebug krincing.

Prog prog, gedebug jedher.


Sing numpak jaran yaitu ...

a)

ndara bei

b)

para mantri

c)

jaran teji

38.

Gambar ing nduwur ikur Vina lagi apa ?

a)

Sarapan

b)

Sinau

c)

Dolanan HP

39.

Buku harian gunane kanggo pangeling ....sing wis kepungkur.

a)

Kenangan/kedadean.

b)

Urusan/penggawean.

c)

Masa depan/Cita-cita.

40.

Ibu pirsa yen aku mecahke gelas nalika arep jupuk banyu ngombe. Aku ngucapake......

a)

Ibu, kulo nyuwun mimik.

b)

Ibu, kulo nyuwun pangapunten.

c)

Ibu, kulo nyuwun gelas.

41.

Aku ora sengaja nyuwekake bukuni zafi. Aku ngucapake.....

a)

Zafi, aku nyilih bukumu.

b)

Zafi, sepurane aku ora sengaja.

c)

Zafi, bukumu dak gawa.

42.

Sak iki banyu kali yen mangsa ketiga banyune asat.

Asat tegese........

a)

Mili.

b)

Garing.

c)

Bening.

43.

Yen mangsa ketiga bleduge mumbul tekan endi-endi.

Mangsa tegese......

a)

Mangan.

b)

Musim.

c)

Lakon.

44.

Pak Qesa ...koran,rikala aku......buku dongeng.

a)

Maos, maca.

b)

Maos, gowo.

c)

Maos, moro.

45.

Saben dina Senen dianakake upacara bendera. Dina kramane . . . .

a)

dinten

b)

hari

c)

wanci

46.

Srengengene wis meh angslup ing pojok ....

a)

Kulon

b)

Etan

c)

Kidul

47.

Anggone menehi pitulungan iku tulus saka jero ....

a)

Awak

b)

Kuping

c)

Ati

48.

Piranti kanggo kerja bakti yaiku...........

a)

Buku lan bolpen

b)

Sapu lan sulak

c)

Tas lan garisan

49.

Pandhawa iku cacahe ana...

a)

5

b)

4

c)

3

50.

Buku harian gunane kanggo...

a)

nulis kedadean saben dina

b)

nulis dongeng

c)

nulis pawarta

51.

Joko mangan gedang.

Ukara tanduk ing dhuwur diowahi dadi ukara tanggap, yaiku ....

a)

Gedang pangan Joko

b)

Gedang dipangan Joko

c)

Gedanga pangan Joko

d)

Gedang pangana Joko

52.

Budi tuku buku.

Ukara tanduk ing dhuwur diowahi dadi ukara tanggap, yaiku ....

a)

Buku dituku Budi

b)

Buku tukua Budi

c)

Bukua tuku Budi

d)

Buku takakna Budi

53.

Rini numpak sepur.

Ukara tanduk ing dhuwur diowahi dadi ukara tanggap, yaiku ....

a)

Sepur tumpaki Rini

b)

Sepur ditumpak Rini

c)

Sepur ditumpaki Rini

d)

Rini numpaki sepur

54.

Aku mangan sego goreng.

Ukara tanduk ing dhuwur diowahi dadi ukara tanggap, yaiku ....

a)

Sego goreng dak pangan.

b)

Sego goreng dipangan aku

c)

Sego goreng kok pangan

d)

Sego goreng dipakani aku

55.

Kowe ngumbah sepedhah ing mburi omah.

Ukara tanduk ing dhuwur diowahi dadi ukara tanggap, yaiku ....

a)

Sepedhah dak umbah ing mburi omah.

b)

Sepedhah kok umbah ing mburi omah.

c)

Sepedhah dak umbah aku ing mburi omah

d)

Sepedhah diumbah kowe ing mburi omah.

56.

Latare lagi disaponi Susi.

Ukara tanggap ing dhuwur diowahi dadi ukara tanduk, yaiku ....

a)

Susi lagi daksaponi latare.

b)

Susi lagi kok saponi latare.

c)

Susi lagi nyaponi latare.

d)

Susi nyaponi latare lagi.

57.

Pitike lagi dicekel Jono.

Ukara tanggap ing dhuwur diowahi dadi ukara tanduk, yaiku ....

a)

Jono lagi dicekeli pitike.

b)

Jono lagi dak cekeli pitike.

c)

Jono lagi nyekel pitike.

d)

Jono lagi kok cekeli pitike.

58.

"Becik ketitik ala ketara", tegese paribasan iku yaiku ....

a)

wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga.

b)

tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong sarana kongkonan

c)

pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati

d)

tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine

59.

Ali-ali mata telu

Aja lali pada....

Tembung kang becik kanggo njangkepi parikan kuwi yaiku ....

a)

sinau

b)

gula tebu

c)

payu

d)

turu

60.

"Anak polah bapa kapradhah", tegese paribasan kuwi yaiku ....

a)

tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine

b)

pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati

c)

wong tuwo nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga

d)

Rukun agawe santosa crah agawe bubrah", tegese wong utawa negara kang rukun bisa dadi kuwat dene yen cecongkrahan njalari ringkih gampang dijajah

61.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

62.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur grembug bab .........

a)

banyu sumber penguripan

b)

banyu kali kang resik

c)

limbah omahan

d)

banyu resik ing ngendhi-endhi

63.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

64.

Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?

a)

banyu kali kena polusi

b)

akeh wit-witan ing pinggir kali

c)

wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori

d)

wis suwe ora udan

65.

Akeh segara kang saiki dadi reged. Babagan iki amarga ...............

a)

banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara

b)

kali-kali kang ana wis padha asat

c)

ora an wit-witan ing pinggir-pinggir kali

d)

larahan lan limbah ana ing ngendhi-endhi

66.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

fabel

67.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

68.

Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........

a)

persuasi

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

69.

Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........

a)

ukarane mamerake

b)

ukarane nyenengake

c)

ukara mentes

d)

ukarane ngujuk-ujuki

70.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

71.

"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

72.

Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........

a)

iklan

b)

pawarta

c)

gambar carita

d)

slogan

73.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ............

a)

ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen

b)

oksigen bisa nyehatake paru-paru

c)

tanduran kang mridhuksi oksigen

d)

panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen

74.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Kang ngasilake oksigen yaiku ..............

a)

kewan ingon-ingon

b)

banyu kang resik

c)

tanduran sing subur

d)

manungsa

75.

Tembung mrodhuksi padha tegese karo tembung ..........

a)

nambahi

b)

ngasilake

c)

ngurangi

d)

ngurakapi

76.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......

a)

ngundhuh wohing pakarti

b)

lemah longsor mendhem puluhan omah

c)

ayo njaga lestarine alam!

d)

banjir nrajang pirang-pirang desa

77.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

78.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

79.

Cacahe gatra saben sa pada diarani .........

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru saka

d)

guru lagu

80.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat